Jumat, 24 Maret 2017

KISAH PANEMBAHAN PURBOYO MENUNDUKKAN PALEMBANG

Kanjeng Panembahan Purboyo gentos sumedyo damel kaelokan

Kacarito Kanjeng Panembahan Purboyo senopati gegedug ing Mataram keagungan penggalih gentos bade damel keelokan. Damel kecelike ingkang putro Sri Narendro.

Ndilalah Kanjeng Panembahan tampi ature abdi dalem tamping menowo Sultan Palembang arso nglurug mring Mataram. Ubo rampening perang pepak mawarno warno, sak liyane gegaman kang landep2 ugo yoso bedil lan meriam kang gede2, mimis bedil meriam kagawe soko mawarno warno jenising tosan, awit mireng Yen menowo Sultan Agung sak wadyobolo pancen pilih tanding ing peperangan. Sri Noto lan ingkang Uwo senopati perang sekti mondroguno saget mabur tanpo elar.

Mulo sang Senopati Panembahan Purboyo arso tindak menyang Palembang anawur pekatik, ijen tanpo rowang kanti dedemitan.

Sak tekane ing Palembang sang Panembahan banjur naliti kukubaning Palembang. Nuli anjujug papan panggonaning tukang pande. Kanjeng Panembahan ngungun sak lebeting nggalih mirsani akehing kang podo nyambut gawe, dene kang digarap amung arupo pirantining perang sarto podo rerasan bab negoro Mataram. Sang Panembahan banjur nyelaki empu kang lagi podo gawe meriam lan mimis.. dene wong2 mau ora podo ngerti Yen kelebon telik sandi poyo.

Sak suwene Sang Panembahan memirsani karo ngudoroso nganti keprungu kang podo lagi nyambut gawe "mowo-mowo coro iku pancen nyoto temenan, dene ing kene Yen gawe mimis ndadak di cetak barang, dene nggon panggonan ku ora mangkono iku" wong kang cedhak karo sang Panembahan celatu sarwi gumuyu " iyah kisanak iki teko aneh". Sang Panembahan " lha inggih.... awit panggenan kulo Yen damel mimis inggih timah Sing umeb niku lajeng di caruk2 mawi tangan kemawon lajeng di glintir kados damel wedhak niko,nyatane mung kalah alus, nanging langkung cepet".

Salah sawijining wong mau banjur ono kang pitakon mungguh deweke iku wong ngendi lan sopo arane, dene biso kodjah koyo mangkono iku. Panembahan mangsuli bilih piyambake Pak Djadug saking tlatah Mataram kang seneng ngulandoro sak paran2.

Wong2 mau ora podo ngandel marang omongane Pak Djadug mau, mulo banjur dicobo dikon ngglintiri timah kang lagi Murub mulak2 tanpo piranti.sang Panembahan Nuli tumandang gawe, dene hasile luwih akeh tinimbang Yen di cetak, mulo wong2 banjur ngrubung piyambake. Panggede ne wong2 mau nesu banget bareng weruh kahanan kang koyo mangkono mau sarwo ngendiko"seran alasan Mataram dene adol gemblung nggiyarake sulao ing kene,opo boyo telik sandi poyo lan sopo jenengmu" midanget pangucape penggede mau.. pak Djadug api-api sajak wedi kanti mundur mepet2 ngunduri meriam kang gede2 mau nganti podo gepeng.

Penggede mau sansoyo duko yayah sinipi, banjur dawuh marang kabeh punggowo... budi kadawuhan ngrampungi, bonggo dikon mruwoso. Poro punggowo berbarengan ambyuk wani. Ananging Kanjeng Panembahan banjur mletik meriame kagawe anjlok di arahke marang poro punggowo mau, kanti aris ngendiko "heh poro prajurit ing Palembang.. sarehne kowe arep gawe cintrakaku, mongko aku ora gawe duso marang siro kabeh... ayah suwargo ginawe ayu... tampanono meriam iki"

Bareng poro prajurit sumurup kadibyane Sang Panembahan kang mowo bowo kaluhurane,satemah podo ndeprok tanpo doyo ilang sedyane.dene kang ora lumpuh podo mlayu nggendring caos uningo mring kepatihan.

Rekyono patih Nuli unjuk atur mring Sultan Palembang ing purwo madyo wasono. Ki Patih lajeng kadawuhan nedaki matitisake mungguh kepiye kahanane.

Sak tekane ki Patih ing ngarso Panembahan Nuli ndangu"duh kisanak djanmo tamping ing Mataram... menopo sebabipun dene ngantos dados dredah puniko???" pak Djadug Nuli ngandarake kahanan mau.. Ki Patih banget ngungun ing penggalih.. Wusono Pak Djadug di sowanake mring Sultan Palembang.

Sultan Palembang banget ngungune marang Pak Djadug... dene ora murwat marang dedeg piadege lan sandang penganggone... kok biso gawe dredah ing Prodjo Palembang.

Sarehne Pak Djadug ora kanti njarak anggone gawe rusaking meriam mau. Mulo saguh mulihake koyo wingi uni. Sak wise meriam kang podo rusak diadepake. Sultan Nuli dawuh mulihake.. sultan banget ngungune dene meriam pulih koyo wingi uni cukup nganggo tangan kanti mayar.

Mulo Sang Sultan tuwuh panyokrobowo ojo2 iki telik sandi soko Mataram. Mulo Sultan banjur paring dawuh supoyo nedahake tanah pernahe prodjo Mataram. Awit Sultan arep utusan pepatihe marang prodjo Mataram sowan Sri Noto mbekto pusoko nagari Palembang awujud selo puruso adji, tiggalane leluhur dalem prabu browijoyo ing mojopahit duk ing uni. Kang katompo soko Prabu Bathoro Katong ing Ponorogo.

Dene ing sak mengko menowo Sang Noto ing Mataram biso mecah pusoko mau, Sultan Palembang bakal nungkul kanti aris.

Sang Panembahan Purboyo midanget ngendikane Sultan Palembang banget trustho ing penggalih soho mangayu bagyo.

Sultan Palembang banjur dawuh marang Patih lumarap mring Mataram ngasto pusoko puruso adji mau kanti ngirit wadyobolo kang tangguh2 ing ngayudo

Ora Kacarito tindake Ki Patih sak wadyobolo tumeko ing tanah jowo kanti rancak amuli banjur totototo podo masanggrah.

pusoko sigar ginarit ing kuku

Pepatih Palembang sak punggowone podo musyawarah kepiye mungguh kepenake kang dadi laku, anuli sang nawur lampah inggih pun Pak Djadug sumelo atur "duh Kyai Patih... amargi kulo bade gadah perlu sekedik, amung cekap semanten kemawon anggen kulo caos pitedah,ampun ngantos nyimpang saking ancer2 wau,lan malih ampun ngantos keseso marak ngarso Noto Mataram awit totocaranipun kedah sowan senopati nipun rumiyin.. lajeng mangke kasowanaken Sri Narendro, dene ingkang dados senopati perang inggih puniko uwakipun Kanjeng Sultan ingkang Asmo Kanjeng Panembahan Purboyo "

Kyai Patih nyaguhi opo kang dadi ature, nuli Pak Djadug ndisiki tindake kundur mring prodjo Mataram.

Let udokoro telungdino Kanjeng Panembahan ngrasuk busono kasenopaten arsip mbebedug dikanti abdu sakwetoro ing demi pethuk. Sang Panembahan masanggrah ing deso kono sak pinggiring dalan murih gampang anggone mapakake Pepatih Ing Palembang sak wadyobolo.

Kacarito tindake Kyai Patih Palembang liwat ing kono ngirid pusoko selo puruso adji Ka gotong ing wong telung puluh loro, senajan gedene mung sak tumpeng kang winadhahan gendogo kencono kang jinempono adi. Sinongsongan pitu sisih, di jajari tombak ing ngarep selawe sisih, andadeake ngungune kang podo mirsani. Kabeh poro iber2an kang mabur ing sak nduwure pusoko mau podo tibo luntak ludiro mati sak naliko.

Dene kang podo ngirid podo rerasan "mohal Yen Sultan Agung biso mecah pusoko iki, selagine ngasto wae mesti ora biso " dene kang liyane podo nyambungi"e mesti kemawon. Ayah djamune mawon nopo saget damel tawaring pusoko niki"

Ora ganti suwe arak2an mau tekan deso pethuk liwat sak ngarepe pesanggrahan Sang Panembahan banjur kaendeg mring prajurit kang podo ngadang. Patih Palembang nuli pitakon mungguh opo darunane ngendeg lakune. Poro prajurit Matur Yen menowo kautus Senopati Mataram.

Patih Palembang nuli enget opo pawelinge Pak Djadug. Banget bungahe dene kebeneran pinanggih Sang Senopati kang lagi masanggrah... banjur mundut supoyo kalarapake

 Ing ngarsane Sang Senopati.

Patih Palembang nuli katimbalan lan banjur asung pangabekti. Sang Senopati nuli ndangu sopo lan soko ngendi sangkane duwe sedyo opo... Kyai Patih Matur waloko mungguh kang dadi sedyane.

Sang Panembahan midanget ature Kyai Patih banjur ngendiko sarwi mesem, menowo ruwet rentenging prodjo Mataram iku wus di pasrahake marang piyambake, mulo bab iku cukup marang sang Senopati. Awit Sang Noto amung Sak dermo djumeneng wae.

Mulo bab iku cukup sang Senopati. Dene Yen mengko sang Panembahan ora biso mecah pusoko mau... ugo arep ngunjukake marang Sang Narendro. Patih Palembang Matur sendiko sarwi tumungkul.

Poro utusan soko ing Palembang podo gumun weruh sang Senopati... teko muncar2 mowo tejo kang mblerengi.

Gumun maneh wewujudane  Senopati wus plek karo Pak Djadug.. mung kacek rodo pupuk Sang Senopati. Upomo dadi sedulure Pak Djadug wus koyo jambe Sinigar. Poro utusan podo ngiro Yen kang ngaku Pak Djadug iku ora liyo iyo Sang Senopati iki.

Kanjeng Panembahan nuli mundut supoyo pusoko mau kaaturake bakal di pirsani.

Gendogo kencono banjur dibukak.. pusoko kapundut sarto ka umbul2ake.

Poro punggowo ing Palembang podo eram dene pusaka ne kang di pundi2 biso tawar.

Kanjeng Panembahan Purboyo nuli ngendiko " sumawi Kyai Patih ing Palembang sak wadyobolo... kulo aturi mirsani ingkang pramono. mbok bilih Gusti ALLOH amarengake.... kulo sigare pusoko kagungan Ratu Djengandiko" watu nuli ginarit ing kuku, kapadalaken mring dengkul sigar byak dadu loro.

Ing kono wadyobolo soko Palembang podo gumun, ing ati podo kroso miris tumungkul konjem ing bantolo.

Kanjeng Panembahan nuli ngendiko kanti arus "duh kisanak kulo saking Palembang,ajwo samyo maras mawi kuwatos bilih Nagari Panjenengan sampun dados bagianipun Nagari Mataram, awit Urip niku kudu Sugih mitro utomo kang soyo memahi roso lan Rahardjaning Prodjo ".

Sak rampung ipun patembayan Sang Panembahan nganaake androwinan sesuguhan sak wernaning dedhaharan di dawuhi ngladosake kabeh.

Kabeh pori prajurit ing Mataram lan Palembang seneng anggone ngrahapi dedhaharan mau. Opo maneh punggowo soko Palembang, kanti ngungune ati, dene semono kaluhurane penggalihe Sang senopati.

Sak rampung ipun androwinan Sang Senopati karso maringake bebungah marang pori punggowo ing Mataram lan Palembang awujud sandang lan arto kanti waroto ora ono bedane. Poro utusan Palembang podo ngungun mring Sang Senopati gegedhug ing Mataram kang prawiro sekti mondroguno ambeg poromarto berbudi bowo leksono.

Sak rampunge androwinan Sang Panembahan nuli nemtoake kapan anggone Sultan Palembang sowan mring prodjo Mataram. Dene selo puruso adji kang separo kaleboake ing Gendogo supoyo kaampil kundur Kyai Patih marang Palembang. Kang separo maneh ka ampil Sang Panembahan kundur mring Mataram. Wusono banjur podo budhal sesowangan bali marang pradjane dewe-dewe.

Sak kundure Ki Patih Palembang marak ngarso dalem Sultan ngaturake mungguh kahanane anggone lumarap mring prodjo Mataram. Lekas buntas ora ono kang kecer. Sultan Palembang mupus mring pepesthen mbok menowo pancen wus tinakdir Palembang nungkul mring Mataram. Banjur mirsani pusoko kang mung gari separo mau.

Kanjeng Sultan banget ngungune dene ing kono tinemu cirine Sastro dadi pratandaning prodjo.. Mulo nambahi sumelehing atine Kanjeng Sultan.

Bareng wus tekan titiwancining kang katemtoake Sultan Ing Palembang banjur sowan mring prodjo Mataram caos bulu bekti sarto milih dwiponggo kang pantes Kanggo klangenaning Noto kanti kairid wadyobolo.

Sak tekaning tlatah Mataram kang kaliwatan podo geger sak naliko lan podo ngungsi mring prodjo.

Wartane nganti tumeko prodjo. Wusono kang tinanggenah anjagi katentremaning prodjo unjuk atur mring ngarso Noto.

Naliko iku ing bangsal agung Sang Noto lagi lenggah siniwoko ing dhampar kaadep kabeh poro punggawaning prodjo ander ngebaki pasewakan nganaake pirembagan bab kapradjan.

Midanget ature abdi dalem prajurit kang pinatah wau. Sri Noto kaget ing penggalih nuli dawuh siap siaganing perang.

Sareng caos uningo lan kepiye prayogane marang ingkang Uwo senopati ananging Sang Senopati sajak ayem wae. Mulo Sri Noto sajak oneng penggalihe nuli mundut pirso kepiye mungguh kang dadi sak nyatane bab iku mau. Mulo Sang Senopati banjur atur uningo bilih estunipun puniko Sanes  kraman. Mbok menawi amung sowanipun Sultan Palembang kang bakal konjem nungkul kanti aris mring ngarso Noto.

Sri Narendro sakkalangkung suko sarto gawok ing penggalih sarto gadah panyokrobowo bilih ingkang nelukake Sultan Palembang Sang Senopati piyambak. Kangge nimbangi naliko piyambak ipun nglurug dateng Banten njajak wewenanging senopati duk ing uni.

Sak rawuhe Sultan Palembang ing ngarso Noto sak wadyobolo katampi Kanjeng Sultan Agung kanti reno ing penggalih.

Bulu bekti nuli di aturake pisunsung kang diaturake pepak sarwo edi, gajah emas,menjangan emas banyak emas kate emas lan liya2ne kagewe soko kencono. Klangenan titihan dwiponggo kang gede tur prayogo ugo diaturake.

Sultan Palembang banjur angaturake prasetyane. Sultan Agung nampi prasetyane mau kanti reno ing penggalih.

Teng batos sanget mengalembono marang ingkang Uwo dene saget nelukake kanti piyambakan tanpo rowang.

Pasewakan nuli di bubarake Sang Noto kundur angedhaton. Dene Sultan Palembang kundur mring pradjane dewe.

Anggone podo nelukake prodjo tanpo rowang mau ndadeake eraming poro kawulo lan monco negoro. Mulo banjur soyo mundak kuncaraning prodjo. Kinajrihan ing parang muko. Satemah ndadeake tentreming prodjo.

Ing candake Kyai Pengulu mbeber kadigdayane

Tidak ada komentar:

Posting Komentar