Translate

Sabtu, 05 Februari 2022

Kidung Rumekso Ing Wengi

 SERAT KIDUNGAN KAWEDAR

KIDUNG KAWEDAR

SAKING AKSARA JAWI KASALIN,

KABABAR AKSARA LATIN

KIDUNGAN PUNIKA SERAT KINA PRALAMBANG

NGELMI ISLAM INGKANG SEJATI, TUWIN

MINONGKO WEWARAH TUWIN PAMUJINING

KAWULO DHATENG GUSTI, IKETANIPUN

KANJENG SUNAN KALIJAGA

WALIYULLAH NUSA JAWI


Sekar Dhandhanggula Tinggalanipun para leluhur Yasa dalem kanjeng sunan Kalijaga mugi saget dados tambahing seserepan.


Pupuh Kaping 01 :


Ano kidung rumekso ing wengi,

Teguh ayu luputa ing lara,

Luputa bilahi kabeh,

Jim setan datan purun,

Paneluhan tan ana wani,

Miwah penggawe ala,

Gunane wong luput,

Geni tinemahan tirto,

Maling adoh datan ana ngarah ing mami,

Guna duduk pan sirno.


Kawedaraken suraosipun makaten :

Wonten puji ingkang kanggenipun manawi ing wanci dalu. Inggih punika : mugi-mugi pinaringan teguh, rahayu, linepatna ing sesakit,  uwin linepatno sakathahing bilahi. Puji makaten punika, katindakna ing saben wanci dalu.

Anggadhahi daya : Jim setan, paneluhan sedaya mboten wonten ingkang angrencana :

Tiyang ingkang sumedya mendamel piawon tuwin ingkang anggunani sacara dhesti utawi japa mantra, sedaya mboten saget tumomo. Tiyang ingkang sengit dados tresno, bangsanipun pandung sami nebih mboten wonten ingkang sumedyo ngarah dateng kita, tuwin tuju duduk sami cabar.

Menggah ingkang katembangaken ana kidung rumeksa ing wengi punika miturut wewatoning ngelmi namung kangge sanepa. Dene sejatosipun inggih punika SANG SABDA KUN (sang guru jati)  panjenenganipun wau inggih ingkang rumeksa ing dalu. Tegesipun : SANG GURU JATI wau manawi wanci dalu andum sandang tedha tuwin ingkang mundhi papesthen sadaya lelampahaning manungsa, sarta ingkang anggadhahi daya panguaos ingkang semanten agengipun. Pramila cundhukipun kalian tiyang ingkang sampun anggadhahi ngelmi.

Menawi ing wanci dalu punika namung perlu anjejeraken cumadhong dhawuh kados pundhi ingkang badhe kita lampahi saben dintenipun. Kenging damel ancer-ancer tekad. Dados ing wancinipun siang punika kantun tumindak ngupaya boga punapa ingkang sampun dados tanggel jawabipun, kanti awas tuwin enget wau.

Manawi pangestinipun wau saget gambuh kalian GURU JATI, kita inggih kadunungan daya panguaos kados inggih ingkang kapretalaken ing nginggil.


Pupuh Kaping 02 :


Sakehing lara pan samya bali,

Sakehing ama pan samya miruna,

Welas asih pandulune,

Sakehing braja luput,

Kadi kapuk tiba ing wesi,

Sakehing wisa tawa,

Sata galak tutut,

Kayu aeng lemah sangar songing landhak,

Guwaning wong lemah miring,

Myang pakiponing merak.


Kawedaraken suraosipun makaten :

Tuwin saking dayanipun kidung wau, sakathahing penyakit ingkang badhe dhateng lajeng sami wangsul. Sak kathahing ama ingkang andadosaken karibetan ing lelampahan sami sumingkir tebih. Sedaya wau namung anggadhahi raos welas lan asih. Saupami wonten ingkang badhe sumedya anamani dedamel, inggih sampun ndilalah mesti lepatipun, saupami kengingo inggih mboten kraos punapa-punapa.


Pepindhanipun kados dene kapuk dumawah wonten tosan. Saupami kenging wisa saget tawar. Saupami kepethuk sato kewan ingkang galak inggih nboten purun mangsa, kewang wau dados tutut.

Punapa dene manawi ngambah ing wit-witan ingkang angker, tuwin siti ingkang sangar inggih lajeng dados cabar.

Samanten agengipun daya panguosipun kidung sak lampah-lampah kita tansah jinangkung ingkang wilujeng ing kawilujengan sarta kaleresan. Wondene inkang katembungaken songing landhak, guwaning wong lemah miring myang pakiponing merak, punika namung pralambang, miturut wewaton ngelmi.

Tegesipun : anedhahaken wiwitanipun dumadosanipun manungsa, lantaran saking kakung tuwin wanita (bapa tuwin biyung).


Katranganipun : Bapa anggenipun anitisaken wiji dhateng biyung korud dening kama wonten salebeting mani, madi, wadi tuwin maningkem. Ingriku punika anggenipun sang Hyang Maha Suci amardeng titah. Nanging wiji wau taksih dumunung ing nukat Gaib awujud cahya wening.


Pupuh Kaping 03 :


Pagupakaning warak sakalir,

Yen winaca ing segara asat,

Temahan rahayu kabeh,

Apan sari rahayu,

Ingideran kang widodari,

Rineksa malaekat,

Sakathahing rasul,

Pan dadi sariro tunggal,

Ati Adam utegku bagenda Esis,

Pangucapku ya Musa.


Kawedaraken suraosipun makaten :

Pagupakaning warak sakalir,

Inkang makaten punika namung pralambang, katranganipun :

Wijining manungsa wau sagetipun dados wujut asalipun saking daya warni-warni kadosto.

- Titipanipun bapa biyung.

- Tuwin anasir ALLAH wolung prakawis inggih punika : ingkang sekawan prakawis dados prakawis anasiring badan kang alus. 1. Surya, 2 Candra, 3 Kartika, 4 Swasana. Dene ingkang sekawan Prakawis dados anasiring badan kuwadhagan, 1 Geni, 2 Angin, 3 Banyu, 4 Bumi.

Yen winaca ing segara asat,

Ingkang makaten punika namung paribasan, katranganipun : Sedaya anasir wau namung kapendhet sarinipun, saking daya panguaosipun SANG SABDO KUN, utawi namung kasabdaaken kemawon sampun saget dados.

Temahan rahayu kabeh,

Katranganipun : Satunggal-satunggaling anasir wau, dumadosipun dados praboting manungsa kalayan sampurna.

Apan sari rahayu,

Katranganipun : Lajeng saget wujud janggerenganing sariro.

Ingideran kang widodari,

Katranganipun : Sasampuning wujud Janggerenging sariro, lajeng kapanjingan 5 prakawis inggih punika, 1. NUR, 

2 RAHSA,

 3 ROH,

4 NAPSU, 

5 BUDI.


Rineksa malaekat,

Tegesipun : manungsa punika ugi rineksa ing malaekat.

Katranganipun : Malaekat ingkang rumeksa salebeting badan punika miturut wewaton ngelmi cacahipun wonte 4, dene lenggahipun wonten.

1. Jabarail lenggahiun wonte ing kulit.

2. Mikail lenggahiun wonte ing balung.

3. Isrofil lenggahipun wonten ing otot.

4. Ngijroil lenggahipun wonten ing daging.

Sakathahing rasul,

Tegesipun : Tuwin rineksa sakathahing utusanipun Gusti Allah.

Dene ingkang ingaken utusan punika, katranganipun RASUL, menggah raos ingkang dumunung ing manungsa, punika peranganipun wonten 3 golongan.

1. RAOS SEJATI, dumunung satelenging manah kawastanan : Rahsaning Sukma. Inggih punika ingkang dados pangretosan tumpraping GAIB.

2. RAOS KADIM, Dumunung ing MANAH, dados raos pangraos, inggih punika ingkang saget ambedaaken LERES tuwin LEPAT.

3. RAOS NJAWI,  Dumunung wonten PANCA DRIYO. Inggih punika pucuking driji saget anedhaakena barang kasar tuwin alus. TUTUK saget ngraosaken legi gurih GRONO saget angraosaken wangi tuwin bacin, NETRO saget angraosaken padhang tuwin peteng, KARNO saget angraosaken suwanten sora tuwin lirih.

Pan dadi sariro tunggal,

Tegesipun : sadoyo wau dumunung dados satunggal wonten ing badaning manungsa. Wondene ingkang katembungaken : ATI ADAM UTEGKU BAGENDHO ESIS punika kateranganipun anerangaken gelaran mumukaning prabot kita.

Ati Adam utegku bagenda Esis,

Kadosta : ATI ADAM Tegesipun : Ati punika asilipun saking titipanipun biyung. Saget dados ratuning badan , manawi kurang satiti saget dumawah sangsara lelampahanipun.

Dene ati punika peranganipun wonten 3 prakawis, inggih punika:

1. ATI SANUBARI. Pakartinipun kangge angrimati kawruh pancadriya utawi kangge angraos-raosaken.

2. ATI SIRI. Pakartinipun anuwuhaken karep ingkang dereng kawedal krentek utai niat.

3. ATI MAKNAWI. Pakartinipun anuwuhaken raosing pangertosan dhateng GAIB (karsa ingkang wiwitan).Ingkang makaten wau dipun sanepaaken NABI ADAM inggih dados manungsa ingkang wiwitan.

Wondene UTEGKU BAGENDHO ESIS tegesipun : uteg punika asalipun saking titipanipun biyung kenging kangge mikir-mikir utawi imbang-imbang sedaya lelampahan ingkang badhe kita lampahi sageta katetepan iman eling. Dados makaten punika dipun sanepaaken BAGENDHO ESIS inggih katetepaken iman eling, saget dados panutanipun para nabi.

Pangucapku ya Musa,

Tegesipun : Pangandika asalipun saking jantung, ewodene manawi saget sampurna, inggih dumugi ing insan kamil (dumununging pagesangan ingkang leres) ingkang makaten punika dipun sanepaaken NABI MUSA, inggih tansah mundhi dhawuh pangandikaning ALLAH, lajeng saget dados panutanipun tiyang golongan bani Israel saking tanah mesir dateng tanah kenangan. Namung saking dayaning pangandikanipun kemawon, lajeng saget dipun pitados ing tetiyang kathah.


Pupuh Kaping 04 :


Napasku nabi Ngisa linuwih,

Nabi Yakub pamiarso ningwang,

Yusuf ing rupaku mangke,

Nabi Dhawud swaraku,

Jeng Soleman kasekten mami,

Nabi Ibrahim nyawa,

Idris ing rambutku,

Bagendho Li kulit ingwang,

Getih daging Abubakar Ngumar Singgih,

Balung bagendho Ngusman.


Kawedharaken suraosipun makaten:

Napasku nabi Ngisa linuwih,

Tegesipun : napas menika dados tetangsuling badan , asalipun saking anasir angina mahanani 4 perkawis inggih punika : 

1. NAPAS

 2. ANPAS 

3. TAN NAPAS 

4. NUPUS.

Menawi kita saget anggumelengaken lampahing napas ingkang saking lebet utawi njawi, saestunipun saget anuwuhaken kanyataning karsa ingkang linagkung. Ingkang makaten wau kaupameaken kados dene NABI NGISA inggih dados tetangsuling agami.

Nabi Yakub pamiarso ningwang,

Tegesipun : Nabi Yakup punika satunggaling nabi ingkang tetep pangabektinipun dating Gusti Alla sarta tansah remen niling-nilingaken sasmita dhawuhing pangeran. Amila dipun sanepaaken pamiarsa kita, ing sasaget-saget kita ugi kepareng aniling-nilingaken dhateng piwulang ingkang sae utawi samitaning pangeran.

Yusuf ing rupaku mangke,

Tegesipun : Nabi Yusup punika lelampahanipun wiwit alit nandang papa sangsara jalaran kenging panganiaya, namung sangsaranipun wau namung dados sarananing kaleresan. Inggih punika lajeng saget jumeneng adipati wonten negari Mesir.

Pramila dipun sanepaaken rupi kita, amargi rupi punika, dados warananing warna. Dene warna punika dados warananing GAIB.

Dados rupi kita kita punika sadaya dados warananing gaib ingkang linangkung utawi titipaning Allah.

Nabi Dhawud swaraku,

Tegesipun : Nabi Dhawud punika wiwit alit namung dados juru pangen mendha. Katarik saking kamursidanipun tuwin swaranipun sae, lajeng saget jumeneng Nabi utawi ugi jumeneng nata. Pramila dipun sanepaaken swara kita, amargi swara kita punika inggih dados kanyataning gaib.

Jeng Soleman kasekten mami,

Tegesipun : Kanjeng Nabi Soleman punika inggih jumeneng nabi inggih jumeneng nata. Kagungan kasekten ingkang linangkung inggih punika : Dipun luluti para nata ing sakiwa tengenipun, sarta para wadya balanipun sadaya sami setya tuhu sumungkem ing gusti. Namung katarik saking pangaribawanipun sarta kawicaksananipun pramila dipun sanepaaken kasekten kita. Amargi kita menika sejatosipun inggih gadhah kasekten kadosdene kanjeng Nabi Soleman wau. Inggih punika bilih kita saget gambuh kalian GAIB.

Nabi Ibrahim nyawa,

Tegesipun : Nabi Ibrahim punika satunggaling nabi ingkang santosa kapitadosanipun dumateng gusti Allah . salampah-lampahipun namung mituhu dhateng dhawuh pangandikaning Allah . Pramila dipun sanepaaken nyawa kita. Amargi nyawa wahananing SUKSMA dene SUKSMA punika dados kanyataningsun, dados inggih kedah gegandengan loroning atunggal supados saget gesang ingkang kaleresan.

Idris ing rambutku,

Katranganipun : namung anedahaken bilih rambut punika asalipun saking titipanipun Bapa.

Bagendho Li kulit ingwang,

Katranganipun : namung anedahaken bilih kulit punika asalipun saking titipanipun Bapa.

Getih daging Abubakar Ngumar Singgih,

Katranganipun : namung anedahaken bilih getih tuwin daging punika asalipun saking titipanipun BIYUNG.

Balung bagendho Ngusman,

Katranganipun : namung anedahaken bilih balung punika asalipun saking titipanipun Bapa.


Pupuh Kaping 05 :


Sungsumingsun Patimah linuwih,

Kang minangka rahayuning angga,

Ayub minangka ususe,

Nabi nuh ing jejantung,

Nabi yunus ing otot mami,

Netraku ya Mukammad,

Panduluku rasul,

Pinayungan Adam sarak,

Sampun pepak sakathahing para nabi,

Dadyo sariro tunggal.


Kawedarakensuraosipun makaten :

Sungsumingsun Patimah linuwih,

Katranganipun : namung anedahaken bilih sungsum punika asalipun saking titipanipun BIYUNG.

Kang minangka rahayuning angga,

Tegesipun : sungsum punika ingkang andadosaken kesegeraning badan.

Ayub minangka ususe,

Katranganipun : namung anedahaken bilih usus punika asalipun saking titipanipun BIYUNG.

Nabi nuh ing jejantung,

Tegesipun : Nabi Nuh punika dados plawanganing Allah nalika andhawuhaken jagad badhe dipun kelem. Pramila dipun sanepaaken jantung amargi jantung punika ugi dados plawanganing dhawuhipun sang Guru Jati utawi anedhahaken bilih asalipun saking titipanipun biyung.

Nabi yunus ing otot mami,

Katranganipun : namung anedahaken bilih otot punika asalipun saking titipanipun BAPA.

Netraku ya Mukammad,

Tegesipun : Namung anedhahaken bilih salebeting netro ingkang pethak punika wonten gaibipun awujud CAHYA. Kawastanan : NUR MUKAMMAD, inggih punika ingkang minangka awasing paningal.

Panduluku rasul,

Tegesipun : naming anedhahaken bilih raos punika lenggahipun wonten ing netra ingkang cemeng. Katitik saking emating raos lajeng kiyer-kiyer. Katranganipun : Rasul punika utusan. Menggahing ngelmi ingkang ingaken utusan punika raos.

Pinayungan Adam sarak,

Tegesipun : Jabang bayi punika bilih badhe lair anampeni prajanjian dening Allah.utawi kinucungan ing wewaler. Katranganipun : Benjing tumindakipun wonten ing alam donya manawi purun angestoaken dhawuhipun Gusti Allah inggih badhe manggih wilujeng sak lami-laminipun. Nangin manawi namung miturut pambujuking sadherek sekawan gangsal pancer inggih badhe nandhang papa sangsara sak lami-laminipun.

Sampun pepak sakathahing para nabi,

Dadyo sariro tunggal.

Tegesipun : Sedaya ingkang dipun gelaraken ing nginggil wau, sampun jangkep praboting manungsa, ngalempak dados satunggal, awujud jenggerenging Jabang bayi.


Pupuh Kaping 06 :


Wiji-sawiji mulane dadi,

Apan pencar saisine jagad,

Kasamadan dening date,

Kang maca kang angrungu,

Kang anurut miwah nyimpeni,

Dadi ayuning badan,

Kinarya sesembur,

Yen winacakna neng toya,

Kinarya dus rara tuwa angles rabi,

Wong edan nuli waras.


Kawedaraken suraosipun makaten :

Wiji-sawiji mulane dadi,

Tegesipun : Manungsa punika asalipun saking wiji satunggal, inggih punika gesang ingkang jumeneng pribadi.

Apan pencar saisine jagad,

Tegesipun : Lajeng saget pencar (tumangkar) dados pinten-pinten ewu angebaki jagad. Punika asalipun naming peranganing satunggal.

Kasamadan dening date,

Tegesipun : Gesanging titah punika sedaya kasamadan dening dating pangeran.

Kang maca kang angrungu,

Kang anurut miwah nyimpeni,

Dadi ayuning badan,

Tegesipun : tiyang ingkang maos, ingkang mirengaken, ingkang nyerat tuwin ingkang ngrimati serat kidungan punika, sedaya sami angsal sawab wilujeng sak lampah-lampahipun.

Katranganipun : sedaya wau bakunipun kita kedah pitados ingkang saestu, bebasanipun sapatemon-tinemenan, amargi ing atasipun gusti Allah manawi sumedya mitulungi dhateng kawulanipun punika sanadyan mawi sarana wujud punapa kemawon, saestunipun inggih anggadhahi daya utawi sebab.

Nanging manawi tiyang ingkang pitados kados makaten punika, namanipun tiyang ingkang ngelminipun saweg setengah.Dene menawi tumprap tiyang ingkang sampun pana dateng gaib, kapitadosanipun punika boten kandeg namung wonten ing warono, nanging perlu macung piyambak, sageta sapatemon.


Kinarya sesembur,

Yen winacakna neng toya,

Kinarya dus rara tuwa angles rabi,

Wong edan nuli waras.

Tegesipun : serat kidungan wau, manawi kawategaken ing toya, lajeng kasemburaken idunipun, toya wau anggadhahi sawab manawi kaangge siram ing prawan ingkang sampun kasep, lajeng tumunten saget angsal jodho. Manawi kangge siram tiyang ingkang sakit ewah, nggih tumunten saras.

Katranganipun : tumprapipun tiyang ngelmi ingkang katembungaken kidung puika sanepanipun SANG GURU JATI.


Amila daya wau inggih kapendhetaken saking panguaosing sang guru jati. Dados langkung perlu punika sageda gambuh kaliyan sang GURU JATI supados saged ngampil panguaosipun.


Pupuh Kaping 07 :


Lamun ana wong kadhendho kaki,

Wong kabonda lan kabotan utang,

Yogya wacanen den age,

Ing wanci tengah dalu ping selawe,

Wacanen ririh,

Luar ingkang kabanda,

Kang kadendha wurung,

Anglis nuli sinauran mring Yang Suksma,

Kang utang puniku singgih,

Kang agring dadi waras.


Kawedharaken suraosipun makaten :

Lamun ana wong kadhendho kaki,

Tegesipun : paring pangertosan dhateng tiyang anem, mbok menawi wonten tiyang ingkang kadhendho ing nagari. Kateranganipun : tiyang ingkang ukum dhendha .

Wong kabonda lan kabotan utang,

Tegesipun : sarta tiyang ingkang kabonda prakawis pulisi, tuwin tiyang ingkang kekathahen sambutan nanging ngrekaos panyauripun.

Yogya wacanen den age,

Tegesipun : tiyang ingkang kataman wau tumuntena maos serat kidungan wau .

Katranganipun : ingkang kawaos naming pujian ingkang angka 1, nanging manawi tiyang ngelmi langkung perlu Sang Guru Jati.

Ing wanci tengah dalu ping selawe,

Wacanen ririh,

Tegesipun : anggenipun maos wau ing wanci tengah dalu kalayan ririh-ririh kemawon, rambah kaping selawe. Katranganipun : manawi lampahipun tiyang mangesti Sang Guru Jati menika mboten perlu mawi sarana ucap-ucapan, nanging sampun kacekap wonten ing niyate mawon. Sarana angulataken lebet wedaling napas ingkang ngantos angler utawi kasupen.

Luar ingkang kabanda,

Tegesipun : Manawi katrimah ing pamujinipun tiyang ingkang kabanda wau saget luar. Katranganipun : saget dipun luar wau inggih saking saran reko daya , nanging reka daya punika wau sampun kaparingan berkah ing Allah. Dados inggih saget antrenyuhaken penggalihanipun nagari.

Kang kadendha wurung,

Tegesipun : sata upami tiyang ingkang kadhendha inggih saget wurung.

Anglis nuli sinauran mring Yang Suksma,

Kang utang puniku singgih,

Tegesipun : Tuwin upami tiyang ingkang kekathahen sambutan wau, inggih lajeng dipun sauri dening Allah. Katranganipun : Gutsti Allah anggening nyauri sambutaning tiyang punika saestunipun inggih mawi warono ing tiyang sanes ingkang gadhah arta katrenyuhaken manahipun lajeng amelasi lajeng paring arta dhateng ingkang nyambut wau, lajeng kenging kangge nyauri.

Kang agring dadi waras.

Katranganipun : upami tiyang ingkang ketaman sakit, inggih lajeng dados saras. Katranganipun : sagetipun saras wau saestunipun inggih mawi sarono jampi nanging jampinipun sampun angsal berkah.


Pupuh Kaping 08 :


Sapa reke bisa anglakoni,

Amutiha lawan anawa a,

Patangpuluh dina wae,

Lan tangi wektu subuh,

Lan den sabar sukuri ing widhi,

Insya Allah tinekan sakarsanireku,

Tumrap sanak rayatira,

Awit saking sawab pangiketing ngelmi,

Duk aneng kali jaga.


Kawedharaken suraosipun makaten : milanipun sinten ingkang saget anglampahi dhateng wigatosing ngelmi, keparenga methak kawan dasa dinten, menawi kirang sedinten sedalu lajeng ngeblenga. Salebeting nglampahi wau, manawi wungu sare kaangkaho wanci jam 4.30 enjing.

Ing saben dintenipun kadamel ajeg. Punapa malih sak tindak-tanduk kita, katingalo ingkang narimo kanti sabar penggalih, naming sumarah ing sak keparengipun.

Sarana tumindak ingkang makaten punika, manawi temen-temen inggih saget tinarimah dening Allah, saget kadumugen punapa ing pangestinipun sarta kenging kagem mitulungi dhateng karibetaning sanak sederek, putra wayah tuwin sane-sanesipun. Ingkang makaten wau katarik saking sawabing ngelmi ingkang sampun dipun lampahi sarta sampun dipun anggit kanjeng Sunan nalika wonten dhusun KALIJAGA. Menggah ngelmi ingkang saget wiyar tebanipun kenging kaagem mitulungi ing karibetan warni-warni wau. Dene golonganing ngelmi ingkang kados makaten punika, sagetipun manjing anggadhahi daya kedah anglampahi SISIRIH.


Pupuh Kaping 09 :


Lamun arsa tulus nandur pari,

Puasa a sawengi sadina,

Iderana galengane,

Wacanen kidung iki,

Kabeh ama pan samya wedi,

Yen sira lunga aprang,

Wateken ing sekul,

Antuk a tigang pulukan,

Mungsuhira sirep datan nedya wani,

Rahayu ing payudan.


Kawedharaken suraosipun makaten :

Lamun arsa tulus nandur pari,

Tegesipun : wondene manawi badhe nenanem pantun sagetipun lestari wilujeng mboten katrajang ama.

Puasa a sawengi sadina,

Tegesipun : Nglampahana siam sadinten sadalu boten dhahar punapa-punapa.

Iderana galengane,

Tegesipun : ing saderengipun pantun katanem sasampunipun sadinten mboten dhahar, dalunipun lajeng ngiderana galengan sabin.

Katranganipun : raosing penggalih ingkang meleng panyuwunipun.

Wacanen kidung iki,

Tegesipun : kanthi amujia, dene pamujinipun , mirsanana sekar nomer : 1.

Kabeh ama pan samya wedi,

Tegesipun : kadadosan sak kathahing ama lajeng mboten purun angrisak taneman pantun.

Yen sira lunga aprang,

Tegesipun : saupami kita badhe mengsah perang.

Wateken ing sekul,

Antuka tigang pulukan,

Tegesipun : puji wau kawatekna ing sekul kadamela tigang pulukan lajeng kadhahar .

Mungsuhira sirep datan nedya wani,

Tegesipun : anggadhahi sawab mengsah kita wau lajeng rumaos giris sami sirep mboten wanton / mboten wonten ingkang sumedya anglawan.

Rahayu ing payudan.

Tegesipun : boten saestu peperangan ing wasana wilujeng sedaya.


Pupuh Kaping 10 :


Ana kidung rekeki aryati,

Sapa weruh reke araningwang,

Duk ingsun ana ing ngare,

Miwah duk aneng gunung,

Kisamurta lan ki Samarti,

Ngalih aran ping tiga,

Arta daya tengsun,

Araningsun duk jejaka,

Ki artati mengko araningsun,

Ngalih sapa wruh araningwang.

Kawedaraken suraosipun makaten :

Ana kidung rekeki aryati,

Tegesipun : wonten kidung punika sejatosipun inggih Ki ARTATI.

Katranganipun : ingkang dipun wastani kidung punika sang sabda, inggih karsa ingkang linangkung utawi dhawuh pangandikaning Pangeran.

Sapa weruh reke araningwang,

Duk ingsun ana ing ngare,

Tegesipun : sinten ingkang mangertos nama kita, (kidung) nalika kita taksih jumeneng ing ngare.

Katranganipun : ingkang dipun sanepaaken ngare punika miturut wewaton ing ngelmi wonten ing BETAL MUKARAM.

Miwah duk aneng gunung,

Tegesipun : tuwin nalika taksih jumeneng wonten ing redi.

Katranganipun : ingkang dipun sanepaaken redi menika miturut wewatoning ngelmi BETAL MAKMUR.

Kisamurta lan ki Samarti,

Tegesipun : inggih punika sampun awujud kempalipun ki Samarta, kaliyan ki Samarti.

Katranganipun : ingkang dipun sanepaaken ki Samarta punika ingsun. Dene ki Samarti punika TRI MURTI. Kadadosan saking sarining tirta Kamandanu, sarining Surya, tuwin sarining Candra. Kempal dados satunggal mahanani CAHYA kawastanan ROH ILAPI, inggih punika wujuding ANASIR SEJATI. Warananipun ingsun.

Ngalih aran ping tiga,

Tegesipun : Saben pindah panggenan santun nama, ngantos rambah kaping tiga.

Katranganipun: inggih punika jumenenganipun wonten TRILOKA. Tegesipun : panggenan tetiga ingkan manunggal, kadosta : wonten ing BETAL MAKMUR anggadhahi praban piyambak, wonten ing BETAL MUKARAM santun paraban,tuwin wonten ing BETAL MUKADAS ugi santun paraban malih.

BETAL MAKMUR jumeneng ana sirahing Adam. Kang ana sajroning sirah iku dimak, yaiku utek, kang ana antaraning utek iku manik, sajroning manik iku budi, sajroning budi iku napsu, sajroning napsu iku suksma, sajroning suksma iku rahsa, sajroning rahsa iku Ingsun, ora ana Pangeran anging Ingsun, dat kang nglimputi ing kahanan jati.

BETAL MUKARAM jumeneng ana ing dhadha ning adam. Kang ana sajroning dhadha iku ati, kang ana antaraning ati iku jantung, sajroning jantung iku budi, sajroning budi iku jinem , yaiku angen-angen, sajroning angen-angen iku suksma, sajroning suksma iku rahsa, sajroning rahsa iku Ingsun. Ora ana pangeran anging Ingsun dat kang anglimputi ing kaanan jati.

BETAL MUKADAS jumeneng ana ing kemaluaning adam. Kang ana sajroning kemaluan iku pringsilan, kang ana ing antaraning pringsilan iku nutpah, yaiku mani, sajroning mani iku madi, sajroning madi iku wadi, sajroning wadi iku manikem, sajroning manikem iku rahsa, sajroning rahsa iku Ingsun. Ora ana pangeran anging Ingsun dat kang anglimputi ing kaanan jati, jumeneng sajroning nukat gaib, tumurun dadi johar awal, ing kono wahananing alam akadiyat, wahdat, wakidiyat, alam arwah, alam misal, alam ajsam, alam insan kamil, dadining manungsa sampurna yaiku sajatining sipatIngsun.

Arta daya tengsun,

Tegesipun : wonten ing Bental Mukaram parabanipun ARTA ingkang dipun sanepaaken arta punika pangretosaning kawicaksanan.

Daya tengsun tegesipun jumenengipun wonten ing BETAL MUKADAS dipun parabi daya ingkang dipun sanepaaken daya punika ingsun ingkang kuwasa utawi WISESA. Dene kanyatanipun anggadhahi daya kuwasa damel gesanging manungsa.

Araningsun duk jejaka,

Tegesipun : paraban kita (kidung) nalika taksih jaka.

Katranganipun : ingkang dipun sanepaaken Jaka punika , nalika wiji taksih dumunung ing bapa, dereng katetesaken ing biyung.


Ki artati mengko araningsunngalih,

Tegesipun : inggih punika KI ARTATI (karsa ingkang linangkung) nanging sareng sampun katitisaken, lajeng santun asma/paraban.

Sapa wruh araningwang,

Tegesipun : sinten ingkang mangertos sejatosing nami kita (kidung) wau.

Katranganipun : inking dipun parapi Arta Daya, Artati, punika wujudipun namung satunggal mboten sanes : inggih namung ingsun.

Pepindhanipun kados dene sesebutan sang NATA, inggih punika ratu ingkang saweg jumeneng wonten ing sitinggil”SANG PRABU” punika ratu ingkang saweg jumeneng ing pandhapi “SRI NARENDRA” punika ratu ingkang saweg jumeneng wonten ing kedhaton. Sesebutan tiga wau inggih ingkang dipun sebut inggih namung satunggal utawi anggadhahi teges ANERANGAKEN KUWAJIBANIPUN.


Pupuh Kaping 11 :


Sapa weruh kembang tepus kaki,

Sasat weruh rek ke artadaya,

Tunggal pancer ing uripe,

Sapa wruh ing panuju,

Sasat sugih pagere wesi,

Rineksa wong sak jagad,

Kang angidung iku,

Lamun dipun apalna,

Kidung iku den tutug sedasa wengi,

Adoh panggawe ala.


Kawedharakensuraosipun makaten :

Sapa weruh kembang tepus kaki,

Tegesipun: sinten ingkang saget mangertos dhateng tepa sariro.

Katranganipun : tumindak ingkang kanti ukuran raosing kamanungsan.

Sasat weruh rek ke artadaya,

Tegesipun : prasasat saget sapatemon kaliyan sang guru jati piyambak.

Katranganipun : tumindak ingkang mawi tepo sariro punika asalipun saking daya pakartining sang guru Jati (ingsun).


Tunggal pancer ing uripe,

Tegesipun: manungsa sak jagad punika panceripun namung satunggal, inggih punika ingsun kang nglimputi kahanan jati.

Katranganipun : raosing manungsa punika sageta rik-tinarik satunggal kaliyan satunggalipun dados sami.

Sapa wruh ing panuju,

Tegesipun : sinten ingkang saget nuju kareping sanes.

Katranganipun : upami tiyang ungkang nami A katamuan tiyang nama B pun B wau anggenipun mara tamu namung lugu katarik saking sayahipun tuwin kalaib (kaluwen), amargi mentas saking kekesahan, ewodene mboten purun nembung punapa-punapa. Ingkang gadhah griya pun A mangertas dhateng pasemoning tamunipun, lajeng gita-gita anggenipun anyugata wedang, panganan tuwin sekul.

Pun B inggih lajeng ngrahapi lajeng katingal binger, rumaos nikmat sanget anggenipun dhahar, dados pasugatan wau katrimah sanget. B lajeng pamitan wangsul. Menggah pakartinipu A anggenipun anyugata mboten sarana ditembungi, sarta mboten amengku pamrih. Punika ingkang dipun wastani nuju kareping sanes, tuwin tumindak sanes-sanesipun ingkang sairib makaten wau.

Sasat sugih pagere wesi,

Ingkang makaten punika namung paribasan.

Dene katranganipun : tiyang ingkang sampun lebet luangipun, inggih punika tiyang ingkang tumindakipun kerep anyaeni dhateng ing sanes ingkang mboten amengku pamrih (tumindak kautaman) sak lampah-lampahipun mesti tansah jinangkung ing kaleresan. Dados penggalihipun tansah teteg kemawon.

Rineksa wong sak jagad,

Kang angidung iku,

Tegesipun : tiyang ingkang pangangen-angenipun wiji sae, sarta karsa tumindak kautaman punika uwohing pandamel sae wau, ing sakenggen-enggen tansah dipun tresnani ing sanes.

Lamun dipun apalna,

Tegesipun : manawi dipun apalaken.

Katranganipun : ingkang dipun apalaken punika pujian ingkang kawrat ing sekar angka 1.

Kidung iku den tutug sedasa wengi,

Tegesipun ing saben dalu angapalaken pujian wau.

Adoh panggawe ala.

Tegesipun : tebih saking /dhateng pandamel awon.

Katranganipun : saklampah-lampahipun saget sumingkir saking pandamel awon.


Pupuh Kaping 12 :

Lawan rineksa dening hyang widi,
Sasedyane tineka dening hyang,
Kinedhep mring janwo akeh,
Kang maca kang angrungu,
Kang anurat miwah nyimpeni,
Yen ora bisa maca,
Simpenana iki,
Temah ayu kang sariro,
Yen linakon dinulur sasedyoneki,
Lan rineksa dene hyang.

Kawedaraken suraosipun makaten : Punapa malih sak lamapah-lampahipuntansanh jinangkung dening pangeran. Sarta saget dumugen punapa sedyanipun, tuwin linulutan ing sasami. Tumprap ingkang maos, ingkang mirengaken, ingkang nyerat tuwin ingkang ngrimati serat kidungan wau.
Anggadhahi sawab, saget amilujengaken badanipun, wondene menawi mboten saget maos, inggih karimata kemawon inggih sampun anggadhahi sawab wilujeng. Langkung-langkung bilih kersa anglampahi TARAK BROTO. Sawabipun saget sempulur anggening ngupajiwa, sarta tansah jinangkung dening pangeran.

Pupuh Kaping 13 :

Kang sinedya tinekan hyang Widi,
Kang kinarsan dumadakan kena,
Tursinihan pangerane,
Najan tan weruh iku,
Lamun nedya muja semedi,
Sasaji ing sagara,
Dadya ngumbareku,
Dumadi sariro tunggal,
Tunggal jati swara awor ing artati,
Aran sekar jempina.

Kawedharaken suraosipun makaten :
Kang sinedya tinekan hyang Widi,
Tegesipun : puapa ingkang dipun gayuh saget kadumugen.
Katranganipun : Ingkang dipun wastani penggayuh punika betahan ingkang kanggenipun ing kala mangsa.
Kang kinarsan dumadakan kena,
Tegesipun : inggih sampun dilalah kersanipun ing saben dinten kerep kalegan.
Tursinihan pangerane,
Tegesipun : Punapa malih ugi jinangkung ing pangeranipun.
Katranganipun : ingkang dipun wastani penggayuh punika kabetahan ingkang kanggenipun ing kala mangsa. Tumindak ingkang tansah kaleresan punika tegesipun saking berkahing pangeran.
Najan tan weruh iku,
Katranganipun : tiyang punika sanajan dereng mangertos gelaring ngelmi ( asal wijining manungsa).
Lamun nedya muja semedi,
Tegesipun : lamun niyat nindaaken muja semedi.
Katranganipun : seserepanipun wau namung mligi seserepan tumindak muja semedi.
Sasaji ing sagara,
Ingkang mekaten punika naming pasemon, dene katranganipun, jumenengipun hyang Pramana wonten ing betal makmur. Saget amikani alam Panca Maya.
Dadya ngumbareku,
Katranganipun : ingkang dipun wastani ngumbara punika lenggahing hyang pramana wonten ing Bental Mukaram. Ing wusana lajeng jumeneng ing Betal Makmur. Kadosanipun oncat saking palenggahan.
Dumadi sariro tunggal,
Katranganipun : melenging pramana kajumbuhaken kaliyan weninging karsa, gumeleng dados satunggal. Saget mahanani kabikaing raos lajeng katingalipun sang GURU JATI .
Tunggal jati swara awor ing artati,
Katranganipun : Sang Guru Jati wau inggih punika sang sabda sarta inggih karsa ingkang linangkung.
Aran sekar jempina.
Katranganipun : anedhahaken bilih sang guru jati punika kenging kawastanan sesekaring jampi ingkang mesti saget anyarasaken.

Pupuh Kaping 14 :

Semahira ingaran senjari,
Melu urip lawan melu pejah,
Tan pisah ing saparane,
Pari purna satuhu,
Anirmala waluya jati,
Kena ing kene kana,
Ing wasananipun,
Ajejuluk adi suksma,
Cahya ening jumeneng ing artati,
Anom tan kena tuwa.

Kawedharaken suraosipun makaten :
Semahira ingaran senjari,
Tegesipun : ingkang minangka kancuhanipun dipun wastani rahsa.. inggih punika rahsaning suksma.
Melu urip lawan melu pejah,
Tegesipun : rahsa punika inggih kangge nalika gesang utawi ugi kangge benjing nalika pejah.
Katranganipun : nalika gesang rahsa punika dados angertosan ingkang gaib-gaib. Wondene benjing manawi pejah, rahsa punika dados katetepanipun kayektosan. Dumunung ing rasa jati.
Tan pisah ing saparane,
Tegesipun : dados dhateng ing pundi kemawon rahsa wau ugi tumut boten pisah.
Pari purna satuhu,
Tegesipun : gesang ingkang tanpa sangsaya.
Katranganipun : tiyang ingkang tumindakipun kanthi landhesan raosing kamanungsan, punapa ngakunipun saget wilujeng.
Anirmala waluya jati,
Tegesipun : ing wusana saget suci utawi saras lair batosipun.
Kena ing kene kana,
Tegesipun : kapitadosan ingkang makaten wau kenging kangge gesang donya tuwin ing akir.
Ing wasananipun,
Ajejuluk adi suksma,
Tegesipun : dene kedadosanipun boten sanes inggih namung jumenengipun pribadi (sejatining ingsun).
Cahya ening jumeneng ing artati,
Tegesipun : ing alam ngriki ugi wonten cahyo wening kang katingal.
Anom tan kena tuwa.
Tegesipun : boten anem tuwin boten saget sepuh, namung langgeng kawontenanipun.

Pupuh Kaping 15 :

Panunggale kawula lan gusti,
Nila ening arane duk gesang,
Duk mati nila arane,
Lan suksma ngumbareku,
Ing asmara mung raga yekti,
During darbe paparab,
Duk rarene iku,
Awayah bisa dedolanan,
Aran sang hyang jati Iya sang artati,
Yeku sang arta daya.

Kawedaraken suraosipun makaten :
Panunggale kawula lan gusti,
Tegesipun : inggih mekaten menika ingkang dipun wastani ngempale kawula-gusti.
Nila ening arane duk gesang,
Tegesipun : wekdal gesang wonten ing ndonya, tumprap kabikaing raos kaweningan punika mesthi saking pitulunganing cahya.
Duk mati nila arane,
Tegesipun : nanging manawi wonten ing jamane pejah mboten perlu dipun pitulungi dening cahya.
Lan suksma ngumbareku,
Katranganipun : ingkang katembungaken suksma ngumbara punika konosipun ingsun, inggih punika wujudipun satunggal saget angebaki jagad, ing pundi dunung kita ing griku wonten.
Ing asmara mung raga yekti,
Tegesipun : sejatosipun tumprap kaalusan, inggih punika ingkang mengkoni raga.
Katranganipun : ingsun punika ingkang dados guruning raga, tuwin pangeraning raga.
During darbe paparab,
Duk rarene iku,
Tegesipun, ingsun wau nalika wijining manungsa dereng katitisaken, ugi dereng anggadhahi paraban, amargi taksih nunggil kaliyan GUSTI ALLAH, dados ingkang wonten namung gesang pribadi.
Awayah bisa dedolanan,
Tegesipun : manawi sampun dumugi ing titi mangsanipun , ingsung wau katinggal dados lantaraning wiji. Bapa saweg anggadhahi karsa nitisaken wiji dhateng biyung.
Aran sang hyang jati Iya sang artati,
Yeku sang arta daya.
Tegesipun : saksampunipun wiji wau dumados ing guwa garbaning biyung ingsun wau kenging dipun wastani SANG YHANG JATI, sang ARTATI, arta tuwin daya, inggih punika wuninga karsa; daya.

Pupuh Kaping 16 :

Dadya wisa mangkya amartani,
Lamun marta atemahan wisa,
Marma arta daya rane,
Duk lagya aneng gunung,
Ngalih aran asmara jati,
Wayah tumeking tuwa emut ibunipun,
Nyi Pancari lunga ngetan,
Ki Artati nurut gigiring Merapi,
Anulya mring sundara.

Kawedharaken suraosipun makaten :
Dadya wisa mangkya amartani,
Lamun marta atemahan wisa,
Mara arta daya rane,
Tegesipun : milanipun asma karya utawi daya , punika tumprapipun gesang ing akir dados wisa.
Katranganipun : tujuawing tiyang pejah punika menawi mangerandhateng wujudipun ingsun, naminipun kesasar (dados wisa).
Mangkya amartani,
Tegesipun : tumprapipun gesang ing donya manawi mangeran dhateng daya punika gesangipun dados utami (dados marta). Kosok wangsulipun ingkang utami dados kesasar. Ingkang makaten punika sageto nata tumindakipun, sampun ngantos salah penampi utawi kerem.
Duk lagya aneng gunung,
Ngalih aran asmara jati,
Wayah tumeking tuwa emut ibunipun,
Tegesipun : Nalika wijining jabang bayi saweg dumados ing Betal Makmur asmanipun santun sang Hyang Jati, amargi bapa dereng anitisaken dhateng biyung.
Nyi Pancari lunga ngetan,
Katranganipun : rahsanipun lajeng jumeneng wonten ing BETAL MAKADAS inggih punika campuhing kakung tuwin wanita (bapa tuwin biyung) wijinipun lajeng dumunung ing maningkem.
Ki Artati nurut gigiring Merapi,
Ingkang dipun sanepaaken gigiring merapi punika ula-ula.
Katranganipun : redi Merapi punika redi latu miturut hakekating ngelmi latu punika erah.Dene lampahing erah ingkang punika medal ing ula-ula.
Pramila saksampunipun wiji tumitis ing biyung wonten saklebeting mani, madi, maningkem, rahsa ingsun lajeng lumampah minggah nurut ula-ula.
Anulya mring sundara.
Ingkang dipun sanepaaken sundara punika guwa garbaning biyung (wadah bebayi) dunungipun wonten ing tengah-tengah antawisipun Betal Mukadas kaliyan Betal Makmur. Mila wiji wau lajeng wadhag bayi.

Pupuh Kaping 17 :

Ana pandhita akarya wangsit,
Mindha kumbang ngajab ing tawang,
Susuh angina ngendi nggone,
Lawan galihing kangkung,
Wekasane langit jaladri,
Isine wuluh wung wang,
Lan gigire panglu,
Tapaking kuntul anglayang,
Manuk miber uluke ngungkuli langit,
Kusuma jrah ing tawang.

Kawedharaken suraosipun makaten :
Ana pandhita akarya wangsit,
Mindha kumbang ngajab ing tawang,
Ingkang makaten punika SU ALAN tegesipun cipta utawi budi.
Susuh angina ngendi nggone,
Pitakenan punika katranganipun jantung.
Lawan galihing kangkung,
Katranganipun Suksma.
Wekasane langit jaladri,
Katranganipun : soroting cahya sumrambah ing njawi tuwin ing lebeting sipat kita, dene wekasane jaladri katranganipun segara jinem (panca maya).
Isine wuluh wung wang,
Katranganipun Angen-angen.
Lan gigire panglu,
Katranganipun : dat ing pundi-pundi wonten.
Tapaking kuntul anglayang,
Katranganipun angen-angen.
Manuk miber uluke ngungkuli langit,
Katranganipun angen-angen.
Kusuma jrah ing tawang.
Katranganipun angen-angen.

Pupuh Kaping 18 :

Ngambil banyu apikulan warih,
Kodhok ngemuli lenge,
Miwah kang banyu den kum,
Myang dahana murub kabesmi,
Bumi pinetak ingkang,
Wawono katiyub,
Tanggal pisan kapurnaman,
Yen anenun sentek pisan anigasi,
Kuda ngrap ing pandengan.

Kawedharaken suraosipun makaten :
Ngambil banyu apikulan warih,
Katranganipun : raos inggih punika tiyang ingkang marsudi dhateng kaleresan kedah sampun pawitan sageta wening penggalihe.
Kodhok ngemuli lenge,
Katranganipun nyawa; inggih punika gesange raga saestunipun saking nyawa.
Miwah kang banyu den kum,
Katranganipun : katentreman inggih punika tiyang ingkang anggayuh dhateng katentreman kedah angempali guru-guru ingkang sampun sampurna ngelminipun.
Myang dahana murub kabesmi,
Katranganipun : kanepson inggih punika tiyang ingkang saget duka lajeng dipun aduli supados saya sanget.
Bumi pinetak ingkang,
Katranganipun : jisim kapendhem ing siti inggih punika dumadose anasir bumi mahanani raga.
Wawono katiyub,
Katranganipun : lebet wedaling napas punika katarik dening swasana.
Tanggal pisan kapurnaman,
Katranganipun : roh ilapi inggih punika kaweninganing manah punika manawi angsal pitulunganing roh ilapi. Lajeng sami sanalika, saget gadhah pangertosan ingkang linangkung.
Yen anenun sentek pisan anigasi,
Katranganipun : wenganing raos inggih punika suraosing raos ingkang wening punika saget ameca ingkang mesthi cocog tumrap badhe kedadosanipun.
Kuda ngrap ing pandengan,
Katranganipun : angen-angen.

Pupuh Kaping 19 :

Ana kayu apurwa sawiji,
Wit buwana epang keblat papat,
Agodhong mego rumembe,
Aprada paku kuwung,
Kembang lintang salaga langit,
Semi andaru kilat,
Woh surya lan tengsu,
Asirat bun lawan udan,
Apapucak angkasa bungkah pratiwi,
Oyote bayu bajra.

Kawedharaken suraosipun makaten :
Ana kayu apurwa sawiji,
Katranganipun : kayu sajaratul yakin.
Wit buwana epang keblat papat,
Katranganipun : jumenegipun suksma kaliyan raga, kanthi prabotipun sekawan inggih punika : kandha, warna, ambu, rasa.
Agodhong mego rumembe,
Katranganipun : dumununging napsu wonten ing badan sakojur.
Aprada paku kuwung,
Katranganipun : hyang Pramono.
Kembang lintang salaga langit,
Katranganipun : cahya ingkang alit-alit.
Semi andaru kilat,
Katranganipun : panunggilanipun cahya.
Woh surya lan tengsu,
Katranganipun : cahya ingkang ageng (roh ilapi tuwin lintang johar).
Asirat bun lawan udan,
Katranganipun : toya gesang, saget anggesangi raosing panca driya.
Apapucak angkasa bungkah pratiwi,
Katranganipun : kempaling jiwa tuwin raga saestunipun daya dinaya.
Oyote bayu bajra.
Katranganipun : napas punika dados tetangsuling raga.

Pupuh Kaping 20 :

Wiwitane duk anemu candi,
Gegedhongan miwah mawarangkan,
Sih ing hyang kabesmi kabeh,
Tan ana jalma kang wruh,
Yen weruh apurwane dadi,
Candi sagara wetan,
Ing ngobar karuhun,
Kayangane sang tunggal,
Sapareke kang jumeneng mung artati,
Katon tengahing tawang.

Kawedharaken suraosipun makaten :
Wiwitane duk anemu candi,
Ingkang dipun sanepaaken candhi punika sipat.
Katranganipun : anedhahaken purwaning dumadosipun manungsa punika wiwitanipun saweg awujud cahya wening kawastanan NUKAD GAIB; Tegesipun : wiji ingkang taksih samar.
Gegedhongan miwah mawarangkan,
Tegesipun : kadadosaning sipat punika asalipun saking golong-golongan, inggih punika : sipating kaalusan saking anasir sejati, dene sipating kuwadhagan saking anasir.
Sih ing hyang kabesmi kabeh,
Katranganipun : sedaya anasir wau sareng kataman soroting cahya nukad gaib, lajeng sami katarik urun daya mahanani sipat.
Tan ana jalma kang wruh,
Tegesipun : kedadosan ingkang makaten wau mboten wonten manungsa ingkang sumerep.
Yen weruh apurwane dadi,
Katranganipun : namung wonten seserepan dhateng purwaning dumados, punika dudununganipun namung pangertosan.
Candi sagara wetan,
Ingkang dipun upameaken makaten wau katranganipun surya.
Ing ngobar karuhun,
Kayangane sang tunggal,
Katranganipun : wiwitanipun wonten sipat inggih punika : anasir sejati wau kataman soroting cahyo nukad gaib, lajeng mahanani sipating kaalusan awujud cahya, kawastanan roh ilapi.
Sapareke kang jumeneng mung artati,
Tegesipun :sinten ingkang jumeneng ing cahya wau, sejatosipun mboten sanes inggih namung ingsun.
Katon tengahing tawang.
Tegesipun : saget katingal sarana netra kaalusan dumunung satengahing tawang.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar