Krisno Duto
Sang Prabu Judistira sasentananipun sami kalempakan wonten ing nagari Wirata, sarta ambekta prajurit sadedamelipun ing prang. Prabu Kresna ing Dwarawati sabalanipun inggih wonten ing ngriku, Karsanipun Prabu Judhistira bade mangun perang mundiit kagunganipun nagari ing Ngastina ingkang apalih. Wondening ingkang binobot ing budi sarta linampahan sapitedahipun ing prakawis ageng wau, inggih namung sang Prabu ing Dwarawati, Akathah para ratu, pepakan wonten ing Wirata, ingkang sami rumojong ing perang, amurih kamulyaning pejah.
Ing nagari Ngastina inggih kathah para ratu Jawi utawi saking tanah Sabrang, sami kalempakan sabala saha dedameling perang, inggih sumedya ngupados kamulyaning pejah.
Prabu Judhistira angandika dhumateng Prabu Kresna : Kang Prabu, ingkang minangka panuntun kula, kula bade anedha kagungan kula nagari ing Ngastina ingkang sapalih; punika kula sumangga ingkang dados panggalih utawi pratikel sampeyan, amurih prayoginipun ingkang badhe linampahan." Prabu Kresna amangsuli pangandika: „Jen makaten karsane yayi Prabu, inggih boten wonten sayoginipun kejawi kagalih wilujengipiin, amurih lulus saening akekadang.
Kula ingkang badhe lumampah, anedha sapalihipun nagari ing Ngastina." Prabu Kresna lajeng andhawahaken parentah, karsa tindak dhumateng nagari ing Ngastina, bade amundhut sapalihing nagari. Anunten bala sami dipun undhangi, sang nata nitih rata, raden Setyaki anderek. Saking rikating rata, tindakipun Prabu Kresna sampun dumugi sajawining kitha. Boten antawis dangu nagari ing Ngastina sampun katingal.
Sakathahing kalangenan urut margi ingkang dipun ambah dening Prabu Kresna, semunipun sami prihatos. Ebahipun godhonging uwit wringin, semunipun kados tiyang jaler kasusahan, boten dipun timbangi tresnanipun dhateng ingkang estri. Pucaking gapura emperipun kados angajeng ajeng enggale rawuhipun Prabu Kresna. Baunipun ing gapura kados badhe nyembah dhumateng ingkang rawuh. Epanging wit cepaka sapinggiring margi katempuh ing angin, semunipun kados astanipun Dewi Banowati, angawe awe bade pitaken dhateng Prabu Kresna, punapa Raden Janaka anderek.
Swaraning ratanipun sang nataa, sarta gebyaring sesotya rerengganipun, kados anyauri sarta angujiwati ingkang pitaken; wondening sauripun : Si Janaka ora milu ngiring, isih kari ana ing Wiratha; Icadang kadange siji ora ana kang milu." Epang kanginan emperipun kados tiyang mengo, boten kadugi ing wangulan wau; awit Raden Janaka boten anderek dhateng nagari ing Ngastina, anjabel nagarinipiin. Sekar sekar ing margi emperipun kados badhe rentah ing jurang. Wit witan ingkang wonten pinggir margi katempuh ing angin, godhongipun abosah basih, semunipun kados tiyang prihatos, dene Pandawa boten tumut, Cucur mungel menggah menggah, semunipun kados tiyang ajrih. Wonten sekar pudak rentah ing sela, semunipun prihatos, awit dening Raden Janaka boten tumut andherek. Lawa gumandhul wonten ing epang, kebet kebet kados tumut sedhih, yen sageda wicanten, wiraosipun makaten : Yagene Panduputra ora milu rawuh anjabel nagarane dhewe ?" Sekar tanjung anggulasah wonten ing margi, semunipun kados tumut sedhih, Brengengenging kombang ingkang ngupados sekar, utawi ingkang anut unthuking toya, kados anangis tumut prihatos, dene sang Dananjaya boten andherekaken tindakipun Prabu Kresna.
Lumut aking tumemplek ing sela, semunipun kados tiyang estri kalenger, amargi kedanan sang Dananjaya. Akathah kalangenan ing pinggir margi, utawi pinggiring rawi ingkang angemper emperi prihatos. Kapanjangen yen kacariyosna sadaya.
Tindakipun Prabu Kresna sampun dumugi ing Tegal Kuru, anunten wonten jawata sakawan tedhak, anama : Janaka, Rama Parasu, Kanwa sarta Narada, badhe ambiyantoni lampahipun sang nata. Prabu Kresna kaget mirsa wonten dewa anedhaki, lajeng mingser tumut lenggah kiisiripun. Dewa sakawan sami lenggah salebeting rata. Sareng sang nata sampun nyembah, jawata sakawan angandika: "Sang nata, sampun kasesa ing lampah, kula bade tumut ing salampah andika." Anunten rata dipun rindhikaken, samargi margi sang Prabu agineman kaliyan dewa sakawan. Wondening ingkang dipun rembag, prayogining lampah, saha saening kadadosanipun ing prakawis.
Sang Prabu Suyudana ing Ngastina sampun midanget, bilih Prabu Kresna sampun dumugi ing Tegal Kuru. Lajeng andhawahaken parentah, sakathahing lelurung andikakaken anggelari sinjang, anjog ing sitinggil, dumugi korining kadhaton ingkang jawi. Sarta para pinisepuh kadhawuhan amethuk.
Wondening ingkang kapathah amethuk wau: Bisma, Druna, Destarata punika sami suka ing batos, dene Prabu Kresna ingkang lumampah badhe anjabel nagari ; anyipta yen Prabu Suyudana amesthi badhe ngubungaken. Ananging Prabu Suyudana kaliyan patih Sangkuni sami kewedan, awit Prabu Kresna sampun kalih kalihing ngatunggil kaliyan Pandhawa. Anunten Korawa sami ngalempak wonten salebeting kadhaton.
Lampahipun Prabu Kresna angancik kikising nagari Ngastina. Ratanipun karindhikaken. Arame swaranipun tetiyang ingkang sami amethuk, utawi ingkang sami anonton. Tiyang sanagari Ngastinaa ebah sadaja, saking kapenginipun badhe aningali Prabu Kresna. Ageng alit pating baleber; jejel tetep atimbun pinggiring margi; ajrih manawi kasep ing langkungipun sang nata.
Ingkang sami methuk wau sampun pepanggihan kaliyan Prabu Kresna, sang nata lajeng dipun aturi lumebet dhumateng kadaton. Woondene para ratu sampun tata pinarak wonten salebeting kadhaton. Prabu Salya inggih sampun rawuh, Arja Widura, Adipati Ngawangga, Karpa, Arja Sidureja, sami ander wonten ngarsanipun Prabu Suyudana. Anunten para pinisepuh ingkang kautus methuk wau sami dhateng ngrumiyini.
Boten antawis dangu Prabu Kresna rawuh, tedhak saking rata kaliyan jawata sakawan. Para Korawa sami ngadeg angurmati. Sang nata kaliyan jawata sakawan dipun aturi pinarak dhateng Prabu Suyudono. Para pinisepuh kumrubut ingkang sami ambagekaken. Anunten pasegah sumaos.
Pangandikanipun Prabu Suyudono: "Kakang Prabu ing Dwarawati, sumangga kula aturi dhahar, minangka jejampining sayah." Prabu Kresna amangsuli : "Yayi prabu, sakalangkung langkung pamundhi kula. Pasegah pinanggih ing wingking, bilih padamelan sampun rampung." Sujoidana ngandika malih : "Dene mawi wigih wigih, kakang Prabu, anampik pasegah kula." Kresna amangsuli : "Gampil, yayi Prabu, pinanggih ing wingking kemawon." Prabu Kresna suka ing galih aningali para ratu ingkang sami pepakan wonten ing kadhaton, utawi para sepuh ingkang sami sowan.
Anunten pamit ing Prabu Suyudono badhe masanggrahan rumiyln. Prabu Suyudono amangsuli : "Sumangga ing karsa, kakang Prabu, ratu wicaksono ing sajagad." Prabu Kresna amangsuli : "Mugi mugi yayi Prabu amanggiha suka, siyoaa padamelan ingkang kulaa lampahi, wilujenga ing kadadosanipun." Prabu Kresna sareng sampun dumugi ing jawi, matur dhateng jawata sakawan : "Kula badhe masanggrahan rumiyin. Benjing enjing kemawon kula mratelakaken prelunipun lampah kula mriki."
Prabu Kresna anjujug panggenanipun ingkang bibi Dewi Kunthi, lajeng anyungkemi sampeyanipun Dewi Kunthi muwun, ciptaning galih prasasat kapanggih kaliyan Pandhawa. Tumunten amratelakaken sekeling galih bab prakawis ingkang badhe kalampahan. Akathah pituturipun, amurih lestantuning lampah. Saking agenging prihatos, pangandikanipun pegat pegat kamoran pamuwun. Sareng sampun telas pituturipun, Prabu Kresna pamit badhe dhateng pasanggrahan, ing griyanipun arja Widura. Sarawuhipun ing ngriku, anunten sesaosan pasegah kathah dhateng.
Saunduripun Prabu Kresna, Suyudana apirembagan kaliyan ingkang rayi rayi, punapa malih kaliyan Adipati Ngawangga, ingkang minangka pangajenging damel.
Prabu Suyudana sumelang ing galih, awit pasegahanipun katampik dhumateng Prabu Kresna; pangandikanipun : "Sang Prabu ing Dwarawati amesti ngandhut wadi, dene ora karsa dhahar pasuguhku. Heh, Drusasana, aja sira kurang weweka marang ratu ing Dwarawati, sira diangati ati, kadang kadangmu kabeh tuturana, sesuk padha amendema baris. Aja nganggo pinikir suwe suwe, wong ing Dwarawati banjur ditumpesa bae, awit iku awaking Pandhawa, mesthi angandut ala, ora wurung dadi mungsuh; samudana angandut memanis!"
Sabibaring pasamuan, sakatahing Korawa sami mantuk, para ratu tamu tuwin pinisepuh sami kundur dhateng pasanggrahanipun piyambak piyambak, Prabu Suyudono kundur angadaton, tedhak dateng panggenanipun ingkang garwa Dewi Banowati. Dewi Banowati amethuk, lajeng dipun kanthi astanipun, malebet ing dalem, tata sami pinarak. Para abdi estri marak.
Retna Banowati galak ulat, manis pamulu, dedeg sembada, goreh nanging dados mg pantes sarta boten wonten sarunipun. Anyelih anyulalata mindhak perakati, bengis marengut maleroka wewah manis. Sanajan boten ngagem ageman, ambombrong kaliing kasemekan kemawon, inggih pantes. Sabarang lelewanipun amantesi, Tanpa ganda tanpa sekar, suprandosipun arumipun angebeki kadhaton ing Ngastina.
Kala samanten srengenge angajengaken serap, arindik lampahipun, kados dereng tuwuk anggenipun aneningali rerengganipun kadhaton ing Ngastina, emperipun kados anolih, kapencut aningali retna Banowati, tuwin para estri ing kadaton.
Sarawuhipun ing kadaton, Prabu Kresna kaaturan pinarak. Anunten sakathahipun ingkang wonten ing pasamuan sami lenggah atata. Prabu Kresnaa tumengaa, anunten jawata sakawan tumedhak, anama : Kanekaputra, Janaka, Rama Parasu, Kanwa. Bisma akaliyan Druna munjuk dhateng Prabu Suyudana, bilih wonten jawata tedhak. Suyudana lajeng nyembah, dewa sakawan dipu aturi pinarak.
Anunten sami tata pinarak nunggil para pinisepiih. Wondening para ratu nunggil kaliyan sesaminmg ratu, para satriya nunggil sami satriya. Adangu kendel ingkang sami pinarakan.
Anunten Prabu Kresna ngandika : "Paman Destarata, laku kula mriki niki mung nedya ngatutake sanak, empun nganti onten kang sulaya, prajoga padha rukuna; yen ngantia padha kekerengan, abungah sing boten dhemen. Sabarang reh kula, putra andika yayi Prabu mg Ngamarta sasentanane anut mawon.
Mungguh pagawean sing kula lakoni niki, wit saklng karsane yayi Prabu ing Ngamarta, anedha saparone nagari ing Ngastina." Destarata amangsuli : "Sampun kasinggihan pangandikanipun anak Prabu, sakalangkung prajoginipun." Dewa sakawan anyambungi : "Luwih dening patut rehe Prabu Kresna, sakecap boten onten sing luput, olehe murih becik Ian rakete asesanak." Bisma, Druna angguyubi pangandikanipun dewa sakawan.
Namug Prabu Suyudana anyetung, ambasengut, tumungkul. Boten angandika sakecap. Yamawidura kaliyan Yuyutsuh anyambungi, saha mrayogekaken panantunipun Prabu Kresna, amurih wilujengmg sadayanipun. Ibunipun Prabu Suyudana anama Dewi Gendari, angandika dhumateng ingkang putra sarwi amuwun : "Prajoga turuten rehe anak Prabu ing Dwarawati, apa kang kokarepake luwih saka ing atut asesanak?" Prabu Suyudana nolih dhateng Sangkuni saha dhateng Drusasana, ambekuh boten ngandika sakecap. Karna angejepi dhateng Prabu Suyudana kapurih tindak. Prabu Suyudana mundur saking pasamuan, Sangkuni kaliyan Drusasana ingkang andherekaken. Lajeng andhawahaken amepak dedamel. Korawa satus saprajuritipun sampun mirantos, miwah kapal, rata, gajah. sampii pepak. Ingkang anyenapateni Arja Sindureja, punika ingkang minangka andhel andheling pakewed. Ler kidul wetan kilen sampu jejel dening baris. Dewi Gendari angutus Destarata matur dhateng Prabu Suyudana, ampun ngantos kagungan ambek rodaparipaksa, angengetaken saruning pratingkah anggenipun anilar tamu, Boten dangu Raden Setyaki dhateng saking jawi, nyembah matur dhateng Prabu Kresna : "Gusti, ing jawi jejel dedamel, badhe numpes panjenengan dalem. Pun Suyudana saestu awon manahipun. Korawa kiwa tengen sampun mirantos sadedamelipun, sampun tata panggenanipun piyambak piyambak. Prajurit ingkang malebet ing kadhaton inggih sampun kathah.
Prabu Kresna sareng miyarsakaken aturipun Setyaki, sakalangkung dukanipun. Tedhak saking pinarakan, tindak dumateng ing palataran, lajeng triwikrama. Sariranipun sakecap dados ageng saredi, sampun kados bethara Kala kalanipun nepsu, Sariranipun medal latu, karosan isen isenipun tiyang sajagat tuwin ing Suralaya, punapa malih panguwasanipun para dewa sadaya, ngalempak wonten sariranipun Prabu Kresna. Sampun ical wamining manungsa, asipat denawa, jumangkah anggero sesumbar. Sanalika bumi gonjing, toyaning saganten umob, isen isenipun sami susah angambang.
Prabu Kresnaa saestu yen titisipun Batara Wisnu, kadugi anguntal bumi anggilut redi, Sekatahing dedamel ing ngalam donya katekem wonten ing astanipun. Korawa satus sami miris aningali, prajurit kethen sami kekes, boten wonten saged wicanten, anggenipun nyepeng dedamel sami anggregeli. Druyudana kaliyan Karna miris. anyipta pejah. Bisma, Druna sami nangis, mendhak mendhak murugi Prabu Kresna, lajeng sami nyembah. Punapa malih jawata sakawan, sami angrerepa ngasih asih.
Batara Surya enggal tedhak, ing ngawang awang kathah dewa katingal, sami andjawahaken sekar. Batara Surya angrerepa, pangandikanipun dhateng Prabu Kresna : "Heh, Prabu Kresna, aja kotutugake nepsumu, yen kowe sumedya numpes Korawa, sabala nagarane amesthi lebur kabeh ora ana sing kari. Ananging jagat tolihen sarta welasana. Kapindhone elinga punagine Si Wrekodara Ian Si Drupadi. Dene sing dadi punagine Si Drupadi, salawase urip ora gelem gelung gelung, yen ora uwis kramas getihe Korawa satus ana ing paprangan. Yen kobanjurno nepsumu, ora kalakon punagine."
Sakathahing Dewa sami nyembah dhateng Prabu Kresna. Sang nata lajeng lilih galihipun, ical ingkang duka, sampun warni manungsa malih, lajeng wangsul dhateng pinarakanipun. Bisma kaliyan Druna punapa dene Resi Narada sami ngrerepa. Prabu Kresna tedhak saking kadhaton tanpa pamit. Jawata sakawan sami suka, tumut ing satindakipun. Sareng dumugi ing jawi, dewa sami mantuk dhateng kayjanganipun; Prabu Kresnaa tedhak dhateng panggenanipun Dewi Kunthi.
Sareng sampun kapanggih kaliyan Dewi Kunthi, Prabu Kresna dipun dangu sarwi amuwun : "Kaprije, anak Prabu, mungguh ing lakumu, apa ta oleh gawe, Ian kapriye ing kadadeane?" Prabu Kresna amangsuli : "Pun Suyudana lumuh atut sanak. Boten lila nagari ing Ngastina dipun tedha sapalih; kedah lumampah karebat ing perang." Dewi Kunthi mangsuli; pangandikanipun pegat pegat : "Yen kaya mengkono karepe Si Sujoidana, apa maneh sing dipikir, mung adhimu Si Judhistira bae warahana, aja aninggal kautaman, murungake karepe angrebut nagara kang dadi wajibe. Wong mati ing paprangan amarga nggone angrebut nagarane, amesthi oleh swarga. Poma wekasku, anak Prabu, purihen sidane amangun perang." Prabu Kresna matur sandika, nyembah pamit lajeng nitih rata kaliyan adipati Ngawangga. Widura sarta Sanjaya, punapa dene Yuyutsuh, sami andherekaken. Sadangunipun lumampah, Prabu Kresna angrembagi dhateng adipati Ngawangga, yen saestu dados perang, kapurih angilonana Pandhawa. Nanging Adipati Ngawangga boten purun, kedah angiloni Korawa, awit kala rumiyin sampun apunagi, badhe angaben kadigdayan kalijan Dananjaya.
Sareng lampahing rata sampun dumugi sajawining kitha, Adipati Ngawangga pamit, tedhak saking rata. Lajeng amanggihi ingkang ibu, Dewi Kunthi. Ingkang ibu andangu sarwi ambrebes mili : "Sakondure kakangamu, anak Prabu Kresna, amekas apa menyang kowe ?" Adipati Ngawangga matur : "Kula dipun purih kesaha saking nagari ngriki. Manawi saestu dados perang, kula dipun rembagi angilonana Pandhawa." Dewi Kunthi amanguli : "Rembug mengkono iku luwih dening becik, prajoga koturut, dadi kowe kumpul karo sadulur sadulurmu. Awit panggonan utamaning pati iku ing perang Bratayuda. Mati urip becik kowe nunggal sadulurmu dhewe." Dewi Kunthi anggenipun ngatag ingkang putra sarwi muwun.
Adipati Ngawangga matur : "Ibu, yen satriya linuwih amesthi ngekahi wicantenipun ingkang sampun kawedal. Anemahana sakit utawi pejah, amesthi boten purun ngingkedi. Punagi kula sampun kawedal, badhe angaben kadigdayan kaliyan pun Janaka. Aliya saking punika, kula sampun kalindihan sihipun Prabu Druyudana. Yen kula kiranga panarima, dados cacad ageng, kalebet satriya urakan, boten kenging dados paupinipun para satriya utawi para adipati." Dewi Kunthi sanget anggenipun amuwun, awit ingkang putra boten nurut wulangipun, kekah ing karsa badhe angiboni Korawa. Adipati Ngawangga nyembah, pamit, lajeng kundur.
Perang Barotoyudo Kawiwitan
Lampahipun Prabu Kresna akaliyan Setyaki ngajengaken dumugi ing nagari Wirata. Samargi margi sang nata angrentahaken waspa. Anunten balanipun Pandhawa sami amethuk rawuhipun Prabu Kresna. Sareng sampun dumugi ing kadaton Wirata, para ratu sami ambagekaken sadaya, sarta anungsung pawartos, menggah ing tindakipun dhateng nagari ing Ngastina.
Prabu Kresna amangsuli pangandika : "Korawa ora kena dipurih becike. Kudu angajak perang. Ora aweh nagara Ngastina dijaluk saparo. Ana dewa papat ambiyantoni ing lakuku, aran Kanwa, karo Narada, telu Janaka, papat Rama Parasu. Olehe pada nemoni aku ana ing Tegal Kuru. Iku pada sumurup wiwitan Ian wekasaning rembug, sarta padha angrujuki pirukunku kang patut. Tekan ibune si Druyudana, apa dene si Bisma, Druna Ian Salya, padha amrayogakake pasrahe saparoning nagara, nanging sakehe rembug becik ora didahar, malah sumedya angalani marang aku." Sakendelipun Prabu Kresna ngandika, para ratu sami ngungun amiyarsakaken pawartos. Prabu Darmaputra, Wrekodara, Arjuna tuwin Nakula, punapa dene Sadewa, inggih makaten ugi. Wondening Prabu Darmaputra sasedherekipun kekah ing karsa, bade angestokaken wewelingipun ingkang ibu Dewi Kunthi, angrebat nagari ingkang amargi saking perang. Para ratu tuwin para bupati ingkang sami ngrojongi Pandhawa, amrayogekaken dadosing perang. Putra ing Wirata ingkang nama raden Wrasangka kaliyan raden Utara, punapa malih raden Drustajumena ing Cempala, sami ambek purun, amemunin ngajak perang. Para bupati utawi para punggawa sami kelu sadaya.
Enjingipun tengara mungel, kendhang gong asauran, para ratu gumerah sami anata barisan. Sareng sampun sami rakit sadaya, lajeng bidal saking nagari ing Wirata. Kathahing bala tanpa wicalan. Panganggenipun gumebyar, kados cahyanipun srengenge saweg maletek, bade amadhangi jagat. Saking kathahing prajurit, kados saganten ambalabari wana sarta redi redi. Sakathahing margi jejel dening prajurit. Ingkang panganggenipun abrit agolong sami abrit, ingkang jene sami jene, ijem sami ijem, cemeng sami cemeng, biru sami biru, wungu sami wungu, pethak sami pethak, boten wonten ingkang kaselanan sanesipun. Swaraning bala kados galudhug, Gebyaring rerengganing lelayu, kados urubing redi sewu sareng kabesmi. Sang hyang Endra anjawahaken wewangi. Sakatahing dewa ing Kaendran sami angestreni ingkang sami angluning : Pandawa unggula ing perangipun angsala nagari ing Ngastina.
Ingkang anindhihi cucuking baris raden Wrekodara. Lampahipun dharat kemawon sarta amandhi gada. Awit salaminipun gesang boten karsa nitih kapal, rata utawi gajah. Sanajan tindaka medal saganten, ngambah jurang, redi utawi lepen. inggih dharat kemawon. Samargi margi tansah asesumbar kemawon. Lampahing barisipiin kados angebahna bumi. Isen isening wana ingkang kambah sami mawur. Satelasing barisanipun raden Wrekodara, kasambetan ing barisanipun raden Dananjaya, anitih rata karengga ing sesotya, murub kados redi kabesmi. Panganggening prajuritipun pating galebyar, kados anggesengna nagari ing Ngastina saratunipun. Genderanipiin kumelab, aciri ketek mangap. Sakedhap ing ngawang awang peteng dening mendhung, galudug gumleger. kilat amradini ing ngawang awang, kados andalajati manawi badhe unggiil ing perang. Raden Nakula akaliyan raden Sadewa anyambeti barisanipun raden Dananjaya, sami anitih rata karengga ing sesotya wungu. Kados batara Kamajaya kembar, badhe tedak dhateng kadaton ing Ngastina, aningali Korawa kados aningali kenya. Ing wingking kasambetan barisipun putra ing Wirata tetiga.
Ing wingking kasambetan barisipun raden Drusajumena. putra ing Cempala. Anunten kasundulan ing barisipun ingkang rama Prabu Drupada. Sang nata anitih gajah, dipun garebeg ing para mantri sarta para punggawa. Barisipun tanpa wicalan. Ing wingkingipun, Dewi Drupadi, anitih rata, asongsong mas sarwi angure rema, Kanginan kados angawe awe, angenggalaken banjir. Esanipun kados sang Dewi karsa jamas rahing Korawa tumunten, sasampuning jamas lajeng karsa ukel.
Sawingkingipun dewi Drupadi, dewi Srikandi ingkang anyambeti. Anitih rata karengga ing sesotya. Anunten Prabu Darmaputra anitih gajah, asongsong jene, dipun garebeg ing abdi kathah, sarwi amangku serat Kalimasada. Saestu yen ratu utama. Semunipun saged amungkasi perang. Wondening serat ingkang dipun pangku wau, minangka pangleburanmg mengsah.
Sawingkingipun Prabu Darmoputro, kasambetan ing barisipun Prabu Kresna, genderanipun sami pethak, aciri puthut semadi, Sang nata anitih rata karengga ing sesotya, asongsong pethak karengga ing manik, kumilat angenguwung isanipun amengeti: "Heh, delengen, iya iki pamugarining perang." Tindakipun Prabu Kresna kados andherekaken panganten. Ingkang minangka pangantenipun kakung Prabu Darmaputra, ingkang minangka putri utawi panganten estri nagari ing Ngastina; sabibaring damel, nagari katampen dhateng Prabu Darmaputra.
Wondening para ratu sesuruhan, ingkang sami rumojong ing perang, upaminipun ingkang sami nyumbang dhateng Prabu Kresna, ingkang kagungan damel. Inggih namung punika ingkang dipun pundi pundi sarta dipun estokaken pitedhahipun. Sinten sintena ingkang anut pitedhahipun Prabu Kresna, anglampahi pejah wonten ing perang Baratayuda, amesti manggih swarga, lepat sakatahing siksa wonten ing jaman kailangan. Mila para ratu sengkut anglampahi pitedhahipun Prabu Kresna, suka lila amanggih pejah, awit swarga kaliyan naraka sampun prasasat kaasta dhateng Prabu Kresna.
Raden Wresniwira ingkang nyambeti barisan ing Dwarawati, saha minangka tetindhihipun para adipati. Prajuritipun tanpa wicalan angebeki margi, swaraning bala kados angebahna bumi, angocakna saganten. Ingkang anyambeti barisipun raden Wresnawira, putranipun raden Dananjaya, ingkang nama Abimanyu, anitih rata mas, asongsong laring merak, sarwi amangku cakra. Panganggening prajuritipun kados sekar anggulasah. Ing wingking ingkang nyambeti raden Pancawala, putranipun Prabu Darmaputra. Anitih rata karengga ing sesotya, dipun gombyongi ing lar merak. Songsongipiin anglaring kombang. Panganggening prajuritipun murub, Genderanipun sami ijem sadaya.
Boten telas-telas bilih kacariyosna sadaya langening baris ingkang lelampah. Ing mangke kacugag kemawon. Baris ing ngajeng sampun dumugi ing Tegal Kuru. Tiningalan kados toya ambelabar. Para ratu, para dipati andaledeg dhatengipun, boten pedhot pedhot. Lajeng sami adamel pasanggrahan ing apangkatipun piyambak piyambak. Anunten Dewi Kunthi dipun utusi rawuh ing Tegal Kuru. Kaderekaken ing Yamawidura. Sareng kapanggih kaliyan Pandhawa, lajeng sami muwun.
Sakendelipun muwun, sami suka suka. Tangeh yen kacariyosna sadaya anggenipun sami suka suka. Yamawidura ingkang andherekaken dewi Kunthi, wangsul dhateng ing Ngastina malih, Dewi Kunthi kantun wonten ing Tegal Kuru. Pasanggrahanipun Pandhawa sampun kados kadhaton. Pasanggrahanipun Prabu Kresna inggih dipun rakit kados kadhaton. Yudhisira, Wrekodara, Arjuna, Nakula, Sadewa, sami wonten ing pasanggrahanipun Prabu Kresna.
Para ratu sesuruhan inggih sami pepak wonten ing ngriku, sami arembagan sarta anyuwun dawiih dhateng Prabu Kresna. Yudistira matur ing Prabu Kresna : "Kakang Prabu, kula sumangga ing sampeyan, sinten ingkang sampeyan karsakaken dados pangajenging perang." Wrekodara saha Dananjaya inggih makaten ugi aturipun dhateng Prabu Kresna. Wangsulanipun sang nata : "Yayi Prabu ing Ngamarta, ingkang kula pilih dados pangiriding perang pun Seta." Sadaya sami angguyubi. Anunten raden Wresniwira dipun serepaken dhateng Prabu Kresna, menggah gelaripun bilih amedali perang.
Prabu Suyudana sareng midhanget wartos yen mengsah sampun masanggrahan wonten ing Tegal Kuru, lajeng andhawah parentah amepak balanipun. Anunten Yamawidura munjuk dhateng sang nata, yen para ratu ingkang ambiyantoni Pandhawa sampun sami ngalempak wonten ing Tegal Kuru. Boten antawis lami bala ing Ngastina sampun mirantos. Bidal saking kitha. Balanipun para ratu saha para dipati tanpa wicalan. Lampahipun kados umobing toya saganten, ambaleber dhateng dharat. Wondening para ratu ingkang angrojongi Prabu Suyudana inggih kathah; anunten sami ngadegaken pasanggrahan piyambak piyambak, sami dipun rakit kados kadhaton. Bisma ingkang kapilih dados senapatining prang.
Seto Gugur
Boten kacariyos lamine anggenipiin anata bala. Pandhawa saha Korawa sareng sampun rakit sadaya, enjing sami nabuh tengara, kendhang, gong akaliyan beri, bodol saking pasanggrahan. Surakipun gumerah kados ambedhahna langit. Swaraning gong utawi tetabuhan sanesipun ngantos boten kamirengan. Barisipun Pandhawa andendeng wonten kilen majeng mangetan. Barisipun Korawa andhendheng majeng mangilen. Ingkang kidul anotog redi, ingkang ler anotog saganten.
Kandeling baris sapaningal, ewadenten ingkang dateng taksih anggili. Gelaripun senapati Bisma Wukir jaladri, ingkang minangka karang sakathahing rata sarta gajah, ingkang minangka alun para ratu, sakathahing bala alit alit ingkang minangka toya. Gelaripun senapati arya Seta anama Brajatiksna lungid. Ingkang wonten ing ngajeng Raden Wrekodara, raden Dananjaya sarta dewi Srikandhi, sami sabalanipun. Drustajumena saha Setyaki sabalanipun sami wonten ing sakiwanipun. nanging ragi kawingking caket kaliyan panggenanipiin senapati arya Seta, Prabu Darmaputra kaliyan Prabu Dwarawati sami wonten ing tengah, nunggil para ratu saha para dipati. Raden Dananjaya ngeres manahipun aningali dene mengsah sami kadang tuwin gurunipun. Lajeng matur dhateng Prabu Kresna : "Sang Prabu, manawi kenging mugi panjenengan sandekaken perang Bratayuda, kawula boten tahan aningali dene mengsah sami kadang saha guru." Sang nata amangsuli pangandika : ,"Karsaning dewa ora kena wurung perang Bratayuda. Kapindhone, yen satriya mati ing perang, anemu pati utama Ian munggah swarga. Lan maninge, kakangira yayi Prabu Yudhistira kudu angluwari punagine. Apa ta sira ora sumedya anglabuhi kadang tuwa ? Mungguh sing bakal mapagake perange gurunira wis ana, ora susah sira ngawaki dewe, mangsa kuranga mungsuhira. Dene yen sira amrangguli gurunira ana ing paprangan, ora kena sira oncati, kudu lumaku tinadahan, Mung sira nyembaha bae dhisik!"
Sareng Prabu Kresna sampun anyerepaken dhateng raden Dananjaya, bilih perang Bratayuda boten kenging kasandekaken, lajeng sami wiwit perang. Suraking bala gumerah, ungeling tetabuhan amor kaliyan garedeging gajah, kepyaking rata, karapyaking kapal, kados redi jugnig, swaranipun angebeki bumi. Pangamuking bala riwut, sampun kathah ingkang pejah. Para ratu, satriya sarta para adipati inggih sampun katah ingkang pejah. Rata ingkang sampun remuk sadasa, gajah ingkang sampun pejah sadasa, asareng kaliyan ratu ingkang nitihi, Ramening perang, kesreking dedamel kados medala gelap. Gumerah sambatipun ingkang sami tatu. Pesating jemparing kados jawah. Prajurit kekapalan ingkang sampun pejah atusan. Para gegedhug nitih rata ingkang pejah sewu.
Wondening katahing prajurit ingkang numpak gajah saleksa, ingkang numpak rata saleksa, ingkang numpak kapal sayuta, ingkang dharat kawan yuta. Panempuhipun prajurit anggonjingaken bumi. Anggenipun perang sampun satengah dinten. Ingkang sampun pejah satriya kekalih, sami putra ing Wirata; satunggil nama Raden Wirasangka, pejah dening Druna ; kalih Raden Utara, pejah dening Prabu Salya. Andel andeling Korawa kathah ingkang pejah.
Raden Seta nepsu sanget, awit saking pejahipiin ingkang rayi kekalih, ingkang nama Wirasangka kaliyan raden Utara wau. Lajeng ngangseg sabalanipun; agalak kados sima badhe memangsa; utawi kados danawa rebatan daging; asareng panempuhing bala. Raden Seta amentang langkap anglepasaken jemparing. Ingkang kawawas Prabu ing Mandaraka; nanging lepat; namung rata sakusir pangajapipun ingkang kenging; remuk amor kaliyan siti. Kartamarma amethukaken badhe angadhangi pangamukipun raden Seta, lajeng kadhawahan jemparing, dhawah saking rata, ratanipun remuk.
Bala Korawa geger, sumerep pangamukipun raden Seta. Saking katahipun angsal pepejah, adamel girising mengsah. Anunten Blsma kaliyan Druna sabalanipun anulungi. Jayasena angundha gada, tiningalan angajrihi. Raden Rukmarata anulungi ingkang rama Prabu ing Mandaraka, nitih rata methukaken pangamukipun raden Seta. Lajeng dipun lepasi jemparing dening raden Seta, kenging jajanipun, dhawah gumuling pejah wonten salebeting rata.
Bala ing Wirata ingkang dipun senapateni Raden Seta asareng pangangsegipun, tandangipun kados bantheng ketaton. Para ratu, para adipati katrajang kathah ingkang tumpes. Bala ing Ngastina giris, sami bibar mawur, kados kidang aningali sima. Saking mirisipun, bala ing Ngastina palajengipun boten kenging dipun andheg dhateng pangagengipun, malah sangsaya sanget. Awit raden Gatutkaca, Drustajumena sarta raden Angkawijaya, sami dhateng ambiyantoni raden Seta, sarengan sami anempuh bala ing Ngastina.
Anunten Senapati Bisma ngamuk, para andel andeling Korawa sami tumut, ajeng ajengan kaliyan raden Seta, dados tanding sami senapati. Raden Seta dipun lepasi jemparing dhateng Bisma, wedalipun ambrubul angebeki awang awang ; andhawahi raden Seta, sariranipiin murub nanging boten tumama. Raden Wrekdara kaliyan raden Dananjaya anulungi dhateng raden Seta, sami anglepasaken jemparing, ambrubul kados jawah, ingkang dipun angkah senapati Bisma. Anunten Suyudana anulungi dateng Bisma, kenging ing jemparing jajanipun, boten pasah, nanging karaos sakit. Lajeng mundur anekem djadja, giris boten saged ngandika. Para Korawa angrubung sarta andhenekaken konduripiin, sang nata.
Senapati Bisma sareng aningali bala ing Ngastina gusis, amargi dipun amuk dhateng raden Seta, sakalangkung nepsunipun. Ngadeg wonten ing natanipun anglepasaken jemparing, ambrubul wedalipun, andhawahi raden Seta, Raden Seta lajeng menthang langkap. Bisma ingkang dipun angkah, kenging baunipiin, boten pasah, malah jemparingipun tugel.
Raden Seta, senapatining Pandhawa, sanget nepsunipun, aningali tugeling jemparing, Bisma boten pasah. Enggal medhun saking rata, anyandak gada, lumumpat dumugi panggenanipiin Bisma. Bisma dipun gada angoncati, malumpat saking rata, dados namung ratanipun ingkang kenging, remuk sakusir kapalipun. Seta sangsaya nepsu, manengah angobat abitaken gada. Para ratu ingkang sami nitih rata utawi ingkang nitih gajah, kababit ing gada sami remuk sareng kaliyan kusir kapal sarta gajahipun. Ratu gangsal ingkang pejah remuk kaliyan ratanipun. Ingkang ajur kaliyan gajahipun inggih gangsal. Wondening para adipati ingkang pejah kathah. Seta saestu yen sekti tanpa tandhing; Bala ing Ngastina mawur, giris aningali pratingkahing pangamukipun Seta, kados upaminipun danawa sewu sarengan angangkah daging, gadanipun angebat ebati sarta anggilani.
Bisma giris aningali Seta wuru ing pangamukipun. Lajeng mundur saking paprangan. Anunten dewa anyuwara saking ngawang awang : "Heh, Bisma, apa mulane sira mundur saka ing paprangan?" Wruhanamu, patine putra ing Wirata iya dening sira Bisma mireng swaraning dewa, lajeng wangsul, sarwi amenthang jemparing latu, lumepas kenging jajanipun Seta butul, lajeng pejah. Bala ing Ngastina surak gumerah, ingkang sampun sami lumajeng wangsul sadaya, giyak giyak sami anjoged. Arya Dursasana akiprah kiprah, arya Sindureja anggendhing, Jayasusena, Jayawikata, Srutayuda, Jutayuni, Sudirga, Sudira, Rekadurjaya, Wirya sarta Kartamarma sami surak surak.
Wondening bala Pandawa sami prihatos kekes, awit senapatinipun pejah. Gumrudug saking wingking sami dateng ngajeng. Sang Prabu Maswapati ing Wirata, sareng dipun pratelani yen ingkang putra tiga pejah, lajeng tandang kaliyan arya Nirbita. Bisma dipun jemparing, ambrubul wedalipun. Bisma inggih nglepasaken jemparing. Dados tempuh jemparing sami jemparing. Pandhawa sami nepsu, sarengan tumandang, ngamuk sami angebyuki, ciptaning manah suka lila sarenga sirna kaliyan Prabu Maswapati, Bala Pandawa gumrubyug arebat rumiyin, anempuh bala Korawa mawiir sami miris. Anunten kasaru scrap ipun ing srengenge, kados anyapih ingkang sami sayah ing perang, esanipun kados amengeti, kapurih sami asoa rumiyin, benjing enjing peranga malih.
Ingkang sami perang mundur dhateng pasanggrahanipiin piyambak piyambak, sarta sami sanget ing sayahipun Sang Prabu Maswapati saweg amuwuni pejahing putra tetiga. Jisimipun sampun pinanggih sadaya, dipun bersihi sarta dipun saeni. Sang nata akaliyan ingkang garwa sakalangkung sekeling galih, dene ingkang putra taksih sami anem anem sarta bagiis bagiis, pejah. Galihipun sang nata kaliyan ingkang garwa kados rinujit, kapara tiga.
Prameswari angrangkul layoning putra agentos gentos. Sesambatipun amemelas : "Aduh anakku, dene teka mati telu pisan. Sapa sing bakal anggenteni jumeneng ratu ing nagara Wirata. Lah tangia, engger sapanen ibumu teka. Apa mulane kowe pada meneng bae? Dene teka bareng patimu. Mbok iya karia siji, ani kang dadi panglipuring prihatin. Dhuh anakku, Seta, Utara, Wirasangka, mung kowe sing dadi marganing redatin. Ya, dewa, banjuten aku!" Kendel kacariyos pamuwunipun prameswara ing Wirata.
Anunten Pandhuputra sami dhlateng, ambekta pangangge, angurmati dumateng ingkang sami pejah. Layon rinubung sarta dipun muwuni. Sasampuning linuruban, lajeng kainggahaken dhateng pancaka. Dalu sasireping tiyang pinuju padhang rembulan dipun besmi, mawi dipun jenengi ing para ratu sarta ing para Pandhawa sadaya. Prabu Kresna amemujekaken mugi sami amanggiha swarga, anetepana ingkang sampun dados jangji, ganjaranipun dhateng ingkang sami pejah ing perang Bratayuda. Awunipun kapusus minggah dhateng Suralaya.
Bismo Gugur
Sabibaring pakurmatan pambesmining layonipiin putra ing Wirata tetiga, Prabu Maswapati kalih para ratu ingkang anjenengi wau sami kundur dhateng pasanggrahan; apirembagan kaliyan Prabu Kresna, menggah ingkang badhe kakarsakaken dados senapati lintunipun ingkang sampun pejah. Wondening ingkang kapilih dhateng Prabu Kresna : Drusajumena, punika dadosa lintuning senapati, sarta asalina gelar Garuda nglayang. Para ratu, para adipati sarta para mantri sapangandhap sami angguyubi karsanipun Prabu Kresna. Anunten raden Drusajumena dipun puja sarta dipun kutugi. Sasampune ngangkat senapati, boten antawis dangu byar. Lajeng angungelaken tengara. Sakathahing prajuritipun Pandawa sami dandos, bidhal dhateng ing Tegal Kuru. Makaten malih bala Korawa, bidhal dhateng legal Kuru.
Anunten Pandhawa masang gelar Garudha nglayang. Ingkang minangka cucukipun raden Dananjaya; ingkang minangka sirah Prabu Drupada. Prabu Kresna nunggil sarata kaliyan raden Dananjaya Senapati Drustajumena wonten panjawat. Ingkang kaprenahaken wonten ing panjawat kiwa raden Wrekodara. Raden Setyaki minangka buntut. Ingkang wonten ing gitok para ratu, angubengi rumeksa Prabu Yudistira.
Korawa sumerep bilih Pandawa salin gelar Garuda nglayang, lajeng dipiin tiru. Ingkang minangka cucuk ratu Mandaraka. Arya Sengkuni minangka sirah. Senapati Bisma wonten ing panjawat kiwa. Druna angenggeni panjawat tengen. Drusasana minangka buntut. Para ratu kalih para adipati wonten ing githok, arumeksa Prabu Druyudana. Dewabrata angangsegaken bala, lajeng anglepasaken jemparing sumedya angrisak gelaring Pandhawa. Wedaling jemparing ambrubul. Anunten raden Dananjaya anglepasaken jemparing panulak.
Raden Wrekodara sanget nepsunipun. Majeng amandhi gada. Pangamukipun anggegilani. Bala Korawa pinten pinten ingkang pejah dipun gada, boten wonten ingkang kuwawi anadhahi. Raden Wrekodara nyelehaken gada nyandhak jemparing anama Bargawastra. Atusan ingkang pejah dening Bargawastra. Raden Setyaki ambiyantoni, bala ing Ngastina kathah ingkang risak. Kama, Karpa. Salya, Drusasana, Sindureja, sami ngungsi dhateng panjawat ingkang dipun enggeni Bisma saha Druna.
Prabu Kresna angatag kusiripun angrikataken ajenging rata, badhe rumeksa perangipun Parta. ingkang sanget nepsunipun. Saweg anglepasaken jemparing dibya, wedalipiin ambrubul, Bisma anglepasaken jemparing panulak, lajeng tempuh jemparing sami jemparing wonten ing awang awang. Bisma ngatag dhateng Druna kapurih sumingkira, awit badhe medalaken kasektenipun. Lajeng anglepasaken jemparing mawi dipun mantrani, amradini angebeki ing awang awang, andhawahi mengsah adamel girising manah. Anunten para Korawa sesarengan majeng anempuh mengsah. Karpa, Sengkuni, Karna, Prabu Salya, sami surak sabalanipun. Raden Dananjaya enggal anglepasaken jemparing panulak, nanging boten mikantuki. Akathah ingkang pejah dening jemparingipun Bisma, wedaling jemparing kados jawah saking langit. Korawa sami suka aningali, majeng sareng angebjuki. Bala Pandawa panggah, nanging kathah ingkang pejah. Wondening ingkang kalebet ing pepejah, kajawi saking para ratu kalih para adipati, putranipun raden Dananjaya kekalih, anama bambang Irawan kaliyan Dewi Palupi. Raden Dananjaya sakalangkung prihatos, kendel anggenipiin anjemparing, pijer muwun kemawon.
Prabu Kresna sareng aningali raden Dananjaya muwun, lajeng tedhak saking rata, amentang cakra, Bisma ingkang dipun wawas. Bisma sumerep yen badhe dipun dhawahi cakra, enggal medhun saking rata, mendhak mendhak amurugi Prabu Kresna. Aturipun : "Adhuh, gusti, begja sanget badan kula yen ngantos kadawahan cakra padukp. Awit punika ingkang badhe angateraken pejah kula dhumateng ing Suralaya." Arjuna aningali yen Prabu Kresna menthang cakra, badhe kadhawahaken dateng Bisma, enggal marepeki sang nata, nyembah lajeng anyandhak astanipiin, angrerepa kapurih anyandekna karsanipun. Prabu Kresna boten siyos anggenipun anglepasaken cakra, lajeng minggah dhateng rata kaliyan raden Dananjaya. Anunten sang nata dhawuh dhateng raden Dananjaya angawe dewi Srikandhi.
Sadhatengipiin sang dewi, dipun dhawui dhateng Prabu Kresna, anglepasna jemparing, Bisma ingkang dipun angkah. Bisma boten sakeca manahipun aningali Srikandhi dhateng, angawe dhateng Prabu Yudhistira, badhe dipun suwuni gesang. Prabu Yudistira api api boten sumerep, tansah tumungkul kemawon. Dewi Srikandi dipun dhawuhi nunggil sarata kaliyan ingkang raka raden Dananjaya. Lajeng anglepasaken jemparing kenging jajanipun Bisma, nanging boten pasah. Parta anusuli jemparing, kenging gandaring jemparingipun dewi Srikandi, ananceb ing jajanipun Bisma. Bisma dhawah saking rata, gumuling ing siti lajeng pejah.
Bala Pandawa suka surak gumerah. Anunten para jawata ing ngawang awang sami anjawahaken sekar. Barisanipun Korawa sami miris bibar, boten wonten ingkang purun ambelani senapatinipun. Raden Wrekodara, Raden Gatutkaca, sarta raden Drusajumena sami anglepasaken jemparing, andhawahi para ratu sarta para adipati kathah ingkang pejah.
Anunten Prabu Yudhistira angawe prajuritipun, kapurih sami anyelehna dedamelipun. Sang nata lajeng anyungkemi sukunipun Bisma ingkang ketaton. Prabu Suyudana, Arjuna, Nakula sarta Sadewa, inggih sami anyungkemi sukunipun Bisma, sarta sami sanget ing pamuwunipun.
Sakathahing Korawa inggih sami nangis, nanging angandhut kuwatos, awit Raden Wrekodara taksih ngamuk kaliyan gadanipun. Sakathahing para adipati utawi bala alit sampun sami nyelehaken dedamel, angrubung Bisma. Prabu Yudhistira angawe Raden Wrekodara, kapurih anyelehna dedamelipun. Nanging boten purun. Amilalah nebih ngadeg kemawon sarta amandhi gada Prabu Suyudana andhawahaken parentah, bedami ing sadinten punika, arukuna sampun ngantos wonten ingkang anyidrani.
Dewabrata sakedhap enget lajeng anedha toya. Prabu Suyudana anulungi, nanging ngantos dangu boten kaombe. Wondening ingkang dipun tedha toya sesawananing jemparingipun Raden Dananjaya. Prabu Yudhistira adhawah dhateng raden Janaka, anyaosana toya teturuhaning jemparingipun. Raden Janaka anyandikani. Sareng toya kacaosaken sarta kaombe, Bisma lajeng pejah.
Para ratu sami angurmati pejahipun senapati Bisma. Jisim dipun anggen anggeni badhe kabesmi, Sareng serap srengenge, kagentosan padanging rembulan, jisim lajeng kabesmi, awunipun minggah dhateng ing Suralaya.
Ing sadalu punika Pandawa kaliyan Korawa sami kendel kemawon, boten wonten ingkang salah damel, wonten ing pasanggrahanipun piyambak piyambak.
Abimanyu Gugur
Ingkang pinanggih rembagipun para Korawa, Druna kadamel senapati. Sadalu punika kitha ing Ngastina jawah deres, rah mili dhateng pasanggrahan. Para ratu para adipati tuwin para satriya sami suka bingah, awit punika pratanda badhe unggul perangipun. Sadalu Korawa boten tilem. Enjingipun bidhal, Druna ingkang nyenapateni, gumerah swaraning gangsa, amor suraking bala kados swaraning galudhug. Lampahing bala dumugi ing Tegal Kuru lajeng sami mirantos. Pandawa dereng salin gelaripun, taksih Garuda nglayang. Korawa gelaripun Gajahmeta. Suyudana wonten ing githok akanti arya Sindureja kaliyan adipati Ngawangga. Korawa satus ingkang minangka gadhing, dados seket sisih. Kajawi balanipun, ingkang minangka telale Prabu Bagadenta, anitih gajah sarwi mandi gada. Senapati Druna ingkang minangka sirah. Sareng majeng badhe tanglet, ciptaning manah boten sumedya mundur.
Pangangsegipun bala Pandhawa saha bala Korawa kados saganten kekalih pethuk pethukan, gumerah swaraning gong sarta beri, suraking bala kados ampuhan, amor swaraning gelap. kados ambengkah langit. Pandhawa lajeng angebyuki gelaripun senapati Druna, Raden Dananjaya anglepasaken jemparing, wedalipun ambrubul, andawahi bala Korawa. Raden Wrekodara inggih anglepasaken jemparing, pinten pinten Korawa ingkang pejah kadhawahan jemparing.
Raden Wrekodara lajeng angamuk kaliyan gada, katah bupati ingkang pejah kagada. Gelar Gajahmeta risak, gantinging gelar gusis, ingkang wonten ing sirah busekan. Prabu Bagadenta ingkang minangka talalening gelar anilar senapati, majeng amandhi gada. Karna akaliyan Jayadrata kantun. Prabu Bagadenta wau anglangkungi sektinipun, gajahipun katujahaken kapaling ratanipun raden Janaka, lajeng anyawataken gada, Raden Janaka ingkang dipun angkah, kenging jajanipun, dhawah kalemper gumulung wonten ing rata. Prabu Kresna enggal anulungi, raden Janaka dipun usap ing sekar Wijayakusuma, lajeng enget anyandak langkap, anglepasaken jemparing, kenging Prabu Bagadenta sasrati gajahipun, sareng pejah tiga pisan. Anunten Pandhawa sapunggawa satriyanipun sami ngebyuki, Wrekodara ngamuk kaliyan gadanipun. Barising Korawa bibar sadaya. Sareng dalu ingkang perang sami mundur dhateng pasanggrahanipun piyambak piyambak. Korawa sadalu sami sedhih.
Enjing tengara mungel, amor kahyan ungeling tetabuhan sanesipun. Prabu Suyudana abusana, ngagem makutha munib dening sesotya. Wedalipun saking kitha kadherekaken ing para adipati. Swaraning bala kados redi jugrug, sadaya sampun sami rumantos, angajeng ajeng dhatenging mengsah. Druna matur dhateng Prabu Suyudana : "Bilih anak Prabu karsa ngenggalaken tumpesipun Pandhawa, pun Janaka kapurih sageda pisah kaliyan pun Wrekodara, lamine sadinten kemawon. Manawi saderek kekalih punika boten kapisahaken, Pandawa boten saged risak tuwin boten saged pejah." Prabu Gardapati sumambar: "Bilih mekaten kula ingkang badhe nyumbari pun Janaka, supados sampun saged nunggil kaliyan baris ageng." Pinanggihing rembag, Sangkuni kaliyan Wresaya ingkang badhe nyumbari Raden Wrekodara. Anunten baris bodol, andaledeg lampahipun. Gelaripun boten ewah kados wingi, taksih Garudha anglayang .
Pangangsegipun barising Pandawa kaliyan barising Korawa kados saganten kekalih apethukan. Prabu Gardapati nitih gajah mangidul, amurugi raden Dananjaya. Sesumbaripun : "Heh, Dananjaya, yen kowe prajurit temenan, amesti nglegani kareping mungsuh. Ayo padha perang ana pinggiring gunung kana, ora ana kang ngewuh ewuhi, tutug ing sakarep karep. Yen kowe ora anuruti, amesti dudu prajurit temenan. Aku ratu ing Kapitu, jenengku Gardapati, kang wis misuwur ing kawanterane." Lampahipiin Prabu Gardapati sabalanipun sampun dumugi sukuning redi. Raden Dananjaya mireng dipun sumbari, anusul lampahipun Prabu Gardapati, numpak rata kaliyan Prabu Kresna, balanipiin inggih tumut mangidul. Anunten Raden Wresaya anyumbari raden Wrekodara : "Heh, Wrekodara, yen kowe nyata lanang, ayo perang karo aku ana pinggiring sagara, supaya aja ana kang ngregoni, tutuga angadu kasekten." Raden Wrekodara boten tahan mirengaken dipun sumbari, atilar baris, lumampah mangaler angutu. Druna sumerep yen raden Dananjaya mangidul, raden Wrekodara mangaler, lajeng anyalini gelar, anama Cakraning Swandana, anyipta boten kenging dipun risak ing mengsah. Kama kaliyan Karpa ingkang minangka suku, arya Jayadrata saha para adipati ingkang minangka kuping, Prabu Suyudana ingkang minangka buntut.
Pandawa aningali Korawa salin gelar, sarta pisahipun Raden Wrekodara kaliyan Raden Dananjaya, manahipun maras ing sawatawis. Prabu Yudistira lajeng dhawah animbali Raden Abimanyu, badhe andikakaken ngrisak gelaring Korawa. Wondening ingkang kautus animbali, Raden Gatutkaca.
Raden Gatutkaca dumugi ing pasanggrahanipun Raden Abimanyu, tembungipun : "Adi, kowe ditimbali ing sang nata, bakal kakarsakake angrusak gelaring Korawa. Satindake kangjeng paman, mangidul aperang Ian Gardapati ana sikiling guniing, ora ana kang duwe cakra, mung kowe dhewe, iya iku kang sayoga ginawe angrusak gelaring Korawa." Dewi Siti Sundari garwanipun raden Abimanyu, mireng pangandikanipun Raden Gatutkaca, sanget prihatosipun. Awit sampiin kaweling dhumateng ingkang rama, ing sadinten punika sampiin ngantos suka yen Raden Abimanjoi badhe medal dhateng paprangan. Saking kewedan saha susahing galihipun, angantos boten saged ngandika, amegeng waspa muwun salebeting galih, nanging ajrih yen amambengana tindakipun ingkang raka, ila ila garwanipun ing satriya, sampun ngantos awrat tinilar perang.
Raden Abimanyu dandos, Dewi Siti Sundari amrayogekaken ingkang raka pamit dhumateng garwanipun Prabu Kresna. Abimanyu miturut. Pamit dhateng garwanipun Prabu Kresna sarta dhateng ingkang ibu piyambak. Sareng sampun lajeng mangkat badhe amedali perang. Sadhatenge ngarsanipun ingkang uwa Prabu Yudistira, anyungkemi sampeyanipun. Dhawahipun sang nata : "Kulup, Korawa ing saiki salin gelar Cakrabyuha, iku rusaken." Abimanyu matur sandika lajeng mangkat. Anunten masang gelar Supiturang, Drustajumena minangka pucuking supit tengen, Gatutkaca kiwanipun, Setyaki minangka cangkem, Prabu Darmaputra minangka sirah, para ratu sami wonten ing wingking, Abimanyu panggenanipun wonten ing sesungut.
Sareng sampun dados gelaripun, tuwin Korawa sampun rakit sadaya, sanalika peteng ndhedhet. Pandhawa lajeng ngangseg. Pangiridipun Raden Abimanyu. Gumerah suwaranipun ing kendhang, gong, beri tuwin suraking bala, kados ambelahna langit. Pandhawa kaliyan Korawa sarengan sami angerapaken kapal, swaranipun punggawa ingkang numpak gajah utawi rata amor kaliyan suraking bala, kados gelap. Raden Abimanyu menthang langkap, anglepasaken cakra, andawahi Korawa. Risak gelaripun Cakrabyuha kathah ingkang pejah. Sakantunipun sami ngungsi dhateng panggenanipun Prabu Suyudana ajrih ing pamukipun Abimanyu ingkang minangka sesungut, angirid bala Pandawa ambek purun sarta sekti. Raden arya Jayadrata enggal anangkebi. Barising Pandhawa tugel.
Abimanyu katangkeban, lajeng dipun karoyok ing Korawa katah, anama Sudarga, Sudarma, Wiryajaya, Susena, Satrujaya, Jayasekti, Jayawika, Jayadarma, Upacitra, Carucitra, Citradarma, Citrasena, Citraksi, Citradirgantara, Citramurti, Citrawicitra , Surasudirga, Dirgasura, Yutayuni, Yutayuta, Senacitra, Durgaamong , Durgapati, Durgaangsa, Darma, Durganta, Durgantara, Darmayuda, Yudakarti, Dursasana, Sindureja, tuwin Raden Lesmanakumara putra ing Ngastina, punapa malih Kartasuta, Sadaya sami tumut angepung raden Abimanyu. Anunten Kartasuta dipun jemparing dhateng Raden Abimanyu, kenging lajeng pejah. Saking sangeting pamukipun Raden Abimanyu, boten rumaos ajrih dipun karubut ing perang. Secasrawa inggih pejah dening jemparing. Anunten putra ing Ngastina ingkang nama Raden Lesmanakumara anglepasaken jemparing, ingkang dipun angkah Abimanyu. Abimanyu males anjemparing, Lesmanakumara kenging jajanipum lajeng pejah
Abimanyu sangsaya wuru ing pangamukipun, Menengali dateng panggenanipun Prabu Suyudana, sarta anglepasaken jemparing kathah. Sindureja sareng aningali yen putra ing Ngastina pejah dening pangamukipun Abimanyu, sumedya apulih getih akaliyan Prabu Suyudana. Lajeng anglepasaken jemparing. Abimanyu kenging, anunten Korawa ingkang kathah kathah tumut anglepasaken jemparing, saking kiwa saking tengen dipun kerepi panjemparingipun, boten wonten ingkang nglepati. Abimanyu ketaton ing jaja, ing gigir, bau walikat, ula ula tuwin wentis, nanging boten miris. Lampahipun sangsaya manengah, ciptaning galih, sarenga pejah wonten ing paprangan kaliyan Prabu Suyudana.
Kala samanten kathah kapal utawi rata ingkang remuk kenging ing jemparing. Abimanyu amentang langkap, langkapipun tikel. Wondene jemparinging mengsah boten kendhat kendhat andawahi, kados upaminipun jawah. Pangraosipun Abimanyu kadhawahan ing jemparing kados dipun garuti ing tiyang estri. Abimanyu ngiwa nengen anyandhak jemparing ingkang sami dhawah; tandangipun Abimanyu anggenipun kakepang sarta kajawahan jemparing, kados apepanggihan kaliyan prawan. Sariranipun ajur dening tatu. nanging boten sumedya mundur, boten ewah ing kapurunanipun. Abimanyu angandika : "Heh, Korawa, aja gugup olehmu amrih patiku, mangsa aku angingkedana. Yen trahing Pandhawa. dikehana ing tatu bungah anemu pati, wis patute satriya mati dikarubut ing perang." Abimanyu pegat pegat sesumbaripun, boten kaur anariki jemparing ingkang andhawahi sariranipun. Susun timbun kados kambengan wonten ing jaja, jemparing ingkang tumanceb ing jaja kalih ing lambung kados sekar kantil ginubah. Rebahipun ing rata manik kalumut dening rah, kados angus awor atal, Maripatipun Abimanyu kerep kenging Ing jemparing, alindri tiningalan. Mustakanipun upami kados sekar kanigara, kalih sekar sumarsana, karebat ing ngakathah badhe dipun anggit. Jajanipiin kados tunjung mekar.
Sedanipun satriya anthek wanter adamel ngeresing manah. Sanalika grimis; kathah kombang ing ngawang awang kados badhe angangkali sekar. Prabu Yudistira sumerep bilih Abimanyu pejah dipun karubut ing mengsah. Setyaki, Gatutkaca, Drustajumena, sumedya pulih getih, anarajang gelarmg Korawa, tandangipun kados anggege pejah, angontragaken bumi, Darmaputra kaliyan Pancawala, putra ing Ngamarta, sami ambiyantoni. Ramenipun ing perang ngantos busekan. Anunten kasaput ing dalu, bubar ingkang sami perangan. Korawa sami bingah bingah.
Kacariyos raden Dananjaya ingkang perang wonten sukuning redi, dipun emong ing Prabu Kresna, arame anggenipun perang. Prabu Gardapati sampun pejah, anunten sami bibaran mantuk. Dumuginipun ing pasanggrahan, Raden Dananjaya mireng tangis. Sasentananipun ingkang saking ibu tuwin rama, punapa malih garwanipun kekalih, Dewi wara Sumbadra kaliyan wara Srikandi, tuwin putri ing Wirata Dewi Utari, ingkang saweg ambobot woliing wulan, sami amuwiin sarta angadhuh. Akathah pasambat kamirengan wonten ing pasanggrahan, arame kados ungeling peksi gagak. atengipun raden Dananjaya sarengan kaliyan Prabu Kresna, saha raden Wrekodara, ingkang perang wonten pinggiring saganten. Mengsahipun ingkang nama Wresaya sampun pejah. atengipun sarengan saking ler sarta saking kidul.
Raden Dananjaya sareng midhanget yen putranipun pejah.sanget anggenipun supe. Prabu Kresna amituturi, pangandikanipun : "Yen satriya kasekelan awit kapaten anak, suda derajate sarta kasiku ing dewa kang linuwih. Raden Dananjaya mireng pangandikanipun Prabu Kresna lajeng nyembah, anyuwun pangapunten. Anunten nyungkemi sampeyanipun Prabu Yudhistira, aturipun : Kadospundi, gusti, nalaring pejahipun Abimanyu?" Prabu Yudistira amangsuli pangandika : "Patine anakira, awit angleboni gelar Cakrabyuha, katangkeban dening Sindureja. Sanak sanakira padha pulih getih, si Drustajumena, Si Gatutkaca Ian Si Setyaki bareng ing pangamuke, angarah patine Si 23 Sindureja, nanging ora kena. Apa dene sing mati dening anakira : Si Lesmanakumara, Si Kartasuta Ian Secaswara. Pangamuke sanak sanakira oleh pepati pirang pirang, mung Si Sindureja kang luput. Dananjaya lajeng jumeneng apratignya: "Kawula apunagi. bilih pun Sindureja ing sadinten benjing enjing boten pejah dening kawula, Sontenipun kawula obong." Prabu Suyudana tuwin sakathahing Korawa mireng pratignyanipun raden Dananjaya, anunten Sindureja kadhawahan mantuk. Ing sadinten benjing enjing kapenging medal medal, bilih srengenge dereng serap, sarta dipun purih amemuja anyuwun sawabing kaki, ingkang nama bagawan Sempani, amurih wilujengipun. Punapa malih jemparing anggenipiin angsal saking Abimanyu kapurih anganggeya, sarta amujaa supados wewah kasektenipun.
Bambang Irawan Kacariyos Prabu Suyudana akaliyan ingkang garwa Dewi Banowati, sanget ing prihatos sarta pamuwunipun, awit saking pejahing putra ingkang nama Lesmanakumara. Salebeting kadaton rame dening tangis, nanging Prabu Suyudana wekasan lejar galihipun, kaengetan pratignyanipun raden Dananjaya, anggenipiin badhe obong. Mila Sindureja dipun reksa sampiin ngantos manggih tiwas. Anunten Korawa sami suka suka, anyipta yen raden Dananjaya badhe pejah ing sadinten benjing enjing. Prabu Yudistira sasentananipun sami prihatos sanget. Ing sapejahipun Abimanyu, Dewi Sitisundari badhe obong tumunten, ambelani ingkang raka. Nanging para santana sami anggendoli, awit para ageng ageng dereng gilig ing rembag, nggenipun darnel upayaning perang. Wondening Dewi Utari, putri ing Wirata, boten kengmg ambelani ingkang raka, yen dereng lair wawratanipun.
Prabu Kresna angandika dhateng Raden Dananjaya : "Heh, adi, kapriye saiki, Korawa wis angrungu punaginira, olehira arep amateni Si Sindureja. Si Sindureja amesthi direksa, ora dililani metoni perang, supaya kalakona ubayanira." Dananjaya matur : "Mangsa boronga panjenengan dalem." Prabu Kresna angandika : "Munggiih sarate, adi, lestarine kang sira angkah, iya namiing memujaa, supaya weruha karsaning dewa kang werit werit." Dananjaya matur malih : "Kula sandika anglampahi pitedah dalem." Prabu Kresna anyambungi : "Besiik yen sira perang, kagunganingsun rata sira anggoa, rata iku duwe pangguwasa, pangiride jaran papat. Sing ngarep aran Si Ciptawelaha Ian Abrapuspa, sing buri Si Sukanta Ian Sena. Dene panguwasane, sanupaning gegaman ora ana angenani, Ian sira ingsun paringi gong, jenenge si Pancajannya, iku ing besuk esuk aja adoh karo kowe. Sira anganggoa panah cakra. Panahira Si Pasopati sira tamakna menyang Si Sindureja. Kaya iya ing sadina sesuk patine, sanajan abot sanggane, awit bapakne kang aran bagawan Sempani lagi tinarima semadine ing dewa kang linuwih, ewadene atasna kalawan pujanira ing sawengi iki sing abanget. Suwunen ing patine Si Sindureja, mbokmanawa luput pethekku, lah mara nyatakna mujaa den mesu." Raden Dananjaya nyembah, kesah saking ngarsanipun Prabu Kresna, lajeng semadi, angeningaken cipta, ngicalaken angenangen gangsal prakawis, sampun prasasat pejah salebeting gesang. Boten antawis dangu Sang Hyang Jagatnata angatingali, namung wates sangandhaping jangga kemawon, sapangandhap boten katingal. Pangandikanipun Sang Hyang Jagatnata : "Heh, Dananjaya, racuten pujanira, patine Si Sindureja ingsun lilakake, awit saka ing panyuwunira. Panahira Si Pasopati sira tamakna, ratane Si Kresna sesuk sira anggoa. Karo dene gonge kang aran Si Pancajannya aja adoh karo sira."
Raden Dananjaya sampun luwaran anggenipiin semadi, anjujug panggenanipun prabu Kresna. Aturipun : "Boten, wonten ingkang sisip pangandika dalem, tetes kaliyan wangsitipiin sang Hyang Jagatnata, boten sulaya sarambut." Prabu Kresna mesem angandika : "Ayo, adi, enggal padha angater marang Si Siti Sundari, kang arep mati bela."
Kacariyos Dewi Siti Sundari, sampun dandos angagem busananipun pejah, badhe ambelani ingkang raka, sadangunipiin angimur Dewi Utari, ingkang kilayu badhe tumut bela pejah. Sarehning rembulan sampun inggil, Dewi Siti Sundari kasesa, pangandikanipun dhateng Dewi Utari : "Kowe iku lagi meteng, ora kena ambelani bojomu. Sapa sing nyatur kowe angarani wedi bela, ora orane ana wong ngrasani. Kajaba saka ing iku, belane wong lagi meteng ora pakolih, malah anemu dosa, tetela yen kowe lagi meteng wolung sasi. Wis karia, aku pamit bakal menyang pancaka pabelan." Dewi Utari amangsuli, pegat pegat pangandikanipun: "Tutura menyang Si Abimanyu. yen banget prihatinku, awit digendholi dening para ratu, ora kalilan melu mati, bela munggah ing pancaka, sabab wetenganaku duning lair, ingaran nemu dukane dewa kang linuwih. Dene ciptaku, saking banget ing tresnaku, mung bisaa milu mati, muga muga aja ngantia lawas. Poma tuturna, yen banget mg pangesahku, mung angajap enggala runtung runtunga ana ing Indraloka karo Si Abimanyu Yagene teka sarenti, aku ora bisa ambarengi lakumu." Sareng Dewi Utari sampun lipur, Dewi Siti Sundari lajeng lumampah badhe pamit dhateng rama ibunipun. Sanget andadosaken prihatosipun ingkang sami dipun pamiti, ngantos boten saged angandika. Sareng sampun, Dewi Siti Sundari lumampah dateng peperangan, panggenaning layonipun ingkang raka, lajeng kabesmi sareng kaliyan Dewi Siti Sundari. Ingkang sami anjenengi pambesminipun sampun sami wangsiil. Rembulan sampun andhap, semunipun kados asih dhateng ingkang seda bela.
Sindurejo, inggih jayadrata gugur
Anunten byar rainten, arame swaraning kendhang, gong, beri. Gongipun Prabu Kresna ingkang nama pun Pancajannya katabiih angungkung, swaranipun kados dumugi ing Suralaya. Para ratu ingkang sampun sami ngalempak sabalanipun, tiningalan kados saganten.
Anunten barising Korawa medal, agengipun anglangkungi, kados upaminipun saganten pasang. Gelaripun taksih Cakrabyuha, kados ingkang sampun kalampahan. Amung ingkang wonten ing kiping sanes. Wondening Sindureja boten tumut medal perang, dipun reksa dening para Korawa. Korawa sampun angrakit gelar Cakrabyuha, ananging baris sapaningal. Ujuripun sadasa paningal. Kandeling baris mantri pepilihan punapa dene prajurit ingkang kendel kendel sarta sekti sekti sapaningal.
Anunten Pandhawa animbangi nata gelar Cakrabyuha. Drusajumena ngenggeni kiping tengen, Wrekodara wonten ing kiping kiwa, Dananjaya wonten ing gulu, anitih rata kaliyan Prabu Kresna. Wondening rata punika kagunganipun Prabu Kresna, apangirid kapal sakawan. Ingkang ngajeng anama Ciptawelaha kaliyan Abrapuspa, ingkang wingking anama Sukana kaliyan Senasekti. Para dewa mireng ungelipun gangsa kang anama Pancajannya, sami aningali wonten ing ngawang awang sarta anjawahaken wewangi. Menggah gangsa ingkang nama pun Dewadenta wonten ing wingking. Baris Pandawa medal kapurunanipun, awit saking mireng ungelipun gangsa kekalih wau. Panerakipun kados danawa rebatan daging, gelaring Korawa dadal, boten kuwawi anadahi pangamukipun barisaning Pandhawa.
Anunten rajaputra ing Mandaraka, anama raden Burisrawa, majeng nitih rata, badhe males risaking gelaripun.
Sesumbaripun, : "Heh, Setyaki, ngendi enggonmu kowe, ayo padha ngadu kasekten ana ing kene." Raden Setyaki majeng nitih rata, anudingi raden Burisrawa. Wicantenipun: "Heh, Burisrawa, begja banget aku, dene kowe kang mapagake perangku. Aja kowe ngoncati!" Sareng sampun sami ajeng ajengan, Raden Setyaki menthang langkap, anglepasaken jemparing, kenging ratanipun raden Burisrawa remuk, dalasan kusir kapalipun sami pejah. Burisrawa malumpat, sanget nepsunipun, lajeng amenthang langkap anglepasaken jemparing, kenging ratanipiin Setyaki remuk. Setyaki malumpat, dados sami perang darat kemawon. Sami ambucal langkap, anyandak gada kalih kalihipun. Lajeng rame agada ginada. Sareng gada kekalih tugel sami dipiin bucal lajeng udreg dedel dinedel, bucal binucal. Sarehning Setyaki kawon ageng inggil, kangelan anggenipun andugang mengsahipun. Wusana dhawah kalumah, dipun idak idak datheng Burisrawa, ngantos meh pedhot napasipun. Sareng Setyaki badhe dipun suduk, Prabu Kresna angandika dhumateng Dananjaya: "Enggal Si Burisrawa panahen baune kang sisih, supaya uwala lehe anjambak Si Setyaki." Dananjaya lajeng anglepasaken jemparing, kenging baunipun Burisrawa tugel. Burisrawa kaget, aseru wicantenipun: "Heh, Pandawa rusuh, tangkebmu cidra." Raden Dananjaya amangsuli : "Pandawa ora cidra, mung nimbangi lakuning Korawa, awit patine Si Abimanyu biyen iya kena ing cidra." Raden Setyaki sareng aningali Burisrawa tugel baunipun, lajeng nyandak jemparing. Burisrawa dipun jemparing kenging gulunipun tugel lajeng pejah.
Gumuruh surakipun bala Pandhawa. Korawa sareng aningali Burisrawa pejah, sami ngangseg sumedya amales ing pejahipun Raden Burisrawa. Pinten pinten jemparing ingkang dipun lepasaken, ngantos kados jawah. Pangamukipun Raden Dananjaya angobrak abrik. Wrekodara, Drusajumena, Gatutkaca, Nakula, Sadewa sabalanipun sami anarajang. Korawa kuwalahen sami mundur, meh dumugi ing panggenanipun Sindureja. Wonten ing ngriku sami kandheg plajengipun, amepeti margi ingkang dhateng panggenanipun Sindureja. Anglepasaken jemparing kathah, amurih mangsulaken ing pangamukipun Raden Dananjaya utawi Pandawa ingkang sekti sekti. Wrekodara nyelehaken langkap, nyandak gada anarajang. Pinten pinten Korawa ingkang pejah sami anggelasah, amargi dipun amuk ing gada dhateng Raden Wrekodara. Gelar Cakrabyuha ngantos risak. Pangamukipun Raden Dananjaya kaliyan jemparing, keten ingkang andhawahi mengsah.
Wondening panarajangipun Korawa saking kathahipun kados sulung, ambelasah ingkang pejah dening gada. Kathah para dipati ingkang pejah, sarta ingkang remuk rata tuwin gajahipun, awit kaamuk dhumateng Raden Wrekodara. Tandangipun kados gajah sewu meta. Pundi ingkang dipun terak tumpes. Baris ingkang ngamping ampingi panggenanipun Sindureja meh tipis, bala Pandawa tansah angangseg anarajang, ngantos kangelan anggenipun rumeksa dhumateng Sindureja wau.
Anunten Korawa sami amrayogekaken, Prabu Durjudana kundura ngungsi dhumateng kitha. Namung bagawan Sempani ingkang boten angrembagi, taksiha wonten ing paprangan, kareksa dening barisan. Bilih ngantos sesingidan, ciptanipun nistha, sarta boten, anetepi kasatriyanipun.
Bagawan Sempani anjungkung ing semadi, supados ingkang putra kang nama Raden Sindureja lepata ing pejah salebeting perang Bratayuda. Wondening pamujinipun, sageda anyipta wami Satus, ingkang kados Raden Sindureja. Sampun ngantos kenging Sindureja ingkang sayektosipun Kasupen yen ingkang momong ing Pandhawa, Prabu Kresna, boten kenging kekilapan. Wontena wami satus ingkang Sindureja sulap. amesthi sumerep Sindureja ingkang sayektosipun. Sayektosipun Batara Kresna boten kenging dipun dorani.
Raden Dananjaya sayah anggenipun amemejahi para bupati tuwin prajurit. Angantos telas saara ara, ing wingking sangsaya ambrubul boten karaos kalonging prajurit, kang pejaliaken. Ingkang punika sang prabu Kresna maras ing galih, awit dening surya sampun gumiwang, Sindureja dereng kapanggih, kinubeng ing gegaman. Enggal srengenge tinutupan ing cakra, dipun anggang anggang, dados sulakipun sumirat jenne. Lajeng dipun tetepaken cakranipun, peteng kados serap ing sayektosipun. Kang sarta Batara Kresna apeparentali dateng Pandawa, kapurih akalempaka kajeng. Sareng kajeng sampun ngalempak, lajeng kabesmi, andados latunipun. Unduring perang Pandawa sami ngumpul, sairib kados anjenengi obongipun Raden Dananjaya. Sindureja lepat ing pejah bilih sampun kaserapan surya. Sampun kawartos yen Raden Dananjaya badhe obong.
Korawa sami bingah bingah aningali, boten sumerep yen reka pagunanipun Prabu Kresna. Srengenge dipun tutupi cakra. Sanget anggenipun sami suka suka, asurak surak gumerah, alokipun : "Yen Dananjaya mati, Pandhawa ilang pamuke. Sing kari prasasat cecindhil, mung kari angghetak bae. Wrekodara tandange perang kaku, ora julig kaya Si Dananjaya. Kala samanten raden Sindureja tumut aningali, wedalipun saking gedhong ingkang kareksa ing baris, kados pratingkahing pandung.
Prabu Kresna sumerep sasolahipun Raden Sindureja, angandika dhumateng raden Dananjaya sarwi anedhahaken : "Kae Si Sindureja teka, uculana panahmu Si Pasopati dienggal, mbokmanawa kaselak weruh!" Raden Dananjaya ngungak ungak, matur dhumateng Prabu Kresna : "Panembahan, panggenanipun Sindureja wonten ing pundi?"
Prabu Kresna lajeng nyeneng langkapipun Raden Dananjaya sarta anedhahaken panggenanipun Sindureja, pangandikanipiin: "Kae apa, mara panahen dienggal." Raden Dananjaya jinjit, sampun sumerep dateng Sindureja, lajeng dipun lepasi jemparing, ingkang nama Pasopati. Sindureja kenging gulunipun tugel, lajeng pejah.
Anunten Prabu Kresna ngandika dhumateng Raden Dananjaya : "Endase Si Sindureja uncalna menyang enggone wong tuwane, isarat panahmu Sarutama." Raden Dananjaya lajeng mentang langkap, anglepasaken jemparing pun Sarutama. Sirahipun raden Sindureja katut kabekta ing jemparing, dawah ing ngarsanipiin ingkang rama. Bagawan Sempani pinuju saweg semadi, wondene ingkang dipun teteda salebeting puji, ingkang putra unggula ing perangipun, sampun ngantos mengsah saged amejahi Sindureja ingkang sayektosipun, amung ingkang sulap kemawon. Dene yen males ing mengsahipun ambilaenana, mengsah sadasa utawi satus sarenga pejahipun. Anunten sirahing putra dhawah ing ngarsanipun, dipun candak dumateng bagawan Sempani, sebutipiin akaliyan nangis : "Diih, anakku mati, yagene kowe teka nganti mati ing perang Bratayuda? Delengen aku, lagi memuja anenedha unggule perangmu.
Saseraping srengenge, sakathahing baris sami mundur dhateng ing pasanggrahanipiin piyambak piyambak. Prabu Druyudana muwun, pangan di kakimu pengendikanipun dhateng Druna : "Kadipundi karep andika, paman, ing sapatine satriya loro, pun Burisrawa karo pun Sindureja, prasasat kaicalan bau tengen Ian bau kiwa, napa kang digawe pepulih." Anggenipun ngandika makaten punika kaliyan kasesegan, kang sarta angrerepa. Wondening ingkang panuju wonten ing ngajengan : Salya, Karna, Sengkuni, Karpa.
Tumunten angandika malih : "Kadospundi pratingkah puniki, menggah karsane paman Druna kadospundi, saduliir kula katah kang pejah; Si Citradarma, Citrayuda, Upacitra, Carucitra, Jayasusena, Rekadurjaya, Darmajati, Suradurma, Angsa angsa, Citraksi, ing sapunika sami pejah dening Wrekodara, kang sarta pangamuke Arjuna, anglangkungi ing prihatin kula, napa kang digawe pepulih?" Druna awicanten seru: "Sapa amapagna perange Arjuna saking gedene sihe Hyang Batara Guru? Sapa bisa anadhahi pangamuke Wrekodara, sapa kelar nyembadani perange prabu ing Wirata, Ian sapa kelar nadhahi pangamuke prabu ing Cempala? Lah ana maneh, sapa bisa nulak pagunane Prabu Kresna? Wong gedhe kang limang iji iku, apa sing digawe nadahi perange?" Sang Prabu Duryudana lajeng angandika dhumateng Prabu Ngawangga : "Heh, andika benjing enjing kang mapagna perange pun Arjuna Ian Wrekodara, nanging anyuwuna parentahipun sang Pandita Druna." Aturipun Prabu Karna : Inggih, benjing enjing kula ingkang amethukaken perangipun." Sakalangkung bingah Sang Pandita Druna.
Gatutkoco Gugur
Enjingipun tetengering perang mungel. Korawa ambrubul andalidir, saking ing pasanggrahanipun piyambak piyambak, kados banjiring saganten. Sang Prabu Yudistira sampun medalaken bala, gelar taksih kados ingkang wau. Sareng majeng, kados tempuking saganten. Sareng gulet perang tanpa petangan. Sami bujeng binujeng, dedel dinedel arebut ngangkah pejah, kuwel kang prajurit. Ramening swara boten kantenan, bala silih ungkih. Ingkang dhateng sangsaya kathah. Wrekodara, Dananjaya pangamukipun angorak arik. Nglepasaken jemparing, wedalipun amradini. Wrekodara nglepasaken Bargawastra, Prabu Yudistira angrikataken gajahipun.
Kalantur saking ramening perang, ngantos scraping srengenge dereng wonten bibar. Ngantos kados ampuhan amor dados satunggil. Riwut gulet wonten ingkang ngundang ngundang : "Aku rewangmu." Saweneh ingkang wewartos namanipun : "Aku wong ing Cempala." Wonten ingkang angaken tiyang ing Wirata, tiyang ing Dwarawati, weneh tiyang Ngastina utawi tiyang ing Sabrang, ambantu tiyang Ngastina, punapa dene tiyang ing Mandaraka tuwin ing Ngawanggapati, kathah ingkang mastani nagarinipun piyambak piyambak.
Anunten para satriya utawi para mantri kang pepilihan, para ratu tuwin bupati ingkang anitih rata utawi gajah, oboripun sami datheng, abra kados jawah latu, amewahi ambranang satengahing paprangan. Ubekan kapal gajah, sarta ingkang nitih rata wangsiil datheng panggenanipun. Bala kados dipun pilihi, wangsul dhateng panggenanipun piyambak piyambak. Amiwiti perang malih, taksih pepak ingkang para ratu, punapa dene sawarnining para ratu sesuruhan. Majeng saking panggenanipun piyambak piyambak. Panempuhing perang, surak sakalangkung rame, Wrekodara pangamukipun anengah, amiing milih ingkang para dipati, ingkang sami nitih gajah utawi rata, punika ingkang dipun trajang. Dipun gada kathah pejah pating sulayah. Punapa dene raden Dananjaya, anglepasaken jemparing dibya. Punggawanipun Prabu Karna ingkang sinakti, anama Druwajaya, majeng anitih rata, pilih kang kuwawi nadhahi perangipun. Punika angunda gada, kathah prajurit ingkang pejah dipun amiik Druwajaya wau. Lajeng dipun trajang dhumateng Wrekodara. Punika Druwajaya pejahipun.
Anunten dhatenge pangamuke anengah raden Setyaki, sanget nepsu perangipun. Kathah bupati ingkang pejah, punapa dene para raja ingkang dhadhal saking pangamukipun. Saking riwuting nepsunipun Raden Setyaki, ngantos adamel bingunging mengsah. Anunten Partipeja majeng amukaken perangipun. Lajeng menthang langkap anglepasaken jemparing, kenging jajanipun Setyaki boten pasah nanging kontal, katut kabekta ing jemparing, dhawah kanteb.
Anunten putranipun Raden Setyaki, anama Raden Sanga sanga enggal majeng, amethukaken pangamukipun Partipeja. Rame jemparing jinemparing, boten wonten ingkang anedhasi. Lajeng ruket angaben karosan. Sami ing kasektenipun. Dumugi ing sakajeng kajeng. Arame dipun suraki, kados tiyang angaben sawung, remen ingkang sami aningali, dene sami ing prawiranipun.
Anunten Raden Wrekodara dhateng , atetulung dhumateng Raden Sanga sanga. Partipeja dipun lepasi jemparing, kenging jajanipun dhawah kanteb. Karaos sakit, sanget ing nepsunipun. Sumerep yen raden Wrekodara ingkang anjemparing, lajeng males anjemparing. Wrekodara kenging baunipun kiwa, kaget lajeng anyelehaken Bargawastra, anyandhak gada majeng. Raden Partipeja dipun gada remuk sareng kaliyan ratanipun. Ing ngriku pejahipun Partipeja dening raden Wrekodara.
Anunten anakipun Partipeja enggal badhe pepulih pejahing bapa. Raden Wrekodara dipun karubut, adangu rame perangipun. Wekasan anakipun Partipeja pejah dipun gada dhateng Raden Wrekodara, Punggawanipun Adipati ing Ngawangga anama Drestarata majeng. Inggih pejah dipun gada dhateng Raden Wrekodara, remuk saratanipiin. Wrekodara sanget ing pangamukipun, sinten ingkang majeng dipun gada. Akathah prajurit pepilihan ingkang pejah dening pangamukipun.
Anunten adinipun Sangkuni kekalih majeng, anama Anggajaksa kalih Sarabasanta, angirid prajurit saleksa, angroyok Raden Wrekodara. Boten kewedan dipun karubut ing perang. Lajeng wiwit anglepasakaken Bargawastra kathah prajurit ingkang pejah dening jemparingipun sangsaya riwut pangamukipun Raden Wrekodara, pundi baris ingkang katerak, tumpes. Anunten Raden Anggajaksa kalih raden Sarabasanta sami anglepasaken jemparing, angrubut Raden Wrekodara. Sareng dipun wales kajemparing, Raden Anggajaksa pejah. Ingkang raka anama Sarabasanta wau apepulih inggih pejah dipun jemparing dhateng Raden Wrekodara.
Sapejahe adhinipun Sangkuni kekalih, Korawa sami alit manahipun . Prabu Suyudana angrerepa pangandikanipun dhateng adipati Ngawangga: "Adhi para, papagna pangamuke Wrekodara, Dananjaya kang sarta Setyaki." Adipati Ngawangga enggal ngadeg. Aturipun : "Sampun semelang ing galih, amesthi ing dinten punika pejahipun Sena akaliyan Dananjaya. Kula ingkang methukaken, boten mawikani." Sakendepun adipati Ngawangga ngandika sagah amejahi Bima kaliyan Parta, lajeng Karpa awicanten : "Heh, Suryaputra, kowe iku yen calatu kaya dudu wong becik, ora patiit dirungokake para satriya. Aku arep wenih bae nyatane calatumu iku. Wrekodara Ian Dananjaya ora patut yen kasoran dening wong kang kaya kowe. Yen ana kemreki asungut, apa alus. Gelare Karna, olehe angarah kasekten, mangsa kowe ulapa."
Prabu Kresna angandika alon : "lya, kulup, tadahana uwakmu, awit saka ing parentahku!" Raden Gatutkaca nyembah : "Sinuhun, inggih sandika. Yen saking timbalan dalem, sanajan dumugia ing pejah boten mawi kumedhep. Sampun ingkang ndikakaken punika, sanajan langkunga saking sekti Adipati Karna, amesthi kawula boten wigih. Sembah kawula ingkang sayekti katura ing panjenengan dalem, dados jimat kaiden dhumateng ing pejah, kang sarta dadosa jimat ambilaeni mengsah. Yen kawula pejah ing perang, ingkang mugi panjenengan dalem prenahena kamulyaning swargan. Kawula boten gadhah cipta gesang, amargi pun uwa ing Ngawangga anglangkiingi sekti." Sang Prabu Kresna kumepyur salebeting galih, ing batos langkung kaduwung, lepating ing pangatag. Awelas, sanget etuning galih. Raden Dananjaya aningali dhateng sang Prabu Kresna, tingale sanget kaduwung, kuwur, sanget welas ningali ingkang putra Raden Gatutkaca, dene taksih sanget lare. Sadaya sami angredatos.
Raden Gatutkaca lajeng medal, muluk ing ngawang awang, mapagaken pangamukipun adipati ing Ngawangga. Lajeng perang rame ing wanci dalu. Satengahing perang, wonten danawa dhateng anarombol ing perang. Katahipun sakawan, anama Lembusana, kalih Salembana, tiga Kalasrenggi, sakawan Kalagasura. Sami ambekta bala kathah, amethukaken perangipun Raden Gatutkaca. Danawa sakawan wau sami pejah, dipun untir gulunipun dhateng Raden Gatutkaca.
Raden Gatutkaca sabalanipun sangsaya wuru pangamukipun. Balanipun Adipati ing Ngawangga sami giris. dipun jawahi ing jemparing dhateng Raden Gatutkaca saking ing ngawang awang. Jemparingipun Raden Gatutkaca wau medal saking tutuk, sarta saking asta tuwin saking delamakan.
Adipati ing Ngawangga giris aningali balanipun kathah ingkang pejah, males anglepasaken jemparing dhateng ing ngawang awang, nanging sami cupet. Sangsaya andadosaken ajrih sarta kekesing galihipun. Raden Gatutkaca tansah sesumbar saking ing ngawang awang. Adipati ing Ngawangga gugup ing solahipun, mireng swaranipun Raden Gatutkaca, kados galudhug. Enggal nyandak jemparing anama Kunta, dipun lepasaken manginggil. Raden Gatutkaca kenging puseripun, jemparing lajeng manjing.
Adipati ing Ngawangga sabalanipun sami sumerep, yen Raden Gatutkaca ketaton, sami alok Gatutkaca ketaton, katawis saking deresing rah. Kalanipun Raden Gatutkaca ketaton, anggadahi cipta yen badhe pejah, lajeng anjog sumedya pejah sampyuh kaliyan ingkang uwa. Adipati ing Ngawangga tangginas lumumpat saking rata, Raden Gatutkaca lajeng angebniki rata. Rata remuk sakusir kapalipun.
Sareng Korawa aningali yen Raden Gatutkaca pejah, sami surak gumerah. Pandawa sami dhedep sarta anangis. Boten dangu lajeng sami ambyuk mangsah ing perang. Prabu Yudhistira sarta Raden Dananjaya angamuk ambudi pejah. Raden Wrekodara sareng mireng yen ingkang putra pejah, lajeng ngamuk liwung sarwi angusapi eluh. Gadanipun mobat mabit, kathah para dipati tuwin satriya Korawa ingkang pejah. Druna angabani Korawa makantiikaken gelar. Arame perangipun ing sadalu, wusana kasapih saking sami aripipun.
Kacariyos ibunipun raden Gatutkaca, anama Dewi Arimbi, sumedya obong ambelani ingkang putra. Lajeng pamit dhateng ingkang raka sarta para sadherekipun sadaya. Sareng sampiin kalilan, lajeng amurugi layonipun ingkang putra wonten ing paprangan. Sadhatengipun ing ngriku, lajeng dipun obong sareng kaliyan layonipun ingkang putra.
Durno Gugur
Enjingipun lajeng sami nabuh tengaraning perang, sami anata barisipun piyambak piyambak. Ingkang dados senapatining Korawa taksih pandhita Durna. Wondening senapatining Pandawa, Raden Drustajumena, lajeng sami ngabani bala mangsah ing perang. Druna kinarubut ing para prajurit Pandawa, sami anjemparingi, nanging boten pasah. Prabu Kresna lajeng amangsit dhateng Raden Wrekodara, kapurih amejahana mengsah ratu ing Malawapati, sarta gajahipun ingkang nama Aswatama. Wrekodara enggal lumumpat, mangsah anggada ratu ing Malawapati, ajiir sagajahipiin kadhawahan gada. Wrekodara lajeng alok : "Aswatama mati" , sarta para Pandawa inggih alok makaten. Druna sareng mireng alok wau, sanget ing kagetipun sarta nangis. Anyana putranipun ingkang pejah, awit putranipun anama Aswatama. Lajeng marepeki badhe pitaken dhateng Wrekodara tuwin Janaka, nanging sampun sami dipun wangsit dhateng Prabu Kresna, kapurih sami dora. Namung Prabu Yudhistira ingkang dereng purun. Wangsulanipun dhateng Prabu Kresna : "Kakang Prabu, kula boten punin wicanten dora, ingkang mawi salami kula gesang dereng nate dora. Kaping kalihipun pandhita Druna punika guru kula, dados sangsaya sanget ajrih kula yen dora." Prabu Kresna ngandika mallh : "Yayi prabu ngandika makaten kemawon : esthi Aswatama pejah," Anunten Druna dhateng ngarsanipun Prabu Yudhistira, sarta anitlh rata, lajeng pitaken. Wangsulanipun Prabu Yudhistira : "Esthi Aswatama pejah." Pamirengipun Druna : pasthi Aswatama pejah. Druna lajeng sumaput, andhawah gumalundhung wonten salebeting rata. Para dewa gumuruh ing ngawang awang, sami angelokaken Druna mati. Raden Drusajumena enggal amurugi, angethok mastakanipun Druna, dipun damel onclang, lajeng kasawataken dhateng panggenaning mengsah. Prabu Suyudana kaget kadhawahan sirah, enggal lumajeng, bala Korawa larut sadaya.
Raden Aswatama pitaken : "Heh, wong Korawa, yagene dene padha lumayu ?" Karpa amangsuli: "Heh, Aswatama, yen kowe ora weruh, bapakmu ing samengko wis mati, dikethok gulune marang Raden Drustajumena." Raden Aswatama sareng mireng ingkang rama pejah sanget ing nepsunipun Lajeng umangsah anglepasaken jemparing latu, agengipun saredi alit.
Bala Pandhawa giris. boten wonten nyipta gesang. Raden Janaka dipun dhawahi dhateng Prabu Yudhistira, kapurih amethukna perangipun Aswatama. Sang nata sarwi amuwuni gurunipun kang nama Druna wau. Prabu Kresna lajeng parentah dhateng bala Pandhawa, andikakaken sami darat sadaya, sabab jemparing latu wau boten purun ambesmi tiyang ingkang dharat. Anunten Wrekodara dipun ken methiikaken latu dhateng Prabu Kresna, sarta numpaka rata. Wrekodara enggal majeng anitih rata. Sareng Raden Janaka ningali yen ingkang raka badhe kabesmi, enggal anglepasaken jemparing, latu lajeng ical sami sakedhap. Raden Aswatama wau lajeng mundur, saha sanget ing lingsemipun, sumedya tapa malih, supados wewaha kasaktenipun. Bala Korawa sarta Pandawa kasaput ing dalu, lajeng sami mundur.
Prabu Suyudana ing dalu pirembagan kaliyan para ratu. Kentheling rembag, Prabu Kama ing Ngawangga ingkang kadadosaken senapati. Prabu Suyudana angebang badhe amasrahi ing Ngastina. Prabu Karna inggih sampun anyanggahi, anumpes Pandawa sami sadinten. Kacariyos Prabu Karna wau sakalangkung wanter sarta sakti, abagus wamanipun, saha kagungan jemparing anama Wijayadanu. Punapa ing saciptanipun ingkang gadhah, Wijayadanu inggih dados.
Prabu Suyudana sakalangkung suka , amirengaken kasagahanipun Kama. Lajeng angganjar pangangge kang sae sae dhateng Prabu Kama sabalanipun waradin. Nanging balanipun sadaya sami susah. Tuwm garwanipun inggih sanget susah, amargi sampun kathah dalajatipun, amratandhani yen Prabu Karna badhe kasoran perangipun.
Kocap Pandhawa, Prabu Dwarawati saha Yudhistira tuwin Janaka. Ing dalu sami tindak dhateng ing papan paprangan, angupadosi layonipun Durna tuwin Bisma. Sareng sampun kapanggih, lajeng sami kabesmi. Sasireping latu, wonten swara, asanjang yen Pandhawa badhe menang ing perangipun. Prabu Kresna, Yudistira, sarta Janaka, lajeng sami kondur masanggrahan. Injingipun lajeng sami anabuh tengaraning perang. Sareng sampun sami tata barisanipun, lajeng sami amedali ing perang. Ing sadinten punika Pandawa kaliyan Korawa katah ingkang pejah. Bibar kasaput ing dalu.
Ing dalu Prabu Suyudana sami pirembagan akaliyan para ratu: Salya, Kama, sami wonten ing ngarsa. Prabu Karna anyuwun kusir dhateng Prabu Suyudana. Wondening ingkang dipun suwun Prabu Salya ing Mandaraka, supados timbanga akaliyan kusiripun Raden Janaka. Aturipun Prabu Karna, yen Prabu Salya kaparingaken dados kusir, dipun kinten Pandhawa tumpes ing sadinten benjing enjing dening jemparingipun ingkang nama Wijayadanu. Prabu Salya sareng midhanget aturipun Karna, sanget dukanipun. Prabu Suyudana enggal angrerepa, anyembah sarta anangis amemelas aturipun dhateng ingkang marasepuh, katuran nuruti panyuwunipun Karna, Prabu Salya dangu dangu sareh dukanipun, welas aningali mantunipun, wusana anyagahi dados kusir.
Kocap Pandhawa sami pirembagan. Kresna ngandika dhateng Raden Janaka : "Ing sadina sesuk kowe kang dadia Senapati, anganggoa gelar Ardacandra, sarta kowe dingati ati. Yen kowe kurang pangati ati, bakal dadi bilaine awakmu, karana Si Karna luwih saktine." Arjuna matur sandika.
Enjingipun sami nabuh tengaraning perang. Para ratu akaliyan para dipati sami anata bans angrakit gelar. Ingkang sami nitih rata tuwin gajah saha kapal sampun sami mirantos. Prabu Karna nitih rata, sarta aningali mengsahipun, ambelabar kados saganten.
Karna sakalangkung suka saha matur dateng kusiripun : "Rama Prabu, barisipun Pandhawa anglangkungi kathahipun. Ingkang wonten ing pinggir boten katingal, nanging mangke sakedap kemawon tumpes sadaya dening jemparing Wijayadanu." Prabu Salya sareng mireng sanget ewa, sarta amajanani, wangsulanipun : "Heh, Karna, kiraku kowe ora bisa anumpes Pandhawa kowe dakupamakake iwak mentah, Pandhawa kang bakal angolah, ing sakarep karepe iya dadi." Kama sareng midhanget sanget ing wirangipun sarta nepsu, aken ngajengaken rata sarta menthang gandhewa. Korawa sareng aningali senapatinipun majeng, lajeng ambyuk mangsah ing perang. Pandhawa anadhahi. Ramening perang kados alun anempuh redi. Korawa wewah ing kakendhelanipun amargi ningali senapatinipun sakalangkung kendhel sarta sakti, dasar bagus waminipun. Jemparingipun Karna ambarubul wedalipun saking gandhewa, ngebeki ing paprangan. Bala Pandhawa kathah ingkang pejah, ratanipun Kama ngalojok anglancangi bala, kaidak punin. Korawa anuruti angmbut mengsah. Bala Pandhawa bibrah tatanipun, giris aningali tandangipun Karna saha kawus kala pejahipun Gatutkaca dening Suryaputra. Bala Pandhawa lajeng larut. Raden Nakula, Yuyutsuh, Drusajumena, ratanipun sami remuk, dipun jemparing dhateng Karna. Nunten sami lumajeng. Prabu Yudistira, Arjuna, Wrekodara, enggal sami anulungi, methukaken pangamukipun Karna sarta sami nglepasi jemparing. Bala Korawa kathah ingkang pejah, kandheg ratanipun Karna, lajeng sami perang ijen ijenan, ajemparing jinemparing.
Prabu Suyudana dipun jemparing dhateng Wrekodara dhawah kalumah, nanging boten pasah, lajeng andhelik wonten wingkingipun ing baris. Raden Wresasena, putranipun prabu Karna, pejah dening Raden Setyaki. Prabu Suyudana kapanggih kaliyan Wrekodara, lajeng dipun jemparing dateng Wrekodara, kenging kendhengipunn pedhot, anunten lumajeng.
Raden Dursasana, ingkang rayi Prabu Suyudana, enggal angalingi Ingkang raka, amethukaken Wrekodara, sarta nitih gajah, anglepasi jemparing anama Barla. Wrekodara kenging jajanipun, dhawah kabanting, nanging boten pasah. Nunten tangi anyandhak gada sarta angesuk. Gajahipun Dursasana dipiin gada sirahipiin ajur. Dursasana enggal lumumpat dhateng siti. Nunten sami gada ginada. Dursasana mmaos kuwalahan, badhe lumajeng, lajeng dipun jambak rambutipun sarta kasendhal dhateng Wrekodara dhawah kalumah, rambutipun taksih kacepeng dateng Wrekodara sarta dipun gadani. Prabu Sujoidana sasedherekipun nulungi, sami anjemparingi, nanging Wrekodara boten ajrih. Prabu Yudhistira sasentananipun lajeng sami amethukaken perangipun Prabu Suyudana, dados Raden Wrekodara wau dipun suraki kemawon saking katebihan. Raden Wrekodara ing sakajeng kajengipun, anggenipun badhe damel pangewan ewan dhateng Dursasana, sarta wicanten sem anyeliik para dewa tuwin para ratu mengsah saha Pandhawa sadaya : "Heh, kabeh padha aneksenana, yen aku bakal angluwari kaule ipeku kang jeneng Dewi Drupadi garwane kakang Prabu Yudhistira. Iku ora gelem gelungan ing salawase, yen durung keramas getihe Si Dursasana. Ing mengko bakal kalakon."
Kacariyos, mila Dewi Drupadi gadhah kaul makaten, kala saderengipiin perang Bratayuda, Prabu Yudhistira sasedherekipun pinuju sami kesah tapa. Dewi Drupadi lajeng kaboyong dhateng nagari ing Ngastina. Wonten ing ngriku dipun pisakit saha kadamel sawenang wenang dhateng Raden Drusasana.
Kacariyos Raden Wrekodara anggenipun darnel pangewan ewan wau, wetengipun Dursasana kabedhel, rahipun dipun kokop. Barabeyanipun kaodhet odhet, lajeng dipun awut awut. Suku sarta tanganipun sinempal sempal, lajeng dipun balang balangaken. Sirahipun kaejur ing gada. Raden Wrekodara lajeng mundur dhateng ing pasanggrahan sumedya manggihi Dewi Drupadi, sarta ambeksa samargi margi. Prabu Yudhistira sasentananipun tuwin ingkang garwa enggal sami methuk angurmati, sarta anggunggung dhateng Wrekodara. Jenggot sarta brengosipun Raden Wrekodara taksih gupak rah, lajeng dipun peres wonten ing mastakanipiin Dewi Drupadi. Ing ngriku luware punaginipun. Pandhawa sami suka, ing sakedhap punika kendel anggenipun perang.
Karno Tanding
Sareng wanci lingsir kilen Pandhawa sami geger aningali mengsah dhateng, ratanipun Karna sampun dumugi satengahing paprangan, anglancangi balanipun. Bala Korawa sami anututi manengah. Prabu Kresna enggal angatag Arjuna, dipun ken nitih rata, amethukaken perangipun Karna. Raden Janaka enggal nitih rata, ingkang ngusiri Prabu Kresna. Bala Pandhawa sarta Korawa sami anyuraki saking katebihan kemawon.
Wondening ingkang perang amung senapatinipun kemawon, sami satunggil, inggih punika ingkang dipun wastani : Perang Kama tinandhing. Mila dipun wastani makaten, dene warnanipun kembar akaliyan Raden Janaka. Sami bagusipun, kendhel sarta kasektenipun inggih sami, tuwin kasagedanipun. Dhasar sadherekipun piyambak, tunggil ibu sanes bapa. Amung pasemonipun ingkang sanes, Prabu Kama semu ladak, Raden Janaka semu luruh. Sarta sami gadhah jemparing peparinging dewa. Prabu Kama jemparingipun anama Wijayadanu, punapa saciptanipiin ingkang gadhah, Wijayadanu inggih dados. Raden Dananjaya jemparingipun kekalih , satunggil anama Sarutama, satunggil anama Pasopati, punapa saciptanipun Raden Dananjaya, jemparing kekalih wau inggih dados. Wondening ingkang dados kusiripun inggih sami ratu ageng : Prabu Salya akaliyan Prabu Kresna, Mila para dewa, para widadari tuwin Pandhawa saha Korawa, ingkang aningali perangipun satriya kekalih wau sami anggadhahi pangeman, yen pejaha ing salah satunggil, badhe boten wonten ingkang dipun tingali. Karna kaliyan Arjuna lajeng sami angaben kasekten. Ratanipun sami ubeng ubengan, sami lepas linepasan jemparing.
Prabu Karna amenthang gandhewa sarta anginceng jemparingipun. Nunten kasam wonten sawer dhateng ing ngarsanipun, cumalorot saking ngawang awang, agengipun anglangkungi, saged wicanten kados tiyang, anama Ardawalika. Matiir datheng Prabu Kama: yen badhe amales ukum dhateng Arjuna. Karna amangsuli : "Sakarepmu ing kana, enggonmu arep mateni si Janaka, aku ora anyenyambat marang kowe!" Raden Janaka enggal anyandhak jemparing, lajeng kalepasaken. Sawer pun Ardawalika kenging lajeng pejah, gumebrug dhawah ing siti. Prabu Karna anggenipun nginceng jemparing wau angangkah jangganipun Raden Janaka. Prabu Salya sumerep, yen pangincengipun Prabu Karna wau badhe ambilaeni dhateng Raden Dananjaya. Nunten tetalining kapal dipun tarik, ratanipun lajeng gonjing anyarengi uculing jemparing, dados ewah ing pangincengipun, kapara manginggil. Raden Janaka makutanipun timpal kenging jemparing. Prabu Kresna enggal anulungi, angelus rema sarta angleresaken makutanipun. Kama sanget ing getunipun, dene Raden Janaka boten kenging jangganipiin, nanging boten sumerep yen dipun pandamel dhateng kusiripun. Prabu Kama nunten nyandhak jemparingipun Wijayadanu, sarta kawawas, Ingkang dipun angkah jangganipun Arjuna. Prabu Salya lajeng anggenjot ratanipun, anyarengi uculing jemparing. Raden Dananjaya kenging gelunganipun tatas. Janaka sanget nepsunipun sarta lingsem, enggal males anjemparing. Kapal pangiriding ratanipun Karna tatas sukunipun sadaya. Raden Janaka amawas malih jemparing pun Pasopati. Prabu Karna inggih amawas pun Wijayadanu, sarta dipun mantrani. Nanging karumiyinan dhateng raden Janaka. Prabu Karna tugel jangganipun, kenging ing jemparing Pasopati. gumebnig dhawah salebeting rata. Bala Pandawa surak gumerah. Korawa sami lumajeng. Nunten sami amargi kasaput ing dalu.
Salyo Gugur
Prabu Suyudana apirembagan kaliyan patih Sangkuni, sarta prabu Salya, tuwin ingkang rayi rayi ingkang namung kantun kalihdasa, sadaya sampiin sami pejah. Prabu Suyudana matur sarwi anangis dhateng Prabu Salya, dipun aturi dados senapati, angrebata nagari ing Ngastina. Wangsulanipun Salya boten punin, sarta angrembagi amasrahna nagari Ngastina ingkang sapalih dhateng Pandawa. Yen Pandawa boten narimah, Salya sagah anumpes . Aturipun Prabu Suyudana boten pareng, awit sampun kasep. sarta putra tuwin sadherekipun kathah ingkang sampun sami pejah. Adangu sami diya diniya.
Anunten Raden Aswatama dhateng, lajeng wicanten saru, sarta amelehaken pratingkahipun Prabu Salya, kalanipun angusiri perangipun Karna. Prabu Salya sanget dukanipun, lajeng badhe kerengan kaliyan Aswatama, nunten kapisah dhateng Suyudana. Raden Aswatama katundung, lajeng kesah atapa dhateng ing wana. Prabu Salya sareh ing dukanipun, wusana anyagahi dados senapati. Prabu Suyudana suka ing galihipun, lajeng angganjar busana kang sae sae dhateng bala ing Mandaraka, sadaya waradin. Sampun misuwur yen Prabu Salya dados senapati.
Antawis kalih dinten kendelipun ing perang. Pandhawa sampun sami mireng, yen Prabu Salya dados senapatining Korawa, lajeng sami bingung. Prabu Yudhistira sasedherekipun sami nedya pasrah pejah kemawon dhateng Prabu Salya, awit sakmg ajrihipun. Dasar ratu sepuh saha kapernah sepuh, sarta sakalangkung sekti, boten wonten purun anadhahana perangipun.
Prabu Kresna lajeng dawah dhateng Raden Nakula, sarta Sadewa, kapurih sowan dhateng ingkang uwa Prabu Salya, sarta kawulang pratingkahipiin yen sampun dumugi mg ngarsanipun Prabu Salya. Raden Nakula sarta Sadewa lajeng mangkat dhateng ing pasanggrahan Mandaraka, tanpa bala.
Sareng dumugi ing ngriku, Prabu Salya kapanggih wonten ing sanggar pamujan. Raden Nakula Ian Sadewa lajeng angrungkebi sukunipun ingkang uwa, sarta anangis. Aturipun : „Bilih uwa prabu saestu dados senapati, boten sande badan kula, saha saderek kula sadaya, badhe tumpes dening sampeyan, tuwin para Ratu Pandhawa sadaya inggih sami ajrih dhateng kasekten sampeyan. Aluwung kula pejaha ing sapunika kemawon." Raden Nakula saha Sadewa lajeng sami narik dhuwung, ajeng sudiik sarira.
Prabu Salya enggal anyandhak duwungipun ingkang putra kalih pisan. Angrangkul sarta amuwun. Pangandikanipun : "Wis aja nangis, sanadyan aku wis katrucut sagah dadi senapati, ing batin banget tresnaku marang kowe, karana aku wis ora duwe anak lanang. Anakku Si Burisrawa Ian Si Rukmarata wis padha mati ing perang Bratayuda, dadi ing mengko mung kowe kang wajib duwe negaraku ing Mandaraka. Dene wekasku, sesuk yen aku maju ing perang, kakangmu Si Yudistira bae konen mapagake perangku, sarta jimate kang aran Kalimausada, iku konen manahake marang aku, amesthi ing kono patiku. Yen liya saka ing iku, gegaman liyane dakkira ora nana kang tumama ing awakku, Ian nora nana kang bisa angalahake ajiku Candhabirawa; karana kalane ing biyen aku mateni maratuwaku aran Bagawan Bagaspati, iku nuli ana swara, ujaring swara : "Heh, Salya besuk ing perang Bratayuda, yen ana ratu ambek pandhita, sarta duwe jimat Kalimasada, ing kono aku males marang kowe." Sarta aku ditinggali aji Candhabiwara. Amung wekasku marang kowe, yen aku mati, nagara ing Mandaraka bae mangsa bodhoa kowe. Wis kowe nuli muliha!" Raden Nakula saha Sadewa sangsaya sanget anggenipun muwun, lajeng pamit mantuk. Samargi margi boten kendel angusapi eluh.
Sadhatengipun ing pasanggrahan, lajeng sowan ingkang raka Prabu Yudhistira, tuwin Prabu Kresna, Wrekodara, Janaka. Raden Nakula saha Sadewa lajeng matur mg sawewelingipun Prabu Salya. Prabu Yudistira sakaliyan Arjuna sareng midhanget lajeng sami muwun, welas dateng Prabu Salya. Prabu Kresna akaliyan Wrekodara sami gumujeng, sarta anglirik dhateng Prabu Yudistira, sabab salaminipiin gesang, Prabu Yudhistira punika dereng nate duka, saha dereng nate anyakitaken manahing tiyang, mangka ing mangke badhe anglampahi mejahi Prabu Salya.
Kacariyos malih pasanggrahan ing Mandaraka, garwanipiin Prabu Salya, anama Dewi Setyawati, anglangkungi ayunipiin. sarta pakarti, saged angladosi kakung, sarta pantes ing salelewanipun. Sampiin patutan gangsal, ingkang jaler kekalih, anama Raden Burisrawa akaliyan Rukmarata, nanging sampun sami pejah ing perang Bratayuda. Putranipun estri tiga, satunggil kagarwa dhateng Prabu Suyudana, satunggil kagarwa ing Prabu Kama, satunggilipun kagarwa ing Prabu Baladewa ing Mandura.
Ing sapengkeripun Raden Nakula sarta Sadewa, Dewi Setyawati sanget anggenipun muwun, anethah dhateng ingkang raka, dene ambelakaken isarat ingkang badhe adamel ing sedanipun, boten angowel sariranipun, sarta putra putranipun estri, amilalah kapenakanipun. Dewi Setyawati badhe suduk sasira, Prabu Salya enggal anyandhak patremipun ingkang rayi, sarta anyerepaken mgkang dados karsanipun. Lajeng dipun Sareng ing bangun enjing ingkang garwa kapatos nggenipun sare, abantal astanipun mgkang raka, sarta paningsetipun dipun tindhihi mgkang sapalih. Prabu Salya alon andudut astanipun, paningsetipun lajeng katigas ing dhuwung. Nunten tumedhak lirih, ingkang garwa lajeng dipun apit ing guling, sarta payudaranipun kaseselan ing golek kancana, sarta kawicantenaken : "Ibu, Si bapak lunga perang." Prabu Salya lajeng tedhak ing jawi, aningali srengenge sampun malethek. Balanipun sampun pepak, nunten wangsul angrangkul sarta angarasi ingkang garwa. Pangandikanipun : "Nimas, karia sare, aku pamit perang." Anggenipun ngandika makaten punika sarwi amegeng waspa. Prabu Salya lajeng dandos. Srengenge sampun inggil. Balanipun dangu anggenipun sami ngentosi.
Prabu Salya miyos anitih rata. Balanipun lajeng anabuhi tengaraning perang, saha angrakit gelar. Prabu Suyudana sabalanipun angumpul wonten ing ngriku. Pandhawa inggih sampun angrakit gelar saha anabuh tengara, lajeng mangsah ing perang. Tempuhing perang kados mendhung pethukan sami mendhung, ramening perang swaranipiin kados redi jugnig. Sampun kathah ingkang pejah. Korawa amestekaken yen Pandhawa baddhe tumpes dening senapati Salya. Prabu Salya amedalaken aji Candhabirawa, anunten kathah sarta wami wami danawa ingkang medal saking sariranipun. Angebeki ing paprangan, sarta sami ambekta dedamel. Ambebujeng mengsah, anggadani, amedhangi saha anyakoti mengsah. Yen kawales dipun pejahi, sangsaya wewah kathah. Korawa surak gumerah sarta sami suka aningali. Bala Pandhawa kathah ingkung pejah, giris sami lumajeng. ngungsi wingkingipun Prabu Kresna saha prabu Yudistira.
Prabu Kresna lajeng angundhangi bala Pandhawa sadaya, andikakaken ambucali dedamelipiin, sarta sami kekudunga. Lajeng sami anglampahi dhawuhipun Prabu Kresna sadaya. Dawana ingkang medal saking aji Candhabirawa lajeng sami dhelog dhelog kemawon, angadepi mengsahipun. ngungun, kabekta dhateng ing pasarean. Prabu Kresna anunten angatag dhateng Prabu Yudhistira amethukna perangipun Salya. Prabu Yudhistira enggal anitih rata, majeng dhateng ing paprangan.
Prabu Salya amatak aji Candhabirawa malih, ambrubul wedaling danawa sakmg sariranipun. Ageng ageng sarta katah, angungkuli ingkang rumiym. Sami amurugi Prabu Yudhistira. Prabu Yudhistira enggal amawas Kalimausada, amedalaken latu anglangkungi agengipun. Latu wau lajeng ambesmi danawa wau, telas kabesmi sadaya. Prabu Yudhistira lajeng anglepasaken Kalimasada. Prabu Salya kenging jajanipun pejah, gumebing Yudhistira dhawah ing rata. Bala Pandawa surak gumerah, sarta ambyuk ambujeng mengsah. Korawa lumajeng ing sapurug purug. Nanging kathah ingkang kacandhak pejah tuwin teluk. Patih Sangkuni kacandak dhateng Raden Wrekodara, lajeng dipun sempal sempal. Prabu Suyudana lajeng kondur dhateng pasanggrahanipiin, sabala punggawa saha satriyanipun.
Wonten bupati ing Mandaraka satunggil sampiin sepuh, kataton kalanipun andherek Prabu Salya amedali perang, punika apratela dhateng Dewi Setyawati, yen ingkang raka seda wonten ing paprangan. Sareng dipun pratelani makaten, Dewi Setyawati lajeng kantu. Sasampuning enget, kekah ing karsa badhe ambelani ingkang raka, lajeng anitih rata sarwi angasta patrem, kaderekaken ing prekan satunggil, anama Sugandini. Sumedya tindak dhumateng ing Kurusetra, angupadosi layonipiin ingkang raka. Sareng andhungkap dumugi ing Kurusetra, ratanipun remuk, dados kapeksa tindak dharat angupadosi layoning raka. Dangu dangu pinanggih Dewi Setyawati enggal angunus patrem. Katamakaken ing jajanipun, lajeng seda. Parekan ingkang nama Sugandini inggih sudiik sarira, ambelani gustinipiin. Anunten para dewa saha para widadari sami angiring nyawanipun Prabu Salya, akaliyan nyawanipun Dewi Setyawati dhumateng ing Suralaya. Wonten ing ngriku sami pakantuk kanugrahaning swarga.
Duryudono Gugur
Kacariyos Prabu Suyudana, sabedhahipun nagari ing Ngastina, sakmg mirisipun asingidan wonten sungapaning saganten, angedhem ing toya. Ananging katitik pasingidanipun denmg bala Pandawa. Lajeng kapratelakaken dhumateng Prabu Yudistira, saha dhumateng Prabu Kresna.
Anunten sami bidhal sabalanipun. Sadhatengipun wonten sungapaning saganten, bala Pandawa sami sumerep ing solahipun Prabu Suyudana angedhem salebeting toya. Wrekodara anyumbari saking ing dharatan, sarta anguwus uwus, awit boten prayogi yen ratu kawon perangipun lajeng singidan ajrih manawi pejah. Kapurih mentasa badhe kaajak perang tandhing. Prabu Suyudana sareng mireng enggal mentas saking toya, reyab reyab sarta kalebus, anjujug ing ngarsane Prabu Kresna, Prabu Kresna anantun, punapa punin kaaben perang tandhing kaliyan Wrekodara. Wangsulanipun Suyudana inggih purun. Prabu Kresna parentah dhateng balanipun, kinen anyukani busana karajan dhateng Prabu Suyudana, sarta dedamel gada. Nunten kasaru rawiihipun Prabu Baladewa ing Mandura, saking tapa sangandhaping grojogan toya ageng.
Prabu Kresna kaliyan Prabu Yudhistira sasedherekipiin enggal sami amethuk sarta ambagekaken. Sarta apratela, yen Prabu Baladewa boten ameningi perang Bratayuda, nanging badhe ameningi perang tandhingipun Wrekodara kaliyan Suyudana. Prabu Baladewa kaaturan ngidinana. Wangsulanipun Prabu Baladewa : mila enggal kondur saking pratapan awit dipun sanjangi dhateng Sanghyang Narada, yen badhe boten ameningi perang Bratayuda. Dene mg mangke inggih sumedya angidini dhateng mgkang badhe sami perang tanding. Wondene Prabu Suyudana wau sareng aningali rawuhipiin Prabu Baladewa, sakalangkung bingahing galihipun, cipta badhe wonten mgkang mitulungi ing sariranipun. Awit nagari Mandura punika kabawah ing nagari Ngastina, sarta Prabu Sasampuning Prabu Suyudana angagem busana karajan, sarta angasta gada ageng, lajeng wiwit perang tandhing kaliyan Wrekodara. Arjuna maras ing galih, bilih ingkang raka kasoran prangipun.
Enggal matur pitaken dhateng Prabu Kresna : sinten kang badhe kasoran perangipun. Prabu Kresna anyerepaken, sarta Arjuna kadhawahan angengetna dhateng Wrekodara, saking katebihan kemawon, yen pangapesipun Prabu Suyudana wonten pupunipun kang kiwa, Arjuna enggal anyaketi ing sawetawis kang aperang tanding. Arjuna angejepi sarwi anampel wentisipun kang kiwa. Wrekodara sakedhap aningali pamangsitipun ingkang rayi, sampun anampeni, enggal ngangseg perangipun sumedya ngruket. Suyudana kewedan, sumedya ngoncati amapan kang omber, Lajeng milar, sinarengan sinabet ing gada dhateng Wrekodara, kenging wentisipun kiwa. Suyudana ambruk.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar