Kanggo saperangan kaum muslim, panampa ngenani ramalan bakal antuk panyaruwe kang maneka warna lan bisa ndadekake anane adu panemu. Kabeh mau amarga wis cetha lan gamblang banget panemu Islam ngenani ramalan saka babagan supranaturale. Umat Islam antuk larangan ngenani pangarep kang saka jinis undian uga ramalan. Nanging ing kene ora ngenani ramalan kang ilmiah kanthi metode hipotesis utawa kaya ramalan kelayakan bisnis lan sapiturute, nanging mligi marang ramalan kang asipat klenik utawa tumindak kebatinan. Akibat saka ramalan mau bisa beda-beda tumrap manungsa kang percaya. Nanging umume, ramalan nggawe manungsa mung kajebak ing angen-angen wae lan bisa uga kalebu ing wilayah musyrik.
Nanging kudu dimangerteni yen ta ing kasunyatan ngenani ngrembakane ramalan, wayah-wayah iki malah sansaya dipercaya lan malah digandrungi masyarakat. Saya canggih piranti teknologi, penake anggone nglakoni urip, lan informasi kang jembar kang gampang antuk ora agawe kapercayan marang ramalan mau saya ilang. Ramalan malah digawe ngisi kalodhangan jiwa manungsa modheren saka kuranging daya spiritual utawa rohanine. Ramalan wis ora maneh gandheng karo dupa lan kemenyan, kartu tarot, bola Kristal utawa barang-barang kang dianggep sekti liyane. Nanging malah ngrembaka ing piranti komunikasi elektronik kang beyane murah kanggo masyarakat.
Ing masyarakat kalangan tengah menyang ngisor, ngrembakane ramalan dipratandhani karo saya kuwate kabar-kabar lawas ngenani tataran jaman. Kahanan owahing urip ing masyarakat kang terus antuk pacoban urip, kiris kemanusiaan lan dekadensi moral, ndadekake angen-angen ngenani “Ratu Adil”. Lan lumrahe ramalan kang dadi playune manungsa kanggo pangarep-arepe.
Kanggo saperangan masyarakat Jawa miligine, ramalan Jayabaya utawa Jangka Jayabaya, kalebu ramalan kang dianggep nduweni panjangka kang trep marang kahanan saiki lan sabanjure ngenani pratandha pangrembakane jaman. Ramalan iki uga sering diuja-uja minangka gegambarane urip ing mangsa tembe kang cetha lan jelas. Nanging anehe, masyarakat percaya marang ramalan Jayabaya iki umume ora mangerteni saka sumber Ramalan Jayabaya kang baku. Kabeh percaya marang ramalan Jayabaya among saka sumber kang kurang bisa ditanggungjawabake. Utawa kadhang kala mung saka kabar lambe utawa jarene wong. Nanging uga ana kang nolak ramalan Jayabaya, umume adhedhasar pengetahuan utawa kajiyan kang cetha. Lan uga ana amarga wis nduweni sikap antipati marang ramalan, lumebere marang ramalan Jayabaya kang dianggep negatif.
Anane pnulisan iki ora mung kanggo ngupaya ramalan bisa dibenerake, nanging kanggo kajiyan ngenani hakikat saka ramalan Jayabaya mau. Saengga mengko bisa cetha sikap lan tumindake masyarakat kanggo ngadhepi ramalan kanthi dhasar kang cetha. Ora mung jarene wong. Lan kaangkah supaya masyarakat kang nampa lan nolak ramalan Jayabaya ora mung adhedhadar jarene wong wae, nanging kanthi dhasar kang kuwat.
Perlu dimangerteni yen ta Ramalan Jayabaya minangka kumpulan ramalan kang kawentar ing kalangan masyarakat Jawa. Ramalan iki kasebut kanthi istilah Jangka Jayabaya. Ramalan Jayabaya iki dinilai nduweni ketrepan kan pas marang kahanan mangsa tembe dening masyarakat Jawa. Kanthi cara liya bisa diarani yen ta saperangan wong Jawa banget anggone percaya marang Jangka Jayabaya minangka gegambarane mangsa tembe.
Jangka Jayabaya nduweni jinis kang akeh, udakara ana sangan jinis utawa versi. Umume kitab-kitab ngenani ramalan Jayabaya iki minangka asil karya abad XVII utawa XIX Masehi. Saka ragam versi mau, rata-rata nduweni idhe lan gagasan kang meh padha utawa padha. Mbok menawa babagan iki amarga babonane versi yaiku kitab kang sinebut Musarar utawa Asrar. Mula saka kuwi ING TULISAN IKI mung diwatesi ing kajiyan adhedhasar Serat Pranitiwakya Jangka Jayabaya wae. Kitab iki dipercaya minangka karangane Raden Ngabehi Ranggawarsita. Serat Pranitiwakya iki bisa makili ramalan Jayabaya kanthi wujud kang luwih ringkes lan bisa dimangerteni kanthi gamblang.
Jayabaya kang dikarepake ing Jangka Jayabaya ora liya yaiku Prabu Jayabaya raja Kediri kang dianggep nduweni kapinunjulan kang banget babgan ngramal mangsa ing tembe. Jeneng Prabu Jayabaya dheweuga dadi dhasar pamikiran ngenani Ratu Adil. Anane Prabu Jayabaya digayutake karo panitisane DEwa Wisnu kang pungkasan ing Tanah Jawa. Prabu Jayabaya diandharake urip ing swasana Hindhusisme sawijining raja agung kang urip ing jaman iku kang digambarake nduweni gegayutan karo mistik, minangka wujud inkarnasi Dewa kanggo njaga lakuning urip ing masyarakat utawa mayapada (bumi).
Nanging kang dadi pesen utama kanga rep diandharake ing ramalan Jayabaya ngenani tokoh Jayabaya, sanyatane malah ora nggayutake marang Hindhuisme. Ing Serat Praniti Wakya, Prabu Jayabaya digambarake minangka pawongan kang wus nduweni keyakinan ngenani Islam. Lan ing Serat Jayabaya versi liyane digambarake yen ta Islam kang paling cedhak marang nabi yaiku Islame Prabu Jayabaya.
“Yen Islama kadi Nabi, Ri Sang Jayabaya…”
(yen kepengin ngerti Islam kang nyedhaki Islame Nabi Muhammad saw, wong kuwi yaiku Sang Jayabaya).
Gambaran Islam kang dianggep paling apik iki, yen ta pancen bisa kedaden, bandhingane yaiku praktek agama Hindhu kang mayoritas ing masyarakat mangsa iku. Mula saka kuwi Prabu Jayabaya dianggep minangka tokoh muslim kanthi praktek Islam kang paling apik yenta dibandhingake marang manungsa ing mangsa iku kang isih tumindak ajaran Hindhu.
Gegayutan karo Keislaman Prabu Jayabaya, Serat Praniti Wakya ngandharake yen ta Raja Kediri kasebut merguru Maulana Ngali Syamsujen kang asale saka Negara Rum. Kang dimaksud saka tokoh kasebut ora liya yaiku Maulana ‘Ali Syamsu Zein, pawongan sufi kang kira-kira asale saka Damaskus. Prabu Jayabaya digambarake Serat Praniti Wakya minangka pawongan kang taat lan patuh nindakake ajaran agama Islam kasebut.
Banjur apa keislaman Prabu Jayabaya kang urip ing swasana jaman Hindhu iki bisa ditanggungjawabakae kanthi kang murni? Babagan iki minangka masalah kang angel banget digoleki kabenerane. Sebab ora pati akeh bahan kang bisa digunakake kanggo ngrekonstruksi uriping agama ing mangsa Prabu Jayabaya. Malah ora sithik kang nggambarake yen ta Prabu Jayabaya ora liya mung tokoh fiktif utawa ora nyata. Tulisan kang akeh ragame ngenani Jangka Jayabaya, umume ngrembaka nalika Islamh ngrembaka minangka ajaran ing masyarakat. Nanging kabeh mau sing wigati kanggo dimangerteni utamane masyarakat kejawen, yen miturut Serat Praniti Wakya ngenani Jangka Jayabaya, Jangka jayabaya dudu duweke aliran kejawen, sebab serat iki adhedhasar daya pangaribawa Islam.
Gegayutan karo anane penganut Islam kang diyakini mangsa Jayabaya ora dadi bab kang mokal. Prabu Jayabaya diyakini urip ing mangsa abad XII, ing mangsa antarane tahun 1135 lan 1157 Masehi. Dene ing mangsa sadurunge, yaiku mangsa pamarintahane Erlangga, XI, di Leran, udakara 8 (wolung) kilometer saka Gresik, wis ditemokake watu nisan saka makam pawongan kang jenenge Fathimah binti Maimun bin Hibatullah kang menehi informasi yen ta wanita mau nduweni keyakinan agama Islam kang seda ing tanggal 7 Rajab 475 H utawa taun 1082 M. Miturut Prof. Dr. Hamka, ing catatan China, disebutake yen ta raja Arab ngirimake duta saraya kanggo nyelidhiki ratu saka Holing (Kalingga) kang asmane Ratu Shi Ma kang diyakini wis nindakake ukum had udakara taun 674-675 Masehi. Prof. Dr. Hamka ndudut yen ta raja Arab kang dikarep yaiku Mu’awiyah bin Abu Sufyan kang urip ing mangsa kuwi lan seda ing mangsa 680 Masehi. Semono uga Seminar Masuknya Islam ke Indonesia kang nyebutake yan ta Islam mlebu ing Indonesia yaiku nalika abad I Hijriah atau abad VII-VIII Masehi.
Karya sastra kang kaanggit ing mangsa kang diperkirakake minangka mangsa paranitahan Jayabaya, luwih ndhoyong marang daya pangaribawa agama Islam. Disertasi Dr. Sucipta Wiryosuparto nyebutake yen ta Kakawin Gatutkacasraya anggitane Mpu Panuluh, akeh kang nggunakakae tembung-tembung saka arab. Anggone nganggo tembung-tembung arab iki uga ditemokake ing ing Serat Baratayuddha, karya bersama Mpu Panuluh dan Mpu Sedah. Tulisan pujangga kang kaya mangkene iku mokal kajaba wis kedaden interaksi karo penganut agama Islam. Babagan iki mbuktekake yen ta ana kumpulan wong Islam ing tanah Jawa nalika mangsa Raden Jayabaya. Mula saka kuwi, ora mokal dhakwah Islam tumeka ing para panguwasa kalebu Prabu Jayabaya. Semono uga ngenani keislaman sang Raja Jayabaya minangka babagan kang bisa wae kedaden, amarga Jangka Jayabaya disebut minangka turunan saka karya sastra kang luwih tuwa.
SUBSTANSI JANGKA JAYABAYA
Puniko carios jamaning ing tanah jawi, dipun wastani serat praniti wakya. Tegesipun kalesehing wewa, ing kina pranatanipun Prabu Sri Bratha Aji Jayabaya, Harendra Binanathana ing negari kadluri (numenang) lasustra ing jagat Ratu Bijaksana Waksita ing segereningipun winarah, margi sang Prabu aputuhita dhateng pandhita sudibya sakti saking nagari ngerum, ingkang nama She Maolana Ngali Samsujen, aluliya ginaib, utawi kacarios bilih Prabu Jayabaya wau titisanipun Sang Hyang Wisnu.
Sang Pandhita Ngali Samsujennguni amedaraken jangtaning telampahan ing tanah jawi. Ingkang kabaharaken suraosing kitab musatar uitawi serat kitab jitabsara, saha serat jitasaka, semanten Prabu Jayabaya anggenipun amodharaten uruting-uruting jaman ingkang sampun kalampahan sami kagelaraken sedaya.
1. Ngenani Jaman Akhir
Bisa diandharake yen ta meh saperangan gedhe isi Serat Praniti Wakya ngandharake ngenani mangsa ing tembe Pulo Jawa ing perspektif Jayabaya. Nanging yen diwawas luwih jero maneh, bakal katon yen ta ing Serat Praniti Wakya akeh gegambaran kang njupuk sakasumber Islam kang arupa Al Quran lan Hadits. Kabar-kabar ngenani jaman akhir saka kalorone panutan umat Islam kasebut banjur digarap ing tulisan pengarang Serat Praniti Wakya (kang minangka anggitane R. Ng. Ranggawarsita). Saengga sipat universal utawa umum saka ajaran Islam ngenani kabar Jaman akhir banjur diterangake lan ditrapake ing lingkup Jawa. Ora bisa diselaki maneh yen ta saperangan gedhe ajaran Islam wis nandang proses “Jawanisai”. Nanging ruh Islam isih katon lan asipat tetep lan ora ilang.
Kaya tuturan Jayabaya ngenani kiamat iki. Sang Prabu nyatakake yen ta kiamat yaiku:
“kukuting djagad lan wiji kang gumelar iki, iku tekane djajal laknat …”.
Kang ateges rampunge samubarang ing bumi iki nalika tekane djajal kang laknat.
Iki uga bisa katilik saka pamanggih Prabu Haji Jayabaya ngenani bakal tekane Yakjuja wa Makjuja (Ya’juj dan Ma’juj), kiamat kubra (kiamat besar), lochil ma’pule (lauh al mahfudz), lan sapiturute.
2. Pembabakan Jaman lan Ramalan Tuwuhing Kerajaan
Konsep-konsep kang kinandhut ing Serat Praniti ora bisa diselaki yen ta saka ajaran Islam. Andharan ngenani pira-pira pamikiran Islam ing Serat Praniti Wakya saperangan pancen asipat blaka lan cetha. Pembabakan Jaman kaperang dadi telu yaiku jaman kaliswara, kaliyoga, lan kalisengara iki cetha yen dudu perspektif Islam. Uga dene ramalan ngenani bakal anane pira-pira Kerajaan ing Jawa kaya Pajajaran, Majapahit, Demak, Pajang, Mataram, Kartasura, lan Surakarta. Nanging bab iku banjur ora bisa kaandharake kanthi ilmiah. Andharane bisa kaya mangkene:
1. Iku mau amarga sang pengarang Serat Praniti Wakya, yaiku R. Ng. Ranggawarsita duwe maksud nggambarake pemahaman sang Prabu Jayabaya kanthi apa anane, yaiku sawijining pawongan muslim kang urip ing swasana Hindhu.
2.Bab iku bisa tuwuh amarga pamikirane pengarang dhewe. Nalika pengarang nulis pira-pira versi ramalan Jayabaya, Ranggawarsita urip ing mangsa kang dheweke bisa mangerteni gegayutane pangrembakane pira-pira Kerajaan jaman biyen kaya Pajajaran, Majapahit, Demak, Pajang, dan seterusnya. Katrangan mau bisa didudut yen ta ramalan Jayabaya kaya-kaya trep ing tembe.
2.Yen ditilik yen ta ora ana kang nyebutake pesthi ngenani Prabu Jayabaya kang minangka pawongan kang pinter ing babagan ramalan mangsa tembe, mula bisa kadudut kabeh mau amarga R. Ng. Ranggawarsita kurang tuntas anggone nyinaoni ajaran Islam, mula saka kuwi ana saperangan kang katilik rada ora Islami.
3. Tassawuf lan Ramalan Jawa Kinalungan Wesi
Ranggawarsita nate ngaji ing Pondok Pesantren Tegalsari, Ponorogo, kang diasuh Kyai Hasan Bashori utawa sinebut Kyai Kasan Besari. Sadurunge ngaji ing Pondok, sejatine Ranggawarsita wis baut anggone maca Al Quran. Mula saka kuwi nalika ing Pondok antuk piwulangan ngenani kajiyan Al Quran lan Fiqih mula Ranggawarsita dadi jengkel. Malah kanggo nguntapake jengkele, dheweke sering metu saka lingkungan pondok saperlu adu jago. Kyai Kasan Besari pungkasane mangerteni kena ngapa Ranggawarsita jengkel, mula saka kuwi Ranggawarsita banjur diwenehi kajiyan ilmu tassawuf. Iku mau kang gawe daya pangaribawa marang pemahaman syariate Ranggawarsita mangsa sabacute.
Dene Ramalan kang asipat kanggo jangka ing tembe kang kaya-kaya nduweni katrepan ing jaman kang diramalake bisa kaandharake kaya mangkena, kaya ta:
“… Nusa Jawa bakal kinalungan wesi” (Pulo Jawa bakal dikalungi karo wesi).
Saperangan tafsiran dimaknani yen ta, panemu iku ana gegayutane karo tuwuhing industrialism ing Jawa. Ana kang maknani yen ta kalung wesi iku rel utawa dalan sepur kang minangka gegambarane sepur. Tafsiran iki bener amarga Ranggawarsita urip ing jaman penjajahan Walanda. Daya pangaribawa saka penjajah Walanda gedhe banget marang lingkungan keratin.. Dene ing bumi Eropa , diwiwiti saka Prancis lan nyebar ing Negara-negara Eropa kaya Walanda, lagi nandang Revolusi Industri saengga industrialisai utawa transportasi dharat nggunakake kereta wus dadi babagan kang lumrah. Crita-crita kang kaya mangkono kuwi bisa keprungu ing wilayah kraton kang kanthi ajeg ana gegayutane karo bangsa Walanda. Wis dadi bab kang baku yenta panemuRanggawarsita, yen ta Jawa lagi ana ing gegemaning bangsa Walanda, mula ora kliru yen ta kalung wesi bakal ngiteri Jawa, yaiku arupa industrialisasi kang awujud kreta api.
4. Tradhisi Kapemimpinane Pandhita lan Prabu Jayabaya iku titisaning Wisnu
Kang narik kawigaten saka serat Praniti Wakya minangka asil karyane R. Ng. Ranggawarsita, ngandharake ngenani panemune Prabu Jayabaya marang tradhisi kapemimpinane Pandhita. Pandhita ing sitem kasta Hindhu nduweni drajat kalungguhan kang paling dhuwur kanthi social. Luwih dhuwur yen dibandhingake kastane para Raja lan Ksatria.
Dicritakake yen ta sawise sinau marangMaulana ‘Ali Syamsu Zain, Prabu Jayabaya karo anake kang jenenge Prabu Anom Jayamijaya nduwe niyat ndherekake sang Guru menyang Negara Rum tuma ing pelabuhan. Mulih saka pelabuhan, Prabu Jayabaya lan anake mampir menyang pratapane sawijining Pandhita kang aran Ajar Subrata, yaiku sedulur sapreguron san Prabu jayabaya. Nanging Pandhita mau isih ngugemi ajaran Hindhu. Sang Pandhita dwe maksud njajal Prabu Jayabaya kang kawentar minangka titisan Bathara Wisnu kanthi menehi pitung suguhan kang arupa kunyit sarimpang, jadah, getih, kejar sawit, bawang putih, kembang melathi, lan kembang seruni kang siji-sijine diwadhahi takir.
Suguhan kasebut kanggo Prabu Jayabaya nduweni makna sinandi utawa arti kang ora sanyatane. Apa maneh Prabu Jaya baya lan Ajar Subrata nate dadi sedulur sapreguron saengga bisa wae dheweke nduwe kawruh kang kurang luwih padha. Susguhan kasebut agawe sang Prabu banget duka lan bacute mateni Pandhita lan putrine kang dadi garwane Prabu Anom Jayamijaya, putrane. Sawise prastawa kasebut, Jayabaya nerangake yen ta anggone dheweke mateni pawongan loro mau kanggo menehi ukuman marang kurang ajare Sang Pandhita kang nduweni niyatan arep mungkasi kuwasane Raja-raja neng tanah Jawa. Suguhan mau nduweni makna yen Prabu Jayabaya mangan suguhan mau, mula kuwasa ing Jawa bakal tetep ana ing tangane Pandhita, lan jaman baru, kalebu ing njerone ana pangrembakane Islam, ora bakal bisa kedaden.
Kaya mangkono panemu ing Serat Praniti Wakya, yen ta Prabu Jayabaya yaiku titisan Wisnu kang mung kari kaping pindho tumurun ing Marcapada. Saparipurnane Prabu Jayabaya, dicritakake yen ta Wisnu bakal nitis ing Jenggala lan sawise iku ora bakalan ana maneh titisan sarta ora nduweni tanggungjawab maneh tumrap kemakmuran lan karusakan ing bumi utawa alam ghaib.
“… Ingsun iki pandjenenganing Wisjnu Murti, kebubuhan agawe rahardjaning bumi, dene panitahingsun mung kari pindo, katelu ingsun iki, ing sapungkuringsun saka Kediri nuli tumitah ana ing Djenggala, wus ora tumitah maneh, karana wus dudu bubuhan ingsun, gemah rusaking djagad, lawan kahananing wus ginaib, ingsun wus ora kena melu-melu, tunggal ana sadjroning kakarahe guruningsun, ...”
Tulisan ing ndhuwur nggambarake yen ta ajaran ngenani dewa ing hindhuisme ora bakal kedaden maneh sapungkure nitise Wisnu ing Jenggala. Bab iki ditegesi yen ta sapungkure nitise Wisnu ing Jenggala, Wisnu wis ora nduweni tanggung jawab maneh marang utuhing donya nyata utawa donya donya maya alam ghaib, kalebu ngenani dewa. Bisa ditilik saka paripurnane iku, Majapahit kang dianggep minangka kerajaan kang kawentar ing nuswantara masiya kanyata wis ora bisa nindakake ajaran Hindhu kanthi murni, nanging nindakake sinkretisme antarane ajaran Syiwa lan Budha. Bacute jaman bakalan owah pinuju jaman Islam kang disasmitakake yen ta kahanan bakalan dadi siji kanthi tongkat utawa cekelan guru Jayabaya kang asma Maulana ‘Ali Syamsu Zein. Malah kathi cara kasirat ing Serat Praniti Wakya sejatine nyoba ngandharake yen ta Bathara Wisnu, Dewa kang kalebu ing Trimurti lan nduweni tanggungjawab njaga alam semesta utawa Marcapada, kanyata wis bisa nampa ajaran Islam minangka agamane.
Kaya mangkono gegambaran ngenani Serat Praniti Wakya Jangka Jayabaya. Kitab kasebut dhasare yaiku buku kang nyoba kanggo aweh apresiai marang anane Islam Ing Pulo Jawa. Hatta, ing njerone ngandhut akeh babagan kang musykil lan kaya-kaya ora cundhuk karo ajaran Islam, nanging kitab kasebut yen disawang minangkaperangan saka proses dhakwah Islam ing pulo Jawa, mula bisa dikaji kanthi kajiyan Agama, utamane Islam. Sebab akeh banget karya sastra Jawa kang nduweni nafas Islam nanging dianggep kitab Hindhu utawa kebatinan. Nanging kabeh mau among adhedhasar sudhut pandhange wae. Kahanan kaya mangkene iki amarga isih sithike wong jawa utamane wong muslim kang gelem nyinaoni naskah-naskah lama karya para pujangga saka sudhut pandhang agama. Lan uga dikira yen ta kajiyan ilmu ing kalangan Islam isih durung ngrembaka.
Serat Praniti Wakya Jangka Jayabaya, anggitane pujangga R. Ng. Ranggawarsita, kaya-kaya minangka wujud gabungan antarane Islam dan kejawen. Nanging sejatine piwulangan Islam luwih rowa, dene kejawen dhewe mung minangka kulit njaba kang dadi wujud pamikiran Jawa kang wis oleh daya pangaribawa ruh Islam.
Bacute, hakikat “ramalan” Jayabaya minangka perangan upaya mangerteni Islam kang saka proses kang dawa kang durung rampung. Mula saka kuwi bisa dikaji kanthi luwih jero maneh.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar