Translate

Sabtu, 03 Juni 2017

Kedadian Naliko Jaman Sengoro

Zaman Sengoro Kudu waspodho
Akeh musibah wajib do kroso
Sadare ati bakale mulyo
Dun'ya akhirat bakale bejo.
Wajibe Kawulo kudu ikhtiyar
Sabar tawakal dadine sadhar
Akehing dongo ayo di ungkal
Kemurahaneng Allah bakale Kekal.
Zaman Sengoro Kudu waspodho
Jarene zaman Reformasi
Tingkah lakune kok ora murni
Ndadekne susah manaske ati
Ngakune reformis
Tiba'e ngapusi.

Sengoro Ngancek kolo Bendu
Ngulama'e akeh kang kelu
Khilafing perkoro mesti dadi padu
Wajibe U'lama' kudu bersatu.
Mulo dongane Nabi lan poroWali
Pembuktiane den Tirakati
Qobule Allah bakale Mukti
Kesaktianeng awak kang den miliki.
Zaman sengoro ngancek kolo bendhu
Kudhu ngati-ati lan mituhu
Marang dhawuhe 9usti Allah lan dhawuhe Rosulullah
Insya Allah selamet ndonyo akhiroth

Ing sak njerone zaman sengara akeh wong jawa kena fitnah dining sanak.
Wong priya dadi pawestri.
Wong wadon ilang wirange.
Arang-arang manungsa kang eling.
Karepe wong pada murka.
Ana perang pupuh.
Akeh mati kobongan.
Ramene wong mburu donya, nanging arang kang metu dalan halal.
Akeh maru ing pawestri.
Nomnoman akeh kang melacur.
Akeh wong jorjoran omah, masjid langgar tinumbar karang.
Duraca uga akeh.
Wong kena perkara akeh kang taruk arta maring jaksa murih den selametake sangka perkarane.
Wong dura saya dudera datan purun pinurih penggawe becik.
Agamane wong kalah karo arta.
Setat kalah karo debat.
Dulur dadi wong liya, wong liya dadi sedulur.
Wong temen den girohake, ahli giroh pada den turut.
Wong aman den khianati, ahli khianat de percaya.
Akeh wong pegatan.
Akeh wong ngombe arak.
Akeh wong pinter kebelinger, wong ngerti katriwal-triwal.
Akeh wong pasulayan bab waris.
Ana tirkah ora ana sing bagi.
Angele golek wong kang bisa bagi kaya goleh gagak putih.
Ana udan mangsa tiga, iya iku sing diarani udan salah mangsa.
Cacahe wong wadon luweh akeh katimbang wong lanang, nganti ana wong lanang siji jumenengi wong wadon petangpuluh tumeka seket. ila ila jawa wus nyebutake ( Petiplak awang awang duda pincang regane sewidak uang, perawan setheng oleh sak renteng, lanjar jaga imbuhe)
Wong kang ngerusak agama rosul, wewalere agama kaya gegem mawa. Jagad saya mungsret.
Lakune mangsa uga saya cepet, nganti setahun kaya sewulan, sewulan kaya sejumat, sejumat kaya sedina, sedina kaya sejam, sejam kaya lawase uripe blarak.
Arta pek mung kaduwe pemerintah.
Angele golek wong kang kena dipercaya kaya golek barang jarahan.
Zakat kanggo piutang.
Akehe wong luru kawruh kadiya wudaling laron ing mangsa labuh, nanging sing akeh ora kerana agama balik kerana pangkat kasinggihan kanggo mburu kemewahan donya utawa kanggo nggedeake isine telih.
Golek wong ngerti adab agama kaya golek jaran kang anduweni sungu.
Ana wong lanang ngiblat bojone.
Wani marang biyunge. Akeh anak lali bapak, bapa lali maring siwine.
Ana germo macak kiyai.
Ana demit munggah mesjid, langgar digawe jigar. Saben kampung den kepalani wong fasiq.
Wong mulya dadi asor, wong asor bisa pangkat.
Ana wong lanang den mulyaake kerana wedi alane.
Suarane wanodyo kadiya angin.
Ana bumi malik ing saknjerone telung panggonan.

Sakwuse iku banjur alamat pareke tekane qiyamat kubra tansah zhohir terus menerus tanpa kendat kaya roncean kalung kang ora sinambung.
Agama pecah dadi pitung puluh telu, nanging kang den ridloni dening Allah mung siji yaiku kang den ugemi dening kanjeng nabi lan priya gung para sahabat.
Ana wong umuk telung puluh ngaku dadi nabi. Kebodohan zhohir. Amar makruf sirna, laku mungkar tansah terus menerus werata ing ngendi-endi panggonan. Wong sholeh ora den aji. Ulama’ gede-gede pada den pundut. Akeh wong maido kitab. Lali marang Yang Agung.

Titenana yen wus ana mangsa mengkono, bebendune Allah jer saya agung. Ngemusibah ana ing tanah jawa. Angin hamra’ ngamuk, omah lan kekayon akeh sing rubuh, manungsa pun akeh kang kerem ana ing samodra. Gemluduk suwarane gunung, obah kang bumi rengka. Gonjang ganjing gunung guntur, riwutan lindu perapta, udan awu udan kerikil, pan akeh begebluk, akeh wong mati kaget.

Ana mangsa mengkono mau anak putu wekas ingsun : “Wong eling kelawan lali isih beja wong eling kelawan waspada”. ففرّواالى الله (pada lumayuha maring Allah) Pangeraning jagad kabeh.

Wallohul Waliyyut Taufiq Ila Sabilul Huda

Tidak ada komentar:

Posting Komentar