Translate

Jumat, 02 November 2018

KYAI AGENG JEJER (PANEMBAHAN SUROPROBO)

Pesarean Mbah Kyai Ageng Jejer alias Panembahan Suroprobo dumunung wonten ing dusun jejer II kalurahan Wonokromo Kecamatan Pleret Kalebet wilayah Kabupaten Bantul

Wilayah punika dipun nameni jejeran jalaran Papan punika sumarenipun satunggaling Ulama Agung lan misuwur ingkang cikal bakal utawi ingkang babad kawitan papan wilayah punika.

Ingkang miturut dongèngipun masyarakat
Nalika seda Panjenenganipun Kyai Ageng Jejer tetep Jumeneng ngasta teken wonten ngandhap wit blimbing.

Gegandhengan Ulama punika mboten dipun mangertosi asmanipun lan sedanipun makatên lajêng papan punika dipun nameni Jejeran..

Perlu Kawuningan bilih Kyai Ageng Jejer punika estunipun tasih wayah buyutipun Simbah Kanjeng Sunan Ampel Surabaya utawi Sayyid Ahmad Rahmatillah lan dipun têrangakên bilih Kyai Ageng Jejer punika kalebet turunipun Kanjeng Sunan Ampel ingkang kaping Enem. Kyai Ageng Jejer punika wayah bibi saking Nyai Ageng Pemanahan ing kitha Ageng, jalaran Kyai Ageng Jejer punika putranipun Kyai Ageng Juru Mertani utawi Patih Mondoroko ( patih Mataram kapisan)
Kyai Ageng Juru Mertani Kagungan sederek putri Ingkang dados garwanipun Kyai Ageng Pemanahan.

Kacarita Kyai Ageng Jejer punika Satunggaling Ulama Ingkang Misuwur, inggih jalaran Panjenenganipun punika menawi Da'wah Nibaraken Agami kanthi thokleh, mucalan Agami dipun wedharaken kanthi gamblang punapa wontenipun ingkang dados remenipun ingkang mirengaken. Wucalan Agami ingkang dipun wedharaken ngimenaken babagan Tauhid lan lumaksanipun rukun Islam ingkang gangsal.

Menawi sedanipun Kyai Ageng Jejer tetep Jumeneng kanthi ngasta teken wonten ngandhap wit blimbing punika estunipun namung pralambang. Teken punika pralambang ke-Esaan Allah Ta'ala.

Uwoh blimbing ingkang gligiripun gangsal minangka pralambang rukun Islam ingkang gangsal , Kyai Ageng Jejer Seda kanthi tetep taqwa dumateng Gusti Allah Ta'ala sarta tetep ngugemi Agami Islam, kados ingkang dipun wucalaken dateng masyarakat, Kyai Ageng Jejer Mboten seda jumeneng wonten uwit blimbing, ananging seda kanthi nilaraken wasiyat supados tetep Taqwa dumateng Pengeran lan tetep ngugemi Agami Islam ngantos dumugining pejah.

Putra putrinipun Kyai Ageng Jejer utawi Panembahan Suroprobo ingkang bajeng dipun pundhut garwa Sinuwun Kanjeng Sultan Agung Hanyakrakusuma lan Kawisudha dados Kanjeng Ratu Kilen ,dados Kyai Ageng Jejer punika marasepuh dalem Sinuwun Kanjeng Sultan Agung Hanyakrakusuma /Sultan Abdullah Muhammad Maulana Matarami

Mekaten sekedhik riwayat lan sujarah ipun Kyai Ageng Jejer kirang langkungipun​ nyuwun agunging pangapunten...

Tidak ada komentar:

Posting Komentar