Translate

Sabtu, 10 September 2016

Nilai Perayaan Idul Adha

Khuthbah Pertama ‎

السلام عليكم ورحمة الله وبركاته

الله أكبر 9×
اللهُ اَكْبَرُ كَبِيْراً وَالْحَمْدُ ِللهِ كَثِيْراً وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيْلاً، لاَإلَهَ اِلاَّ اللهُ وَاللهُ اَكْبَرُ، اللهُ اَكْبَرُ وِللهِ الْحَمْدُ.

اَلْحَمْدُ ِللهِ الَّذِيْ جَعَلَ الْيَوْمَ عِيْداً لِلْمُسْلِمِيْنَ، وَوَحَّدَنَا بِعِيْدِهِ كَأُمَّةٍ وَاحِدَةٍ، مِنْ غَيْرِ الأُمَم، وَنَشْكُرُهُ عَلَى كَمَالِ إِحْسَانِهِ وَهُوَ ذُو الْجَلاَلِ وَاْلإِكْراَمِ.

أَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ أَنْتَ وَحْدَكَ لاَشَرِيْكَ لَكَ، اللَّهُمَّ مَالِكَ الْمُلْكِ تُؤْتِي الْمُلْكَ مَن تَشَاء وَتَنزِعُ الْمُلْكَ مِمَّن تَشَاء وَتُعِزُّ مَن تَشَاء وَتُذِلُّ مَن تَشَاء بِيَدِكَ الْخَيْرُ إِنَّكَ عَلَىَ كُلِّ شَيْءٍ قَدِيرٌ وَأَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُكَ وَرَسُوْلُكَ.

الَلَّهُمَّ صَلِّ وَاُسَلِّمُ عَلَى حَبِيْبِناَ المُصْطَفَى، الَّذِّي بَلَّغَ الرِّسَالَةْ، وَأَدَّى الأَمَانَةْ، وَنَصَحَ الأُمَّةْ، وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ دَعاَ اِلَى اللهِ بِدَعْوَتِهِ، وَجاَهَدَ فِيْ اللهِ حَقَّ جِهاَدِهِ.

اَمَّا بَعْدُ: عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ المُتَّقُوْنَ!

Wonten enjing ingkang kebak berkah lan rohmat meniko, kito kempal keranten badhe jumenengaken sholat Idul Adha. Nembe mawon kito ruku; lan sujud minongko wujud raos taat kito dateng Alloh SWT. Kito agungaken asma Alloh, kito kumandangaken takbir lan tahmid wonten ing musholla-musholla lan masjid-masjid. Takbir ingkang kito ucapaken boten namung obahe lambe tanpo arti, ananing minongko pengakuan ing dalem manah ingkang saget gumeteraken dateng manahipun tiyang ingkang sami iman dateng Alloh SWT. Alloh Moho Besar, Alloh Moho Agung, boten wonten ingkang patut dipun sembah sak lintunipun Alloh.
Kaum muslimin ingkang dipun mulyaaken Allah SWT,

Wonten wekdal puniko monggo tansah ngaturaken syukur kito dateng Allah SWT ingkang sampun paring nikmat ingkang kathah, arupi panjang umur, nikmat sehat lahir batin ingkang kasariro dateng kito sami,  tansah akur dateng sedulur, nikmat nagari ingkang gemah ripah lohjinawi, makmur subur sedoyo saget tinandur kanthi semulur, langkung-langkung nikmat agami Islam, puncaking kanikmatan gesang ingkang samangke mbekto manungso kebahagiaan hakiki dunyo dumugi akhirat.

Godong salam bumbune janganan, solawat salam kunjuk dateng manungso pilihan, Nabi Muhammad SAW, ingkang dados tuladaning titah saklumahing bumi, sakkureping langit, ingkang tansah kito antu-antu safa’atipun. Mugi-mugi ugi lumeber dateng keluarganipun, sedoyo sahabatipun, sarta penderekipun ingkang setyo tuhu gegesang sunah-sunahipun.

Allohu Akbar 3x
Wonten khutbah puniko kulo ngengetaken dateng kulo piyambak lumeberipun dateng sedoyo jamaah monggo kito tingkataken ketaqwaan kito dateng Alloh SWT, kanthi upoyo tanpo selo, terus tanpo ngagem leren, ningkataken ketaatan saho nebihi saktebih-tebihipun sedoyo awisanipun Allah SWT.

Allohu Akbar 3x wa lillaahil hamd,
Bapak, ibu, sederek sedoyo ingkang kulo hormati.

Idul Adha utawi Idul Kurban dados setunggaling ibadah tahunan ingkang rutin kito tindakaken sareng-sareng wonten wulan Dzulhijah. Wonten Dzulhijah meniko kathah ritual keagamaan ingkang dipun laksanaaken. Haji wonten Mekkah ingkang mampu, siyam arofah, takbiran, sholat id, soho penyembelihan kewan kurban.

Mestinipun kito sami saget mendet piwulang sedoyo pangibadahan wonten wulan puniko kangge kito trapaken sedoyo wulan sanesipun. Piwulang ingkang saget kito pendet antawisipun :

1.    Nilai-nilai Syukur
“Innaa a’thoinaaka kautsar, fasholli lirobbika wanhar”(Setuhune Ingsun wus paring nikmat kang akeh, mongko sholato lan kurbanno karono pangeraniro). 
Mboten saget dipun pungkiri bilih sedoyo kebetahan kito Allah ingkang nyekapi kagem gesanging kito sami, mila saking puniko tentu syukur dateng Allah wajib hukumipun. Wujud syukur inggih kanthi sholat soho kurban. Kanthi sikap syukur puniko kito saget gesang kanthi tentrem, ugi masyarakat kito bade aman, sebab tiyang ingkang syukur tebih saking sifat tamak, rakus, iri lan drengki. Kekayaan ingkang saestu inggih puniko ati ingkang syukur 
“Laisan ghina ‘an katsrotil ghina, walaakinnal ghina, ghinannafsi” (Ora diarani sugih kanthi kathahing bondho, nanging sugih sejatine sugih atine/jiwane.)

2.   Nilai-nilai Berkurban
Kurban saking tembung qoruba ingkang maknanipun cedak, parek, cerak. Dados kurban meniko usaha supados kito cerak dateng Allah SWT. Pramilo sedoyo ibadah ingkang kito tindakaken kedah ingkang paling sae. Kito dipun awisi kurban kanthi kewan ingkang lelaranen, cacat, dereng cekap umur.
Bongso kito saget mardiko awit pengorbanan para pahlawan, negari saget majeng menawi sedoyo, pejabat, rakyat, konglomerat, teknokrat, birokrat, nggadahi sifat rela berkurban, kepentingan masyarakat ingkang dipunpentingaken nglangkungi kepentingan diri pribadi, kluargo lan golongan.

Ananging ironisipun sakmeniko kito nyekseni drama kehidupan ingkang miris ati kito sami. Wonten istilah Trias Koruptika, korupsi sampun mlebet dateng eksekutif, legislatif ugi yudikatif. Ingkang mestinipun negakaken hukum, justru korupsinipun edan-edanan mboten namung jutaan, milyaran nanging ngantos trilyunan. Kamongko Alloh sampun ngengetaken kito sami.‎
“Wailul likulli humazatil lumazah, alladzi jama’a maalaun wa’addadah” (Ciloko tumrap pengumpat lan pencela, ingkang ngunpulaken  bondho lan ngetung-etung), awit biasanipun tiyang ingkang ngumpat menawi kelong bandanipun lan seneng nyacat soho ngremehaken tiyang sanes ingkang dipun anggep miskin.

Pramilo monggo watak korupsi meniko kito icali saking pagesangan kito sami kanthi ngedepanaken sikap rela berkurban.

 3. Nilai Ketaatan
Wonten ibadah Kurban meniko ugi nguji dateng kito sami tingkat ketaatan dateng Allah SWT, kados dene Nabi Ibrohim ketaatanipun dateng Gusti Allah mboten dipun sangseaken maleh, Kito saget nyonto ketaatan Nabi Ibrohim nglangkungi raos tresnanipun dateng putranipun. Bilih namung Allah ingkang dipun taati.

وَمَا كَانَ لِمُؤْمِنٍ وَلَا مُؤْمِنَةٍ إِذَا قَضَى اللَّهُ وَرَسُولُهُ أَمْراً أَن يَكُونَ لَهُمُ الْخِيَرَةُ مِنْ أَمْرِهِمْ وَمَن يَعْصِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ ضَلَّ ضَلَالاً مُّبِيناً ﴿٣٦﴾

“Ora pantes tumrap wong mukmin lanang lan mukmin wadon, nalikane Allah soho utusane wus nemtoake perkoro, ora ono pilihan tumrap wong akeh saking urusane, lan sing sopo wonge durakani Allah lan utusane temen sasar, sasar kang nyoto.” (Al-Ahzab 36)

Sewalikipun kathah sakmeniko kito pirsani kathah tetiyang ingkang langkung taat dateng nafsunipun tinimbang taat dateng Allah, Allah dipun kiwaaken mboten dipunpentingaken, sahinggo kathah pelanggaran hukum, kados-kados Alloh mboten mirsani ingkang mekaten, kamongko wonten ngarsanipun Gusti Allah dipun catet kanthi rapi dening Malaikat Raqib lan ‘Atid.

“Ma yalfidzu min qoulin illa ladaihi roqiibun ‘atiidun” (ora ono sewijining ucapan kejobo ono catetan ono pengawasan kang cerak/roqib ‘atid)

 4.  Nilai-nilai kasih sayang.
Wonten ibadah kurban ugi ngemot nilai kasih sayang, kasih sayang nggadahi pangertosan menehi sae ingkang awujud barang utowo materi ugi ingkang awujud sanes barang/non materi. Agami Islam meniko dipun tegakaken kalih perkawis inggih kasih soho sayang. Kanthi ibadah kurban mestinipun nuwuhaken perhatian kito dateng sesami, kito ngraosaken sakalangkung nikmat menawi saget mbiyantu tiyang sanes. Ananging kito tingali kathah sakmeniko tiyang-tiyang ingkang tegel mirsani seduluripun samsara, bongsonipun dipungadeaken, rakyat nanggung utang ingkang kathah kamongko ingkang menikmati namung sekedik elit bongso puniko. Monggo kanthi momen kurban tahun puniko pinongko ningkatipun raos kasing sayang kito dateng sesami.
“Laa yu’minu ahadukum hattaa yuhibbu liakhiihi kamaa yuhibbu linafsihi” (Ora den arani wong iman, menowo durung tresno maring sedulure koyodene tresnane marang awake dhewe.)
“Man laa yarhamu, falaa yurhamu” (Wongkang orang nyayangi ora bakal disayangi)

 5. Nilai Ekonomi lan Kemakmuran
Kanthi ibadah kurban soho haji wekdal puniko ugi mujudaken kegiatan ekonomi ingkang ageng nglibataken sedoyo unsur masyarakat, sae petani, pengusaha, pemerintah lan sanesipun. Kanthi kurban mestinipun tiyang Islam majeng babagan peternakanipun, teknologi penyimpanan daging, ilmu gizinipun, tiyang Islam ugi mestinipun majeng babagan transportasi, sahinggo saget ngangkut jamaah haji kanthi lancar lan aman.

Allohu Akbar 3x
Sagung jama’ah ingkang berbahagia.

Mekaten ingkang saget kulo aturaken wonten khutbah wekdal puniko,
Ibadah paling penting sholat, langkung sae menawi berjama’ah
Mugi khutbah puniko mbekto manfaat, dateng kulo piyambak lan tiyang kathah.

Parangtritis sakwetan samas, asin banyune segoro.
Menawi wonten ingkang kirang titis soho kirang pas, kulo nyuwun pangapuro

Mugi-mugi Alloh paring pangapunten dateng sedoyo dosa lan kesalahan kito ugi maringi sedoyo kasih sayangipun dateng kito sedoyo, sahinggo sedoyo hajat kito dipun cekapi deneng Alloh, supados kito saget ngabdi lan ngibadah dateng Alloh kanthi langkung sampurno. Amin allohumma amin.

بَارَك اللهَ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلْ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمِ ، فَاسْتَغْفِرُوْا اللهَ الْعَظِيْمِ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمِ


KHUTBAH KEDUA:
اللهُ اَكْبَرْ (3×) اللهُ اَكْبَرْ (4×) 

اللهُ اَكْبَرْ كبيرا وَاْلحَمْدُ للهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ الله بُكْرَةً وَ أَصْيْلاً لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَ اللهُ اَكْبَرْ اللهُ اَكْبَرْ وَللهِ اْلحَمْدُ

اَلْحَمْدُ للهِ عَلىَ اِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَاَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى اِلىَ رِضْوَانِهِ.

اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَِعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كَِثيْرًا

اَمَّا بَعْدُ 

فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا اَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَىوَاعْلَمُوْا اَنَّ اللهّ اَمَرَكُمْ بِاَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى اِنَّ اللهَ وَمَلآ ئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. 

اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ اَبِى بَكْرٍوَعُمَروَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَىيَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا اَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ 

اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ اَعِزَّ اْلاِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ اَعْدَاءَالدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ اِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ.

اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَاوَاِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ. 

عِبَادَاللهِ ! اِنَّ اللهَ يَأْمُرُنَا بِاْلعَدْلِ وَاْلاِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِى اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوااللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرْ

وَعَلَيْكُمُ السَّلاَمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُة ‎

1 komentar:

  1. Assalamualaikum Salam sejahtera untuk kita semua, Sengaja ingin menulis
    sedikit kesaksian untuk berbagi, barangkali ada teman-teman yang sedang
    kesulitan masalah keuangan, Awal mula saya mengamalkan Pesugihan Tanpa
    Tumbal karena usaha saya bangkrut dan saya menanggung hutang sebesar
    1M saya sters hampir bunuh diri tidak tau harus bagaimana agar bisa
    melunasi hutang saya, saya coba buka-buka internet dan saya bertemu
    dengan KYAI SOLEH PATI, awalnya saya ragu dan tidak percaya tapi selama 3 hari
    saya berpikir, saya akhirnya bergabung dan menghubungi KYAI SOLEH PATI
    kata Pak.kyai pesugihan yang cocok untuk saya adalah pesugihan
    penarikan uang gaib 4Milyar dengan tumbal hewan, Semua petunjuk saya ikuti
    dan hanya 1 hari Astagfirullahallazim, Alhamdulilah akhirnya 4M yang saya
    minta benar benar ada di tangan saya semua hutang saya lunas dan sisanya
    buat modal usaha. sekarang rumah sudah punya dan mobil pun sudah ada.
    Maka dari itu, setiap kali ada teman saya yang mengeluhkan nasibnya, saya
    sering menyarankan untuk menghubungi KYAI SOLEH PATI Di Tlp 0852-2589-0869
    agar di berikan arahan. Supaya tidak langsung datang ke jawa timur,
    saya sendiri dulu hanya berkonsultasi jarak jauh. Alhamdulillah, hasilnya sangat baik,
    jika ingin seperti saya coba hubungi KYAI SOLEH PATI pasti akan di bantu Oleh Beliau

    BalasHapus