Translate

Jumat, 13 Februari 2015

Babad Wono Wilotikto

Pun Winejang rinaras kidung, lamlaming bawana ari, manoni jagad kang endah, andamel sengseming pangeksi.

Pisowanan Agung ing Dahana Pura nagari, ingkang lenggah ing dampar kencono inggih Sang Maha Prabu Sri Aji Jaya Baya kukuwung tejo kuwangwang arsa miyak sasmiteng rat inggih titisipun Sang Hyang Suman, kaering dening para widodoro-widodari soho para Dorandoro-Dorandari, ing ngarsaing Sang Aji sami pada moro sebo, ing ngayun putra kinasih Sang Adipati Mulwapati inggih Rahadyan Anglingdarma, soho putri kang kawuri Sang Maha Ratu Angin-angin, sawingkingipun katon Maha Patih Rahadyan Daha saha Patih Dalem Rahadyan Daka, katah para narendra ing Nuswantara kang sami angrawuhi, katingal saking jaman Kala Kukila : Sang Maha Prabu Radite, Sang Maha Prabu Tumpak Saniscara, Sang Maha Prabu Anggara, saking jaman Kala Tirta : Maha Prabu Selo Argo, saking jaman Kala Wisesa : Maha Prabu Batara I’Kling, saking jaman Kala Sakti : Susuhunan Amangkurat Agung, soho tasih katah narendra gung Binatoro saking pinten-pinten jaman.

Para punggawa saha sedoyo nayaka praja kang nderek pisowanan ngantos luber dumugi alun-alun kedaton Dahana Pura. Ing pambikaning Rembag Sri Aji nimbali keng putra inggih Raden Anglingdarma soho keng putu Maha Prabu Batara I’Kling soho Amangkurat Agung kang pun lenggahi dening Wahyu Erocokro. Amergi sampun ngancik dawahing janji kedah wangsulipun Wilwatikta kang dek ing nguni katitipaken dening tiyang monco.

Sang Aji sanget anggenipun anggadang Raden Anglingdarma supados inggal nuntuni dening para putu kang wonten ing tlatah emperan Wilwatikta, para putra kang kaemong dening Susuhunan Amangkurat Agung, Rahadyan Anglingdarma sigra ngestokaken dawuhing Sang Aji lajeng nyuwun preso dening Susuhunan Amangkurat Agung, saksampunipun pun jarwaaken dening susuhunan Amangkurat Agung, Raden Anglingdarma nyuwun keng rayi inggih Maha Ratu Angin-Angin supados dedemitan ambiyantu dening para putra momonganipun Amangkurat Agung.

Dereng rampung anggenipun rembagan katungka rawuhipun Ditya Kala Gatika kang kautus dening Sang Hyang Batara Kala, Ki Patih Ditya Kala Gatika kaderekaken poro wadyabala saking Kahyangan Pasetran Gondolayu. Rawuhipun Sang ndiyu nyuwun mekso supados Ni Mas Angin-Angin mboten mbiyantu poro putu ing Arcapada anggenipun mbikak jatining Nuswantara, salang surup anggenipun rembag dumugi sulaya, Ditya Kala Gatika kagebag mundur dening Rahadyan Angingdarma, Wadyabala saking Kahyangan Pasetran Gondolayu bosah-baseh pun gebug kaliyan Raden Daka, Sang Kala Gatika lajeng wangsul makahyangan kaering dening para wadyabalanipun lepas saking ponang pandulunipun Raden Anglingdarma.

Lajeng amrepegi keng Rayi Ni Mas Angin-Angin, sacekaping rembag Raden Anglingdarma soho keng Rayi jengkar mring ndalem Wonocatur, rawuhipun narendra kekalih punsungkemi punprepegi dening Endang Juwiri soho Dewi Kadita, ing rembagan saking ndalem Wonocatur sampun pun tata anggenipun miwiti jumedulipun Wilwatikta.

Ing emperan nagri Wilwatikta kang sampun dipun sabda mboten saget sumewo (melihat) Wilwatikta, Ki Lurah Tunggul Jati Jaya Amongrogo soho Ki lurah Sepuh paring pitedah dening para putra supados enggal miwiti miyak jatinipun ardi Lalakon kang wonten ing tlatah Magadha, para putra kang ngadep inggih Sang Mayangga Seta, Sang Sasratama Aji, Sang Maheswara, Sang Subrata.

Poro putra lajeng ngempalaken poro sanak kadang angginipun miyak jatinipun Lalakon, sasampunipun rame ngantos monco nagari Ditya Kala Gatika soho Ditya Kala Srenggi angrasuk dening putranipun Ditya Kala Kendi, soho Ditya Kala Jantaka supados angreridu lakuning poro trah jayeng katon anggenipun mbikak jatining Nuswantara.

Sumewo menawi bakal wonten perang brubuh kang andadosaken katah kawulo ing sukuning Kacu Mas Lalakon bakal dados bebantening pasulayan, para jayengkaton dipun timbali keng eyang Amangkurat Agung miwiti mbikak alamipun kajimanipun Ni Mas Pagedongan supados saget trewaca sumewo kaliyan poro kawulo kang gesang ing emperanipun Wilwatikta. Ing dinten Radite Kasih poro putra siogo nampi rawuhipun keng eyang Amangkurat Agung, kang rawuh ngasta pawarta bab urut-urutanipun miyak jatining Nuswantara, poro putra sendiko dawuh lajeng miwiti nuntuni tata cara anggenipun ngawuningani pratandanipun wontenipun Wonocatur ing Segoro Kidul.

Dereng sangkep anggenipun nuntuni sampun bade dipun rebat kaliyan anak putunipun Ditya Kala Gatika kang nyamar dados tiyang Kadipaten Ngastrali soho Kadipaten Kalinggis kang drabeki anggenipun dados tiyang kang miwiti nemu Kadipatenipun Ni Mas Pagedongan, tanpa mangertos sampun dipun plesetaken kaliyan Tumenggung Surenggono saking Seganten Kidul, dados mboten bakal nemu utawi sumewo papanipun Kedaton Wonocatur.

Sak sampunipun bade dipun rebat bab Wonocatur, Rahadyan Anglingdarma paring pitedah dening Sang Mayangga Seta supados miwiti nuntuni tata cara miyak jatining Wilwatikta, amargi Wilwatikta bade kawiyak saksampunipun rawuhing Sang Hyang Batara Kaneka Putra.

Ditya Kala Kendi soho Ditya Kala Jantaka sanget ajrih menawi kawiyakipun Wilwatikta, lajeng andamel gara-gara supados Mayangga Seta sakadang mboten saget miyak kawontenanipun Wilwatikta, agenging gara-gara amargi Sang Hyang Batara Kala ugi duka amargi bakal mboten gadah kang saget pun tadah kalamangsa, agengipun gara-gara andamel gugrukipun ponang ardi, Bumi gonjeng langit miring.

Ing kahanan kados mekaten Hyang Brojomusti inggih putra pembayun Batara Indra sigra angrasuk nunggal raga kaliyan Mayangga Seta, Sang Sela Argo nitis dumateng Subrata, Hyang Rawi manunggil dumateng sang Sasratama, Hyang Jandun Wacana manunggil dening Maheswara, anglajengaken miyak Wilwatikta, Kusuma taruna tama mbek suci ngupaya wening linawuran.

Dening Gusti, wus mantun dennya piningit, kinen nyapih sami, sigra nindakake pikolehing Gusti, angrabaseng perang tanpa wadya bala, parandene wadyabalaning mboten kaeksi, pun dombani dening luhur, katungka rawuhipun ngasto lintang kemukus kang dawa ngalu-alu pitung dinten pitung ndalu.

Rawuhing Sang Kaneka Putra damel ajrihing para ndiyu, poro drubikso sigra wangsul mring dangkaneki ing Pasetran Gondolayu, andamel cetha. Rawuhnya sang Batara, parmaning jroning papan piningit, mila miwiti mbikakipun tratag rambat, kang limunan sansaoyo dangu kaeksi ing pandulu, kumenyar prapdiptanira, amadangi sajagad ageng, sumarmaning tan lestantun, hamemayu harja harjanti Nuswantara wangsul kados dek ing nguni.



Artinya 



Seperti yang telah dinubuatkan selaras lagu, bumi yang sedap dipandang, menyaksikan semesta yang indah, menakjubkan siapapun yang melihatnya.

Pertemuan besar di Negara Dahana Pura, yang duduk di singgasana ialah Sang Maha Prabu Sri Aji Jaya Baya yang diselimuti sinar pelangi (aura), membuka isyarat semesta, dialah titisan Sang Hyang Suman, diiringi para widadara-widadari dan para darandara-darandari. Di hadapan Sang Aji telah hadir menghadap, yang di muka adalah putra terkasih Sang Adipati Mulwapati yaitu Rahadyan Anglingdarma, juga anak perempuan bungsunya Sang Maha Ratu Angin-Angin. Di belakangnya tampak Mahapatih Rahadyan Daha dan Patih Rahadyan Daka. Banyak para narendra di Nuswantara juga hadir, tampak dari jaman Kala Kukila : Sang Maha Prabu Radite, Sang Maha Prabu Tumpak Saniscara, Sang Maha Prabu Anggara. Dari jaman Kala Tirta : Sang Maha Prabu Selo Argo, dari jaman Kala Wisesa : Maha Prabu Bathara I’Kling, dari jaman Kala Sakti : Susuhunan Amangkurat Agung, juga masih banyak nerendra luhur penguasa jagad dari berbagai jaman.

Para punggawa dan semua pejabat Negara menghadiri pertemuan sehingga meluap hingga alun-alun kedaton Dahana Pura. Pada saat menyampaikan sambutannya, Sri Aji mengundang sang putra, Raden Anglingdarma dan juga sang cucu Maha Prabu Bathara I’Kling, serta Amangkurat Agung, yang kesemuanya dinaungi Wahyu Eracakra. Sebab sudah waktunya janji kembalinya Wilwatikta, yang pada masa lalu dititipkan pada orang manca (asing).

Sang Aji sangat mengharapkan Raden Anglingdarma secepatnya menuntun para anak turun yang tinggal di tepi Wilwatikta, para putra yang diasuh oleh Susuhunan Amangkurat Agung. Rahadyan Anglingdarma segera menjalankan perintah Sang Aji, kemudian meminta penjelasan dari Amangkurat Agung. Setelah mendapatkan penjelasan cukup dari Amangkurat Agung, Rahadyan Anglingdarma meminta adiknya yaitu Maha Ratu Angin-Angin, membantu secara rahasia para putra asuhan Amangkurat Agung.

Belum selesai pisowanan terhelat, terganggu oleh kedatangan Ditya Kala Gatika yang diutus oleh Sang Hyang Batara Kala. Ki Patih Ditya Kala Gatika datang dihantar para bala pasukan Kahyangan Pasetran Gandalayu. Kedatangan sang raksasa ini untuk memaksa Ni Mas Angin-Angin agar tidak membantu para anak turun di Arcapada sehingga menyingkap tabir sejatinya Nuswantara. Terjadi kesalahpahaman dalam musyawarah, sehingga menjadi perselisihan. Ditya Kala Gatika dipukul mundur oleh Rahadyan Anglingdarma. Para bala pasukan Kahyangan Pasetran Gandalayu cerai berai di hajar oleh Raden Daka. Sang Kala Gatika dan bala pasukannya berhasil menyelinap kemudian melarikan diri kembali ke kahyangan.

Setelah bertemu sang adik, Rahadyan Anglingdarma dan Ni Mas Angin-Angin bersepakat untuk pulang ke Kedaton Wonocatur. Kehadiran mereka berdua disambut hormat oleh Endang Juwiri dan Dewi Kadita. Di Kedaton Wonocatur mereka mempersiapkan kemunculan kembali Wilwatikta.

Di tepian negari Wilwatikta yang telah disabda tak mampu melihat Wilwatikta, Ki Tunggul Jati Jaya Amongraga dan Ki Lurah Sepuh memberi petunjuk pada para putra supaya segera memulai menyingkap sejatinya Gunung Lalakon yang ada di wilayah Magadha. Para putra yang menerima petunjuk adalah Sang Mayangga Seta, Sang Sasratama Aji, Sang Maheswara, Sang Subrata.

Para putra segera mengumpulkan para sahabat untuk menyibak sejatinya Lalakon. Setelah hal ini menjadi tersohor hingga manca negara, Ditya Kala Gatika dan Ditya Kala Srenggi merasuk pada anaknya, Ditya Kala Kendi dan Ditya Kala Jantaka supaya mengganggu dan mempersulit upaya para trah jayeng katon dalam menyibak jati diri Nuswantara.

Menyadari bakal terjadi pertumpahan darah yang akan membuat jatuh banyak korban masyarakat di kaki Kacu Mas Lalakon, para jayeng katon diminta menghadap sang kakek, Amangkurat Agung. Mereka diperintahkan menyibak tabir alam rahasia Ni Mas Pagedongan, supaya jelas tampak oleh masyarakat yang tinggal di pinggiran Wilwatikta. Di hari Radite Kasih (Minggu Kliwon), para putra bersiap menyambut kehadiran sang eyang, Amangkurat Agung, yang akan datang membawa pesan perihal runtutan menyibak jati diri Nuswantara. Para putra siap melaksanakan perintah dan segera memulai menyebar berita dengan tata cara yang dituntunkan, untuk memberikan tanda keberadaan Wonocatur di Segara Kidul (Laut Selatan).

Belum lengkap upayanya, sudah akan direbut haknya oleh keturunan Ditya Kala Gatika yang menyamar menjadi orang-orang dari Kadipaten Ngastrali dan Kadipaten Kalinggis yang mengaku berhak menemukan Kadipaten Ni Mas Pagedongan, namun mereka tak mengetahui telah dikecoh oleh Tumenggung Surenggana dari Laut Selatan, sehingga tak akan mungkin menemukan Kedaton Wonocatur.

Setelah peristiwa hampir diperebutkannya Wonocatur, Rahadyan Anglingdarma memberi petunjuk kepada Sang Mayangga Seta untuk memulai menyibak sejatinya Wilwatikta, dikarenakan Wilwatikta akan tersingkap setelah kedatangan Sang Hyang Batara Kaneka Putra.

Ditya Kala Kendi dan Ditya Kala Jantaka sangat khawatir apabila Wilwatikta tersingkap, lalu mereka membuat onar dan reka daya kepada Mayangga Seta dan sahabat-sahabatnya, agar mereka gagal menyibak Wilwatikta. Kekacauan membesar dengan kemarahan Batara Kala, yang juga murka karena kehilangan korban untuk dimangsa. Kekacauan besar ini hingga merontokkan gunung, mengguncang bumi dan memiringkan langit.

Dalam keadaan seperti itu, Hyang Brajamusti yaitu putra sulung Batara Indra segera merasuk dalam raga Mayangga Seta, Sang Selo Arga merasuki Subrata, Hyang Rawi merasuk Sasratama, Hyang Jandun Wacana merasuk Maheswara. Mereka bersatu padu menjalankan tugas menyingkap tabir Wilwatikta. Para ksatriya berhati suci berjuang sepenuh diri.

Oleh Gusti, setelah usai disembunyikan, segera dilepaskan (disapih), segera menjalankan tuntunan dari Sang Maha Pencipta, maju berperang tanpa pasukan, bala tentaranya tak tampak, dikawal oleh para leluhur, kehadirannya membawa lintang kemukus (komet) yang panjang sekali hingga tujuh hari tujuh malam.

Kehadiran Sang Kaneka Putra membuat gentar para raksasa jahat, para pembawa malapetaka kembali ke muasalnya di Pasetran Gondolayu. Membuat keadaan tenang. Hadirnya Sang Batara, di tempat yang tersembunyi (sakral), mulai tersingkap tratag rambat (penghubung), yang tersembunyi rahasia semakin dapat disaksikan mata lahir, cemerlang sinarnya, menerangi semesta, kesedihan tidak selamanya, membangun kembali dengan sempurna keselarasan dan kejayaan Nuswantara seperti sedia kala dan sepanjang masa.

Hamemayu harja harjanti Nuswantara…

Hayu…hinayu…hinayu-hayu Nuswantara !!!

Dirgayur hayu kintu sang anurat…

katon nyata tan netra

Tidak ada komentar:

Posting Komentar