Translate

Jumat, 24 Maret 2017

Kisah Karomah Kyai Pengulu Mataram

Kocapo Pengulu Mataram banget ngungun weruh lelampahan Sultan Agung lan Panembahan Purboyo mau,margo anggone ngetingalake kadigdayan.

Mulo soko iku Kyai Pengulu bakal golek dalan anggone ngetingalake kramate Kanggo nyobo mring Sang Noto,nanging Sang Noto wus pirso menowo mesti bakal dicobo mring Kyai Pengulu.

Ing wayah isuk mbeneri Sasi romadhon Sri Noto utusan Kyai loro di kon rerasan ono sak ngarepe Kyai Pengulu menowo piyambake Sri Noto ora siyam.bab iku mau klakon katindaake. Kyai Pengulu ugo wus midanget kanti widjang.mulo ganti isuke Pengulu banjur sowan marang Sri Noto kairid katib loro kang wus buntas marang kitab agomo. Sri Noto anggone manggihi Pengulu jinarak sinambi dahar. Dene Kyai Pengulu wus ngandel Yen menowo Sultan ora siyam temenan. Kyai Pengulu nuli ndengengek sarwi nudingi Matur sirih cucut sembrono parikeno,nanging semu wedi "oh lagi tumon iki ono Panjenengane Ratu Wali Panotogomo Sasi romadhon ora siyam, e ngendi ono Kholifah dadi panutan teko ora keno diturut, kitab opo kang muruk mangkono iku??"

Midanget celatune Kyai Pengulu mau Sri Noto ora ketingal duko, malah sajak mesem kanti ngendiko aris "Kakang Pengulu ingsun kok kurang damang mungguh opo kang dadi aturmu" Kyai Pengulu munjuk atur "sababipun punopo dene ing wanci siyam kok mboten siyam"

Sri Noto ngendiko "panjenenganku wus pirso Yen iki Sasi Poso, nanging kang Poso rak sasine, dadi ingsun rak ora salin sasine" Kyai Pengulu Matur "kados pundi Gusti kerso Dalem??? Abdi dalem Ageng alit ingkang sampun islam manut syaringat Rosul sedoyo sami siyam. Abdi dalem ingkang ngencengaken manut dawuh dalem. Nanging menawi sak mangke sami mireng Yen Paduko Mboten siyam horak sedoyo mboten sami siyam"

Pangendikane Sri Noto "Kakang Pengulu... ojo dadi kleruning panglimumu... ingsun iki rak Kholifatulloh opo ora bedo karo kawulaningsun???" Kyai Pengulu Matur "menawi sanes sanget.. awit sariro dalem puniko Noto wewakiling ALLOH djumeneng Noto ngasto bawat pengadilan. sareng kawulo ingatasipun jisim syahwat sare seni kaget wungu supe maras gumujeng gerah sedo.. puniko sami kemawon kaliyan kawulo alit" Sri Noto kepiye mungguh Poso ne kawulo iku... Kyai Pengulu ngaturake mungguh Poso ne kawulo dalem iku menowo wayah bangun sahur,dene ing wayah bar surub buko. Sri Noto ngendiko "opo Yo Wis Poso tenan Yen Wis mangkono iku... Pengulu Matur menawi inggih sampun.

Sang Noto dahar ature Kyai Pengulu banjur kadawuhan mundur soko pisowanan.. nanging esuke kadawuhan marak sowan maneh.

Isuke Kyai Pengulu sowan ngarso Noto watoro jam 8 isuk... duwure dhampar kang dilenggahi wus sak watoro setengah depo, jam 9 dhampar kang dilenggahi duwure wus rong depo, bareng jam setengah sepuluh duwure wus telung depo..

Sakabehing nyai cethi manggung beboyo ampil ngadep podo kaget kontrang kantringan. Saknaliko banjur ono angin teko semiyut mowo Gondo ngambar Arum ngebaki kedhaton. Sang Noto banjur ngendiko "Kakang Pengulu siro kariyo ngrekso prodjo.. ingsun sarehne bakal amor karo bangsaning kang podo nubuwwah sab ingsun Poso bedo karo pasaniro"

Poro Putri mireng kanti pono menowo ingkang Sinuhun bakal kundur sak sariraniro amargo dipekso Poso mring Kyai Pengulu.. banjur podo duko karo Kyai Pengulu kang akeh2.

Kyai Pengulu banjur gugup lumayu ing pawon golek sego,bareng wus entuk sego wadhang banjur di sawatake mring dhampar dalem kaangkah klebune... ndilalah kersane ALLOH dhampar banjur mudun maneh. Kyai Pengulu banjur sumujud kanti tetembungan kang welas asih, menowo Sang Noto keparengo nora siyam, supados kawulo dalem kang podo tetanen sami medal anggenipun tetanen soho tentrem ing gesangipun. Sang Noto nuli ngendiko menowo kabeh pratikele Kyai Pengulu bakal didahar. Wusono Kyai Pengulu nuli kaganjar banjur kadawuhan kundur.

Sak tekane ing dalem Kyai Pengulu banjur nglumpukake putro wayah lan santri... kawulang mungguh totocorane suwito marang Noto.sarto kasumurupake sejatining Sri Noto.mulo kudu ngayem daharing Noto lan ojo demen ngremehake mring liyan. senajan to iku mau wong cilik.. watak kumaningsun utowo kumalungkung kudu di edohke.

Panutupe wedjangane Kyai Pengulu marang poro kang sami ngadep.. kapurih podo ngestoake dawuhing dalil qur'an lan hadist. Nyumurupono ijmak sarto mangertiyo marang trap-trapaning qiyas.

Kacarito ing sak jeroning kedhaton lagi ono pasamuan mbarengi tingalan gede wiyosan dalem.

Ki Patih putro wayah dalah nayakaning prodjo dene monco negoro amerloake sowan. Ananging amung Kyai Pengulu kang durung sowan. Mulo banjur utusan gadhek timen nimbali.

Kyai Pengulu Matur sendiko... ananging menawi kinen ndungani mboten purun. utusan kunjuk atur opo anane... nanging katungko metune ambengan hajat dalem Sri Noto kang akeh banget.

Mireng ature gandhek utusan mau. Sri Noto duko banget.... banjur utusan maneh di kanti tumenggung martolulut lan tumenggung singonegoro... dawuh dalem Sri Noto menowo mogok kinen mejahi dene darbeke kadawuhan njarah rayah. utusan sigro age2 mangkat. Nanging sak tekaning omahe Kyai Pengulu kaget banget... awit tinemu suwung.omah kinancingan kabeh. barang darbeke rojokoyo iber2an podo ora ono. Lawang butulan di agrek2 nuli ono sworo grak-grek ngengaake lawang... byak lawang2 sakolo podo mengo kabeh. Nanging tinemu suwung. Dene kang ono amung arupo jontro kang tansah Mubeng sarto mingsar mingser.

Utusan banjur bali atur uningo mring Sinuhun... nanging Kyai Pengulu wus marak sowan ngarso Noto.. nuli kinen ndungani... nanging mekso ora gelem... amargo menowo Sing ndungani Kyai Pengulu bakal ora keno di dahar.. nanging Sri Noto mekso kudu Kyai Pengulu kang ndungani.

Kyai Pengulu kapekso ndungani hajat dalem margo ajrih marang ngarso dalem Noto.

Kocapo!!! Lagi oleh sak aminan.. ambengan podo obah... rong aminan obahe sansoyo ruso...soyo suwe obahe ambengan koyo gabah den interi. Sego podo dadi beras nglumpuk podo tunggale.bangsane pring mlumpuk dadi pring glondongan. Ingkung dadi pitik.gereh dadi iwak. Podo pating bleber pating kleper ora karu2an. Andadeake kagawokane kang podo mangesti. Kabeh podo ngungun marang kramate Kyai Pengulu.

Sri Noto banjur dawuh bubaran lan sore kadawuhan marak maneh awit kabeh ambengan bakal dimatengake disik.

Poro wadyobolo tansah podo nyuwur2ake kadigdayane Kyai Pengulu... Kang wus trep menowo piyambake kajibah ngembat hukume prodjo Mataram.. Kang biso turut karo ingkang jumeneng Noto. Noto Wali Binathoro sudibyo suro sekti, senopati ne. Prawiro mondroguno.. Pengulu ne gede kramate... Mulo ora muhal Yen gede pangaribawane sinuyutan mring monco prodjo.

Dene sarehne hajat dalem kawetoake maneh kantor sak perlune tanpo ono rubedo..

Masjid thukul gegodhongan

Kanjeng Sultan Agung bakal nyobo maneh tekan sepiro kramate Kyai Pengulu, mulo rodo sak watoro ora kerso tedhak Sembahyang Jum'ah, senajan tedhake amung membo kaji.

Suwe2 Kyai Pengulu nggrahito ora tedhake Sinuhun iku amung nyobo. Kyai Pengulu banjur sowan ngarso Noto mundut pirso sabab punopo Sri Noto ora kerso tedhak mring Masjid Agung Dalem, opo Panjenengane lagi nemu reribet, menowo amung iku wae Kyai Pengulu saguh agawe reno lan tentrem. Nanging Sang Noto ngendiko ora bab iku kang maraake ora tedhake Sri Noto mring Masjid Dalem. Ananging margo ing Masjid kono Hawane ora kepenak tansah prampang wae. Sang Noto kagungan penggalih sak upomo gapuro lan serambi Masjid utowo payone biso metu godonge, rak banjur ora prampang papan mau, lan Panjenengane Sri Noto mesti bakal tedhak ing Masjid kono.

Kyai Pengulu gumujeng latah2 sarwi Matur "duh Gusti pepunden kawulo, menawi amung mekaten ingkang dados kerso dalem kemawon... lha mbok inggih... kaleresan benjang wanci dinten jum'at.. rehning amung Paduko ingkang kinarilan dening ALLOH.. Sak estu bade kelampahan.

Sak kundure Kyai Pengulu kang kinanti ing katib podo ngudoroso, dene semono kang dadi penggalihe Sri Noto, nganti koyo penggalihe dek isih timur wae... panyakrabawane poro katib.. iku rak amung Kanggo nyobo Kyai Pengulu.. Mulo iyo di saguhi pamundute Sang Prabu mau.

Kacarito Sang Noto arso tedhak Sembahyang kadereake upocoro koyo adat saben.. dene kang podo mirsani akeh banget..

Tedhak Dalem sak tekane gapuro Masjid Gede ono sworo kang keprungu wong akeh.. mak byok... bareng karo tekaning angin kang nggondo Arum. Sang Noto lan pendereke kaget banget bareng nguningani gapuro ing Masjid sirape podo ngliko ngepang godonge ngremboko.. dene ing Masjid soko2 podo ngliko.. Ing payone mowo gegodhongan ketel banget.. Mandar wus podo metu janglenge sarto ono kang wus dadi lapen (woh jati).

Poro sentono podo gumun ing penggalih, semono ugo Sang Noto banget reno ing penggalih. Sarto ing batos ngalembono marang Kyai Pengulu.

Kacarito... Ono sak wenehing sentono soko prodjo Palembang aran Datuk Bayu.. dadi durjono ing Palembang kang kondang julige. Kanti datuk telu asli soko Makasar kang aran Daeng Mandaliyu, Daeng Sukardin lan Daeng Anggajin. Kang bakal nyidro Kanjeng Sultan Agung ing Mataram..

Wong papat mau sak tekaning Mataram kebenaran ingkang Sinuhun lagi tedhak Sembahyang Jum'ah ing Masjid Gede. Mulo wong papat iku banjur anawur kawulo lumebu ing Masjid amor poro jamangah. Dene poro prajurit lan kawulo ora podo ngerti Yen di emori wong monco prodjo.

Sak bubare Sholat Jum'ah banjur podo salaman. Surbane Kyai Pengulu mumbul soko sirah tansah nglalang sak nduwure wong akeh. Sang Noto pirso bab iku suko ing penggalih. Suwe2 Surbane Kyai Pengulu namberi Surbane poro Modin, dene kang di samber ugo banjur podo melu Mubeng2.

Surban kang disamber ugo wus ono papat. Surbane Kyai Pengulu bali marang mustakane Kyai Pengulu. Dene surbane poro Modin mau namberi surbane piro Datuk terus bali marang poro Modin maneh.. dene surbane poro datuk banjur tumurun nggrebeg mring tuane dewe2 ubet naleni tangan.

Poro datuk podo bingung arep narik pedange sumedyo ngamuk ora biso.. banjur sakolo awake podo ketalenan.

Sakolo kang podo nyumurupi podo geger saknaliko amargo soko dayane Kyai Pengulu.. bandan papat mau podo metu seko Masjid.. sak tekaning pelataran podo pating pekungkung.

Sri Sultan nuli utusan ndangu bandan papat mau sopo soko ngendi lan opo karepe.

Bandan papat mau podo waloko lan podo tobat nyuwun Urip. Sri Noto ugo paring pangapuro lan wong papat iku kadawuhan bali. Dene Sri Noto banjur kundur angedhaton.

Sarehne Kyai Pengulu wus katon banget kramate sarto kadigdayane nganti misuwur ing monco prodjo. Sri Noto sanget asih banget. Lan menowo Sri Noto tedhak mring negoro ngendi wae Kyai Pengulu mesti didawuhi ndereake.

Dene kang tinanggenah njogo prodjo pinongko agul2le negoro sarto jejeg wengkuning prodjo Kanjeng Panembahan Purboyo yoiku senopati gegedhuging prodjo Mataram.

Mungguh nyatane Kanjeng Sultan Agung lan sang senopati mau kajobo pancen kusumo adhi.. topobrotone kawaranan. Sak sugenge prasasat tanpo dahar. Kyai Pengulu ugo gentur tirakate

Mulo drajading prodjo wingit duwur kawibawane adoh kuncarane tulus kang sami tinandur .

Poro kawulo podo ambeg rahayu tur podo nungkul ing agomo. Anggung nggedeake laku amprih pratitising pati.mulo poro panggede poro luhur ora ono kang kalebon watak kang olo lan kumalungkung.

Dene poro kawulo alit ugo sumurup marang cilike, kang gede asih marang sepodo podo.

Wusono kawuryan asmaning prodjo rahardjo.

Dr kisah sejarah tsb saya berfikir.. andai para pejabat negara kita bertanggung jawab seperti halnya Sultan Agung.. andai para pejabat militer dan kepolisian dan hukum bisa seperti Panembahan Purboyo.. andai para Kyai dan tokoh masyarakat seperti Kyai Pengulu.. dalam mengisi kemerdekaan dan berjuang untuk rakyat... niscaya tdk akan ada demo dan kerusuhan.

Semoga suatu saat kelak ada tokoh negri ini yang meneladani para sesepuh dlm mengatur negara dan menjaga kewibawaan bangsa.

اللهم آرنا الحق حقا وارزقنا التباعة وأرنا الباطل. باطلا وارزقنا الجتنابة

Tidak ada komentar:

Posting Komentar