Naliko Kanjeng Sultan Agung Hanyokro Kusumo arep perang ngalawan Walanda ing Batavia, kabeh Adipati, Tumenggung lan para penggedhe kerajaan nganakake rembugan ing kerajaan Mataram. Banjur nemtukake panglima perange. Kang dipilih miturut kasepakatan mau yaiku Tumenggung Bahurekso, Adipati Kendal uga dadi Gubernur Pesisir Laut Jawa.
Nurut catetan sejarah Poro Priyagung kang nderek makempal ing Kendal kanggo siap siaganing ngayudo ngraboso Walondo ing Batavia, ing antarane Poro Priyagung mau yoiku;
1. Tumenggung Bahurekso
2. Pangeran Purboyo
3. Pangeran Djoeminah
4. Pangeran Mandurorejo
5. Tumenggung Uposhonto
6. Tumenggung Kertiwongso, asal Jepara
7. Tumenggung Wongso Kerto
8. Tumenggung Rajekwesi/ Sembara
9. Raden Prawiro/Pangeran Sambong
10. Pangeran Kadilangu
11. Pangeran Purbo Negoro / Sojomerto
12. Raden Sulamjono, putro Tumenggung Bahurekso
13. Raden Banteng Bahu, putro Tumenggung Bahurekso
14. Kyai Akrobudin
15. Kyai Mojo lan Kyai Sandi, pengawal Pangeran Sambong
16. Tumenggung Begonondo
17. Raden Haryo Sungkono
18. Raden Muthohar
19. Tumenggung Pasir Puger
20. Pangeran Karang Anom
21. Pangeran Tanjung Anom
22. Tumenggung Panjirejo
23. Pangeran Puger
24. Tumenggun Singoranu, Patih MAtaram, kang anggeteni Ki Juru Mertani
25. Aria Wiro Notopodo utowo Suropodo
26. Tumenggung Wiroguno
27. Raden Bagus Kumojoyo
Lan isih akeh Poro Priyagung liyane kang nderek Makempal ing Paseban kanggo Siap siaganing perang marang Batavia.
Bahurekso banjur nganaake rembugan kanggo persiapan perang nglawan Walanda. Dheweke ora milih tlatah ing pendhapa kadipaten, amarga tlatah sing dienggo rembugan kudu dirahasiakake. Banjur dipilih tlatah ing satengahing sawah, penere ing ngisor wit gedhe. Wit kuwi ing jaman saiki diarani “wit kemangi”.
Wit kuwi mapane ing tengah sawah (yen saiki neng tengah makam), Desa Jungsemi Kecamatan Kangkung. Wit kemangi kuwi awujud wit kang lurus mendhuwur kaya dene payung. Nalika para paseban nganakake rembugan ing kana, ora bisa didelok marang wong liya amarga dipayungi dening wit kemangi. Dipayungi tegese dipegeri nganggo “oyot mimang” kang ditandur dening Tumenggung Rajekwesi utawa Ki Gedhe Kemangi supaya ora bisa didelok dening telik sandine Walanda. Amarga mangkono, panggonan kuwi dijaga kanthi temen. Ora mung semono, ing kono uga dijaga kanthi cara batin lan spiritual.
Miturut crita tutur, oyot mimang asale saka ayat Al Qur’an. Oyot asale saka ayat. Dene mimang dijupukake saka ayat kursi. Ing ayat kursi ana pitung tembung “Ma”, satembung “Min” lan satembung “Man”.
Nalika semono panggonan kang tumuju ing paseban kemangi rame banget, amarga akeh wong dhuwuran lan leluhur Mataram tumuju ing kana. Ing saben panggonan dijaga dening para punggawa kang asale saka kadipaten Kendal. Nalika arep menyang paseban kemangi, ora bisa padha langsung tumuju ing kana. Ananging padha leren dhisik ing Padhepokan Laduni Faqoh, sing duwe Tumenggung Rajekwesi. Ing padhepokan kono nduweni daya spiritual kang gedhe banget. Panggonan kuwi diarani desa Depok utawa Sukodadi (saiki).
Tumenggung Rajekwesi lan Kyai Akrobudin kang direwangi dening santri-santrine ngladeni wong-wong ndhuwuran uga prajurit sing jumlahe akeh banget. Dheweke uga nyiapake sangu nalika perang ing Batavia. Ananging ana masalah babagan ngileni sawah. Panggonan kang diliwati kali sing digawe dening Tumenggung Rajekwesi lan Kyai Akrobudin, dijenengi desa Kaliyoso.
Para pimpinan punggawa sing arep budhal perang menyang Batavia diwenehi arahan dening panglimane kang kumpule ing paseban kemangi. Ing kana akeh prajurit kang mlebu metu ning kemangi. Panggonan kuwi diarani Tlahab utawa Tlahaban.
Para punggawa sing arep perang diatur lan ora entuk nyedhaki Paseban Kemangi. Amarga wis ana panggonan dhewe yaiku ing sakiduling Paseban Kemangi, cedhak wit laban kang gedhe ing panggonan kono, para punggawa nglengkapi sanjata perang. Wit laban didadeake panggonan, sing diarani desa Laban. Sing nanggung jawabi para punggawa babagan pangan yaiku Kyai Syafrudin.
Dalan sing kanggo liwat tumuju paseban kemangi yaiku jalur lingkar ning lor lan uga bisa lewat wetan (lewat darat). Panggonan kuwi dijaga dening punggawa kang asale saka Pekalongan, pimpinan Kyai Tumenggung Panjirejo, ajudan Tumenggung Mandurejo, Adipati Pekalongan. Panggonan jagan kuwi saiki dijenengi Desa Rejo utawa Rejosari.
Perang ning Batavia banjur kedadean. Ananging nalika para penggedhe saka Paseban Kemangi padha gugur, isih ana wong tuwa sing ora gelem melu perang menyang Batavia, sanajan ilmu sing diduweni dhuwur. Wong tuwa mau ora tega ndelok peperangan. Dheweke banjur njaluk ijin njaga bekas panggonan paseban saka telik sandi Batavia. Panggonan paseban mau ana ing pucuk laut lan panggonan kuwi bisa kanggo sawah, panggonan kuwi banjur diarani Jungsemi.
Panggonan kuwi banjur dikramatake. Amarga ora sembarang wong sing bisa mlebu ing kono. Banjur ana kesapakatan yaiku yen para wong ndhuwuran arep bali ning Mataram, panggonan sing gawe temon yaiku tetep ning Kemangi. Kyai Lasidin banjur diutus kanggo njaga Jungsemi.
Akeh pusaka tokoh Mataram sing disimpen ning Kemangi, klebu cambuk Amal Rasuli weke Tumenggung Rajekwesi utawa Raden Sembara. Amarga mengkono, Kyai Lasidin uga mageri lan nandur pusaka ing Kemangi. Kyai Lasidin pesen yen arep khaul, kudu ning dina Jum’at kliwon wulan Asyura. Nanging yen ing wulan kuwi ora ana dina Jum’ate, khaul bisa dilaksanakake ing wulan Maulud utawa Rabiul Awal. Kyai Lasidin uga pesen supaya nyembelih wedhus sing wulune abang lan ing bengkekane ana werna putihe kaya dene sabuk. Kuwi lambang saka negara Indonesia arupa gendera abang putih.
Ing khaul-khaul saben telung tahun, Kyai Lasidin nyaranake supaya nyembeleh kebo bule. Kuwi kanggo peringatan wong-wong enom supaya waspada dening solah bawane wong-wong sing pakulitan bule.
Ing paseban kemangi, ana wong wadone loro yaiku Nyai Damariyah, adhine Pangeraang Karang Anom, lan Nyai Turunsih. Nyai Damariyah iku garwane Pangeran Sambong. Dheweke banjur dedonga kanthi khusuk supaya gandhulaning atine bisa slamet nglaksanakake tugas perang ing Batavia. Dheweke dedonga ing pinggir laut ing ngisor pandhan. Amarga mangkono, Nyai Damariyah luwih dikenal kanthi Nyai Pandansari utawa Sri Pandan.
Dene Nyai Turunsih tapa ing kulon. Panggonan sing dinggo tapa mau, saiki diarani hilir Kali Turunsih, sing nduweni akar bakal cerita asal-usule desa Sendang Sekucing.
Sing diarani paseban kemangi, ujude saiki yaiku sakgundhukan lemah kang mirip kuburan ing satengahing sawah. Ananging sabenere paseban kemangi iku panggonane dawa saka desa Jungsemi nganti desa Sendang Sekucing. Panggonan-panggonan kuwi nganti saiki dianggep keramat lan akeh wong sing ngarani angker.
Kaya dene ceritane Pak Dwianto,S.Pd, Kepala SMU Negeri 1 Cepiring taun 2003. dheweke penasaran lan arep mbuktekake, yen jarene makam kemangi iku wingit. Bareng karo bojone, dheweke nggoleki makam kemangi mau. Sanajan dheweke durung ngerti panggonane makam, nanging dheweke ora nyerah takon mrana-mrene. Wong-wong sing ditakoni padha njawab kanthi kaget. Uga ora padha wani nunjuk nganggo tangan. Mung njawab kanthi omongan.
Dheweke banjur nututi dalan sing diuduhi mau. Kira-kira 100 meter dheweke tekan dalan sing tumuju ing makam, neng mburine banjur ana bocah cilik telu sing lagi dolanan ning pinggir sawah. Bocah telu mau banjur nyedaki lan takon marang dheweke. “Bapak lan Ibu apa arep lunga ning kuburaan kemangi?” Dheweke banjur njawab, “Ya”. Bocah telu mau banjur ngeter dheweke lan bojone ning kuburan kemangi.
Nalika meh tekan makam, dheweke noleh memburi amarga arep ngomong matur nuwun. Dheweke banjur kaget lan gethoke mrinding. Bocah telu mau wis ilang kanthi cepete.
Pancen antarane percaya lan ora percaya ngenai makam kemangi mau. Ananging miturut cerita tutur akeh kedadeyan kang wingit ing makam kemangi, kayata :
Akeh bocah cilik ilang, lan ditemokake dening keluwargane ana ing satengahing sawah sing ora adoh saka kuburan kemangi. Miturut bocah-bocah sing ilang mau, dheweke ana ing kutha kang bangunane endah banget.
Ujug-ujug ana kiriman semen kanggo mbangun mesjid sing jumlahe saktruk tronton kebak. Sawise ditampa lan didelok pengirime, jebule pengirime mau sing tau ilang ing sekitare kuburan kemangi lan wis dianggep mati.
Sawise prastawa Mataram nyerang Walanda ing Batavia, diceritakake yen alam kemangi kuwi dienggoni dening para lelembut kang asale saka Alas Roban. Ki Ageng Penatus, omahe ing Gringsing, kang mindhah lelembut mau. Miturut cerita, tlatah kemangi ora bisa dienggoni saka keturunan Ki Ageng Penatus.
Lan isih akeh maneh cerita-cerita sing aneh nanging nyata anane.
Alam Kemangi sing wingit kuwi ana pengaruhe saka kekuatan ghaib kanga sale saka “oyot miming” sing ditandur dening Tumenggung Rajekwesi utawa Ki Gedhe Kemangi Ing kono dijaga kanthi tanggung jawab dening Tumenggung Wongsokerrto (putra Tumenggung Kertiwongso, Tumenggung sing asale saka Jepara), sing luwih dikenal kanthi sebutan Mbah Lasidin.
Riwayat liyo ngenani kedadiane Deso Sojomerto
Ki Ageng Purbonegoro yaiku tokoh kang asale saka Mataram. Dheweke dadi salah sijine pimpinan perang kang nyerbu VOC ana ing Jakarta bebarengan karo Tumenggung Mandarureja, Tumenggung Bahurekso, lan liyane. Kang dadi Senopati yaiku Tumenggung Mandurareja. Sultan Mataram menehi sabda.
”Tumenggung Mandurareja, kowe tak angkat dadi senopati kang arep nyerang wong Walanda ana ing Jakarta karo bupati-bupati liyane lan gawanen mriamku kuwi.”
”Inggih kanjeng Sultan.”
Temanggung Mandurareja nikah karo putrine Tumenggung Wargapati saka Mataram. Nalika dheweke ora entuk bali menyang Mataram, dheweke karo anak lan ibune lunga ana ing Kaliwungu. Lan Tumenggung seda ana ing kana.
Ki Ageng Purbonegoro bebarengan Tumenggung Rajekwesi utawa Ki Ageng Kemangi nemtukake strategi ing Paseban Kemangi. Tumenggung Rajekwesi nggawe pager ana ing Paseban Kemangi kana kanggo njaga Paseban Kemangi. Rajekwesi kuwi digawe kanthi goib nganggo aji-aji supaya wong Walanda kang liwat kana bingung lan kesasar. Tumenggung Rajekwesi karo Kyai Akrobudin lan para santri nyiapke bahan pangan kanggo bekal perang, uga nggawe sawah kang amba. Lan paapn panggonan kang diliwati wong loro kuwi diarani kanthi jeneng desa Kaliyoso.
Sasuwine Ki Ageng Purbonegoro dadi pimpinan perang dipeloni putra-putrane yaiku Pangeran Penggrayang, Pangeran Majenun, Pangeran Harsa Wijaya, Pangeran Sastra Wacono, Pangeran Sidotoyo utawa Sudotoyo lan siji kang jenenge durung dingertini.
Nalika bali saka Batavia. Ki Ageng Purbonegoro lan pimpinan perang liyane ora entuk bali menyang Mataram, amarga kalah nglawan wong Walanda ing Batavia. Ki Ageng lan pimpinan perang liyane padha ninggalake Mataram.
”Piye yen awake dhewe nggolek panggonan kanggo urip?” Pitakone Ki Ageng.
”Iya, luwih becik yen dhewe pisah wae!” Jawab salah sijine pimpinan perang. Banjur Ki Ageng Purbonegoro lunga ana ing alas sisih kidul lan nggawe omah ana ing kana. Saiki uga dadi desa kang makmur amarga diubengi sawah kang amba lan subur. Lan pimpinan perang liyane padha mencar dhewe-dhewe. Tumenggung Rajekwesi manggon ing daerah kang biyen dadi panggonan dheweke nemtukake strategi, yaiku ana ing Kemangi.
Ki Ageng Purbonegoro jeneng asline yaiku Pangeran Purwo Purbonegoro utawa Purbonegoro. Nanging jeneng kuwi dipendem jero amarga dheweke tau kalah nglawan wong Walanda ana ing Batavia. Dheweke urip dadi rakyat biasa lan wis ora nggunakake seragam kinurmatan. Nanging apa kang dadi pesthine pancen ora bisa diilangi lan sing wis nempel ing awake ora bisa ilang mangkana wae apa maneh ditutup-tutupi. Jeneng kang wis dipendem jero tetep wae kasuwur ana ing rakyat sakiwa tengene. Raden Ayu Kanestren uga melu urip ana ing alas kana karo putra-putrane Ki Ageng.
Sawijining dina dheweke ketemu karo kancane-kancane sing biyen tau mimpin perang ana ing Batavia. Kapisan, dheweke ketemu karo Pangeran Sambong. Wong-wongan kuwi kasuwur saka desa Sambungsari, dheweke uga seneng lelana karo numpak Jaran lan nganggo jubah ijo. Lan ketemune wong loro iki bisa diunekake takdir. Nanging, Tumenggung Bahurekso gugur ana ing peperangan.
Banjur Ki Ageng Purbonegoro ketemu karo Raden Burhan. Raden Burhan asale saka Mataram, dheweke duwe panggonan ana ing desa Gemuh Blanten. Ketemune karo kanca-kancane iku wes dadi pesthine utawa takdir. Pungkasane, Pangeran Purbonegoro kepethuk karo sedulur-sedulure kang urip ing daerah pantai kayata Tumenggung Kerti Wongso utawa Mbah Lasidin wong kang urip ana ing Karangmalang. Ki Ageng uga ketemu Raden Bagus Kumojoyo, Pangeran Sandi lan liyane. Saka prastawa kuwi, panggonan Pangeran Purbonegoro uga diarani kanthi jeneng Sonjomerto lan saiki dadi Sojomerto. Banjur Ki Ageng Purbonegoro saiki kasuwur kanthi jeneng Ki Ageng Sojomerto utawa Pangeran Sojomerto.
Saka putra-putrane Ki Ageng Sojomerto, ana salah siji anake sing paling kasuwur lan diurmati yaiku Ki Sidotoyo utawa Sudotoyo. Saka keraton Mataram jeneng asline Ki Sidotoyo yaiku Sosrowindu. Ki Sidotoyo ora mung diurmati karo manungsa, nanging uga diurmati lelembut. Amarga dheweke duweni wateg kang tegas. Pancen wategke beda karo wateg wong tuwane yaiku Ki Ageng Sojomerto.
Miturut sesepuh ing desa Sojomerto awake dhewe bisa weruh Pangeran Sojomero, nanging awake dhewe kudu duweni kaluwihan.
”Awake dhewe bisa weruh Ki Agang Sojomerto, nanging kudu bisa ngrogo sukmo utawa duweni indra keenam.” Kandhanae sesepuh ing kana.
”Ki Ageng kuwi senenge nganggo sarung cepoko putih, lan kadhang-kadhang nganggo blangkon.” Kandhane sateruse.
Ki Ageng Sojomerto di sarekake ing pasarean umum desa Sojomerto, awor karo ibu lan putra-putrane kajaba pangeran Sidotoyo kang di sarekake ing tengah alas sojomerto. Ing sajaba pasarean ana sareane mbah Dugdeng kang dadi pengawale ki Ageng Sojomerto.
Wateg kerase Pangeran Sidotoyo mung ditujukake kanggo nglawan wong-wong kang duweni tumindhak sing ala utawa kurang ngurmati. Mula saka kuwi, dheweke njaluk di sarekake pisah karo kaluargane. Mesti wong-wong kang mangan ing dhuwur sareane biasane langsung diilikake.
Kandhane para sesepuh, Ki Ageng Sojomerto seda dina Rebo Pon tanggal 10 Syuro. Mulane ing tanggal kuwi mesthi dianakake sedekah bumi utawa khaul. Miturut Pak Sumali sesepuh ing kana panggonan kang biasane digunakake kanggo pesanggrahan Ki Ageng Sojomerto ora mung ana ing Kendal wae, nanging uga ana ing panggonan liyane.
”Ki Ageng Sojomerto ora mung ning Kendal, nanging uga duweni pesanggrahan ana ing daerah liyane yaiku ana ing Muneng Candiroto Temanggung.” Kandhane Pak Sumali.
Lan ugo ono Deso Sojomerto ing Tlatah Kadipaten Wonosobo.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar