Translate

Selasa, 25 November 2014

kundur dalem Sang Noto

Anerasaken lelampahan dalem Kanjeng Sultan Agung

Bareng Djurutaman weruh kahanane sultan Banten sak punggowone podo nungkul kanti aris, seneng ing atine sarwo amemudji supoyo lestari ing sakteruse.ing wektu iku Djurutaman pinudju ketemu kancane kang ugo bongso lelembut, di ampirke iyo gelem, ,, ngiras ngrembug kang podo dadi lelakone.satemah anggone podo jejagongan.
Sultan Agung banjur ndawuhake opo mestine kang dadi tumprap tetelukan,lan nemtoake kapan anggone nyowanake mring Mataram.
Paripurno anggone podo perjanjen.. sang Noto noleh memburi,nanging Djurutaman katon sepen,wus sak watoro Sang Noto anggone nyratekake nanging Djurutaman mekso durung teko.
Mulo Kanjeng Sultan Agung emar ing penggalih kuwatos mbok menowo kawanguran.
Sang Noto tedhak soko ing dhampar miyos ing pelataran... sarehne isih rinekso mring Sukmo Noto.. sanajan dhampar katilar parandene ora ono kang podo sumurup.
Kanjeng Sultan sakkalangkung prihatos, tansah netah sariro anggene kirang prayitno.soko emaring penggalih wantuning trah kusumo, temahan nekaake goro-goro nggegirisi.Sang Noto banjur ngeningake cipto... saknaliko peteng ndhedhet leliwengan, geter pater ndhedhet erowati kawah concrodimoko kadyo kinebur.
Sak sireping peteng sirno byar padang trawangan Lir pindho rahino.saknaliko ing ngarsane Sultan Agung ono sawenehing wong tuwo teko tanpo sangkan paran mesem2 sarwi ngendiko " duh babo wayah ingsun sarehne siro wus njarak ngandel marang barang kang ora keno di endel, koyo paran siro teko prihatin?? Sak becik becike lelembut iku isih becik budine wong kang olo banget" Kanjeng Sultan tumungkul mawat waspo. Wong tuwo mau banjur nuntun kepriye kang dadi kersane Sang Noto. Kanjeng Sultan Matur sumonggo kerso. Ngendikane priyayi mau "duh babo kaki Sultan... ingsun ngemban dawuh timbalane Hyang Sukmo Noto.. kadawuhan medjang marang siro" Kanjeng Sultan sakkalangkung nestho ing penggalih sak naliko banjur kawedjang kacakup kabeh ora ono kang cicir kecer .. Sak wise pono kabeh Kanjeng Sultan kadawuhan ngrasuk kabeh soko wedjangan mau, supoyo rawuh kundur ing kraton Mataram.
Kanjeng Sultan Agung radi kelintu tampi, di kinten kaaturan lumebet ing kulambi... marang wong tuwo mau... awit klambine djubah gede banget, , mulo Kanjeng Sultan banjur lumebu ing kulambi ne wong mau soko pucuk asto. bareng rumongso dunugi ing cengklekan kroso kedjedug igo.mak jleg anjlok wus rawuh ing pelataran kaputren sakjroning kedhaton Mataram.
Lah iyo iku menowo dasar kusumo tur dasar Ratu Wali Binathoro... dene kang medjang mau ora liyo Kanjeng Susuhunan ing Bonang.
Mulo ing wektu sak kundure Sultan Agung banjur dawuh mulyaake astono ing Tembayat.

Sak tekane Djurutaman ing pendopo agung Banten.. kaget banget awit Sang Noto wus ora ono lan dhampar isih keri. Mulo dhampar banjur di sunggi sedyo bali menyang Mataram. Dasar Djurutaman wus mangerti Yen Sang Noto wus ora ono ing tlatah Banten.
Nanging ewuh kang di jujug... awit lakune sepadaning lelembut ora ono kang mangerti...opo maneh jalmo lumrah... kundur dalem Sang Noto isih ginawe wadi, saking pakewuhe Djurutaman njujug ing sakjroning kaputren kanti ngaton waloko.kapinudjon poro Garwo Noto lagi podo arep siram... bareng pori Putri pirso Djurutaman ing sak celake kono.. samiyo ndjerit kamigilan. Mulo sakolo ing kedhaton dadi geger muwuhoro. Sang Noto banget kagyat midanget kahanan wau..bareng mirsani Yen ono wewujudan laweyan. Ngertos Yen iku Djurutaman Sang Noto duko penggalihe.. kagowo margo piyambak iku satriyo utomo banjur ora sido duko. Amung mundut pirso kepiye kang dadi nalar-nalare. Ananging Djurutaman wus kebacut ing wedine awit rumongso Yen keluputan gede kang ora keno tinebus... nuli Djurutaman kadawuhan mundur.

Bareng wus tumeko ing janji, sultan Banten sowan mring prodjo Mataram sarwi ngasto tandaning panungkul kanti kadereake sentono lan prajurit dalem. Wus tumeko ing tlatah Mataram.
Geger ing Mataram dene katekan parang muko soko monco negoro, Wusono banjur podo siogo ing ngayudo pacak baris ing tepis iringing kutho. Sarto unjuk uningo ngarso Noto bilih ono kraman ing prodjo Dalem... nanging Sultan Agung paring uningo menowo iku dudu mungsuh,ananging sultan Banten kang arso sowan caos tandaning panungkul.
Sanajan wus ono dawuh koyo mangkono Kanjeng Panembahan Purboyo mekso isih nutukake anggone pacak baris. Awit ing batos semu lingsem dene Sang Noto mbedhah negoro Banten ora kanti prajurit lan paring pirso marang piyambake.
Pinuju Sang Noto lenggah siniwoko.. ono caroko unjuk uningo bilih sultan Banten wus dumugi ing sak njabaning kutho, nenggo dawuh timbalan dalem.
Nuli katimbalan kanti kairit utusan sowan mring ngarso Noto. Sultan Agung sakkalangkung reno ing penggalih... sultan Banten marak sumungkem kanti ngaturake pisungsung. awujud ampilan keprabon ginawe soko kencono, sarto bulu bekti emas picis rojo brono kang luwih awig pakityane akeh cacahe.
Mulo poro putro lan sentono Dalem podo remen lan ngungun.ndadeake wuwuh pangandele marang kasektene pepundene.kang soyo nambahi kuncarane Asmo Dalem... dene mbedhah prodjo tanpo kanti.
Poro kawulo tansah ngalembono. Sanyoto menowo piyambake Ratu Wali Binathoro kekasihing Hyang Sukmo Tanpo Sisihan.
Sang Noto kundur angedhaton pisowanan di bebarake kabeh. Lab sultan Banten ugo kundur marang pradjane.

Ing sak candake ngenani kiprahnyo Kanjeng Panembahan Purboyo
Nuwun

Tidak ada komentar:

Posting Komentar